Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 014 (Jesus' birth)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

2. Wiyosan Lan Njenengi Asma Sang Gusti Yésus (Matéus 1:18-25)


MATÉUS 1:18
18 Anadené miyosé Gusti Yésus Kristus iku sejarahé mangkene: Nalika Maryam kang iku lagi pacangan karo Yusuf, sadurungé tunggal sapaturon, tinemu wus ngandheg marga saka Sang Roh Suci.
(Pirsani Lukas 1:26-38)

Wiwit nonomané Maryam – perawan kang murni, njaga pangandikané gusti ana ing sajroné atiné. Pujiané nuduhaké anggoné sugih kawruh bab Prejanjian Lawas lan kitab para nabi. Sang Roh suci paring wisik marang dhéwéké kanthi paseksen kang éndah bab kaluhuran, kawicaksanan, lan pakaryané Allah kang ngedap-edapi. Maryam, kaya sapérangan para perawan, bisa uga duwé pengarep-arep mbangun rumah tangga kang selaras karo pepinginan atiné dadi dhéwéké marem karo tunangané priya tukang kayu iku. Tunangan diakoni déning wong-wong ing Prejanjian Laws minangka tali paningset kang sah, kanthi mengkono Yusuf disebut dadi ‘bojone” (ayat 19), lan Maryam disebut “bojone” Yusuf (ayat 20)

Sang Kristus dilairaké saka perawan, nanging ora kang wus tunangan:

  • Kanggo nyucékaké palakrama lan muji prekara iku minangka kang “kaajenan” (Ibrani 13:4), orang ngrungokaké wulangan saka roh-roh ala – “kang menging jejodhoan” (I Timotius 4:3)
  • Kanggo jaga perawan pengaji lan binerkahan iku. Pas banget yén ngandhute kudu dijaga déning pacangané kaya Yusuf, lan awit saka iki diuwalaké saka kabéh rasa mangu-mangu lan jubriya ing sajroné panemuné jagat.
  • Supaya perawan binerkahan iku duwé wong kang ngampingi ing jaman nom-nomané kanca ing sajaroné dhéwékan lan lakuné urip, kekancan ing sajroné kangeln, lan kang mitulungi dhéwéke.

Ujug-ujug Maryam nampa sawijing pawarta saka Gabriél lan Gusti Allah dhéwé milih dhéwéké supaya nglahiraké anak saka Roh Suci. Pawarta iki banget déning ngagetaké perawan iku, nanging dhéwéké kanthi andhap asor, lan mbangun turut pracaya marang pangandikané Allah. Anggoné ngandhut iku dudu awit patrape daging, awit Sang Roh suci pancen suci. Saben pratela kang ngandhakaké yén gusti Allah mundhut Maryam dadi sisihané lan entuk anak saka dhéwékee iku sawijing patrap nyenyamah kang ora bisa diapura. Ora prelu mangu-mangu yén biologi modern mbuktekaké anané anak bisa dilahiraké saka perawan tanpa ana bapak kanthi cara kadonyan. Iki kang disebut cloning manungsa. Nanging kabéh wong kang dilahiraké manéh saka Sang Roh Suci, ngerti wadi iki lan nampa kayektén bab rawuhi Gusti Yésus lumantar perawan kang diberkahi.

Maryam ngluhuraké gusti Allah awit rancangan Panjenengané kang banget déning agung. Nanging ing wektu iku uga kahanan kang mengkené iku mbingungaké dhéwéke. Dadi dhéwéké ora banget ngarep-arep Yusuf bakal bisa nampa ceritané awit saka iku Maryam meneng waé lan prcaya marang Gusti Allah kang dadi seksi kanggo dhéwéke. Dhéwéké nandang kasangsaran lan ndedonga nalika dhéwéké ngerti yén dhéwéké bisa dianggep wong wadon sundel lan bisa dirajam nganti mati selaras karo paugeran Musa. Nanging kanthi pracaya marang Gusti Allah minangka juru Selamet, dhéwéké pracaya marang Panjenengané lan kanthi imané iki dhéwéké andadekan barang kang kuduné ora kelakon dadi kelakon utawa dumadiné kaélokan. Kaélokan iku yaiku Putra Allah dadi manungsa lumantar badané. Awit saka imané kang gedhé, dhéwéké dialembana ing jaman ngajaman ing jagat iki. Iman Maryam nyawisaké dhéwéké dadi sarana sesambungan kang pungkasang ing sajroné sambungan pahlawan iman ing sajroné sarasilah Gusti Yésus. Kita bisa sinau saka dhéwéke.

PANDONGA: Kula manembah Gusti Allah ingkang langgeng, awit Paduka rawuh lumantar Putranipun Maryam saking Sang Roh Suci Paduka lan Putra Paduka Yésus miyos lumantar piyambakipun. Kula mboten sanget mangertos kanthi akal budi kula bab kaélokan menika nanging kula manembah Paduka kanthi pujian lan syukur, awit Paduka adamel kula lahir kanthi cara kasukman lan maringi kabisan kula mangertos sinten ta Paduka, lan sinten Putra Paduka lan Sang Roh suci menia, lan kados menapa agungipun pakaryan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa ta tegesé Maryam ngandhut anak saka Sang Roh Suci?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:25 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)