Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 013 (Genealogy of Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

1. Sarasilahé Gusti Yésus (Matéus 1:1-17)


MATÉUS 1:17
17 Dadi gunggungé saka Rama Abraham tumeka Sang prabu Dawud iku ana patbelas turunan, saka Sang Prabu Dawud tumeka ing jaman pambuwangan menyang Babil ana patbelas turunan lan saka jaman pambuwangan menyang Babil tumeka Sang Kristus patbelas turunan.
(pirsani Lukas 3:23-38)

Pat belas kawangun saka (2 x 7). Uga pitu padha karo (3 + 4). Angka 3 nuduhaké marang Gusti Allah Tritunggal, lan angka 4 nuduhaké marang keblat papat jagat; dadi langit lan bumi disambungaké ing sajroné angka 7 ing sajroné mekaré sejarah. Nanging nalika angka 7 dibaléni kaping pindho lan dadi 14, iki ateges kaujudan saka tambahing sejarah kang asipat kealahan saka jagat kita. Iki katon ing loro cuplikan kang dadi bukti bab Allah lan pakaryan Panjenengané ing sajroné urip kita saiki.

Mangsa patbelas tahun katon kaping telu. Matéus ndeleng yén prekara iku meca bab rawuhé Sang Kristus selaras karo waktuné Gusti Allah. Ing kana uga dituduhaké gegayutan rawuhé Kraton Suwarga ing jagat iki. Matéus banget kadudut nyebut gegayutan sarasilah para raja lan kabéh cethané sejarah iku awit dhéwéké ndeleng rancangan gedhé Gusti Allah kanggo keselametan ing njeroné.

Gusti milih Rama Abraham lan andadekaké dhéwéké dadi wiwitan saka sawijining bangsa kang gedhé kang pucuké dumadi ing sajroné raja Dawud. Tibané bangsa iku diwiwiti wiwit jaman Solaiman, lan kahanan politik sebanjuré pecah ing jaman Rehabeam, anake. Sebanjuré krajan sisih elor disirnakaké, banjur wong-wong Yahudi digawa ing sajroné pambuwangan ing Babil.

Wong-wong Yahudi kang bali saka pambuwangan ngreti saka panggulawenthah wulangané gusti Allah yén tujuwan gusti Allah yaiku supaya ana pamratobat lan ora panguwasa, gaman utawa kasenengan, nanging anané urip kang suci kang selaras karo paugeran Nabi Musa, kanthi mengkono wong-wong iku bisa dadi bangsa kang suci lan agung ing sajroné watek wantu andhap asor lan kayektén.

Panggulawentah kanthi kahanan kang lebur ora ngasilaké pikiran kang padha ing antarané manungsa. Wong-wong kang wangkot atiné nampik gusti Allah lan paukuman Panjenengané lan wong-wong gawé putusan mbangun sawijining bangsa kang gedhé kabéh paugeran karo katemenenané dhéwé lan wong-wong mau dadi gumunggung uga gumedhé. Kumpulan wong-wong Yahudi ngerti anggoné ora kuwawa nglakoni urip kang suci, awit saka iku wong-wong mau urip ing sajroné pamratobat lan ajur ati ing ngarsané Allah, ngenténi kanthi eluh pamratobat marang rawuhé Sang AlMasih. Nalika jaman gusti Yésus, wong-wong Yahudi ora ndeleng lelakon-lelakon kang nandhakaké bab rawuhé Sang Juru selamate kang agung kanggo bangsané kang bakal nebus lan amberkahi sajagat kabéh. Nanging Matéus, kang nulis Injil iki, nyathet anané bukti kang wutuh saka sejarah yén gusti Yésus pancen sang Kristus kang diprasetyakaké saka Gusti Allah.

PANDONGA: Kula ngluhuraken Paduka, Gusti Allah ingkang Suci lan Maha Luhur, awit Paduka sampun nyawisaken saking jaman rumiyin bab rawuhipun putra Paduka, lan ngagem para leluhur, para raja lan para nabi supaya nyawisaken margi kagem Panjenenganipun. Paduka motan wirang ngginakaké uga para bandan lan tiyang-tiyang dosa mlebet ing sarasilah putra Paduka. Matur nuwun bilih kula ugi saget kasucékaken ing salebetipun iman lan dados woh panebusan pakaryan Putra Paduka. Kintenipun gesang kula mancaraken kasaénan Roh Paduka ngaturaken pujian kunjuk Paduka lan ngluhuraken asma Paduka.

PITAKONAN

  1. Tanda-tanda apa kang ana ing urutan wektu saka sarasilahé Gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)