Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 003 (Genealogy of Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

1. Sarasilahé Gusti Yésus (Matéus 1:1-17)


MATÉUS 1:1
1 … Gusti Yésus Kristus …

Ing jaman gusti Yésus wong-wong Yahudi isih ngenténi rawuhé Sang Kristus kang wis diprasetyakaké marang dhéwéké 1000 tahun sadurunge. Ing sajroné Prejanjian Lawas, Gusti Allah wis maringi prasetya marang leluhuré, para raja, lan para nabi yén Panjenengané bakal mratélakaké wong saka antarané bangsané kanggo dadi Raja kang agung atas rakyat iku. Minangka tambahan lan anané kamanungsan Panjenengané Panjenengané uga kagungan hakikat keAllahan, kebak karo panguwasa minangka jejeré kang nitahaké lan nyekel pusaraning pemerintahan ing sajroné krajan kang ora bakal ana pungkasané (2 Samuel 7:12-15, Yésaya 9:6,7)

Wong-wong Yahudi, kebak semangat, ngenténi Sang Kristus kang bakal rawuh iku, mliginé nalika bangsa Romawi njanjah bangsa iki. Bangsa Yahudi duwé pangarep-arep Sang Kristus bakal rawuh lan paring kamardikan saka kang njanjah dhéwéké, netepaké Krajan Allah ing jagat iki kanthi kekuatan lan panguwasa andadekaké kutha Yerusalém dadi punjering jagat, lan ngadhili bangsa-bangsa.

Nalika Matéus nulis ukara kang kawitan ing sajroné kitab iki, lan nyeksekaké bab priyayi lanang kang alus bebudené yaiku Gusti Yésus saka Nazaret iku minangka Sang Mesih kang diprasetyakaké, kanthi paseksen iki dhéwéké mbangun keyakinan kang makantar-kantar ing antarané wong-wong kang wis dicawisaké iku lan rasa sengit kang makantar-kantar ing antarané wong-wong kesasar kang nampik Panjenengané. Kabéh wong kang setya kang nganti-anti Sang Kristus lan ngreti Gusti Yésus iku pangejawanthah saka Roh Allah masrahaké awaké marang Panjenengané kanthi iman. Nanging akéh-akéh wong-wong Yahudi nampik awit pemimpin bangsané nampik. Sawise rawuh tanpa gegaman lan tanpa panguwasa kadonyan, Panjenengané malah dipasrahaké supaya disalib. Matéus ora kuatir bab rasa pangigit-igit saka wong akéh lan para pemimpin bangsa iku, lan malah lumawan wong-wong mau kanthi kendel. Dhéwéké nyeksekaké bab kayektén lan nyebut gusti Yésus minangka “Sang Kristus kan diprasetyakaké saka Gusti Allah”. Tembung “Kristus” disebutaké nganti kaping 569 ing sajroné Prajanjian Anyar.

Tembung “Kristus” iku dudu asmané Gusti Yésus. Iki sesebutan Panjenengané kang nuduhaké kalenggahan Panjenengané. “Kristus” ateges Panjenengané kang dijebadi karo kabéh kapenuhan déning Sang Roh Suci. Ing sajroné Prejanjian Lawas, para raja, Imam, lan nabi nampani jebatan nganggo lenga kang gunané kanggo neguhake. Ing sajroné pribadi Panjenengané gusti Yésus manunggalaké panguwasa lan Ratu kang duwé sipat keAllahan. Panjenengané iku Imam Agung kang bener lan uga cempené Allah. Panjenengan ora rawuh kaya kabéh nabi liyané yaiku kanthi sabda Allah kang dipratelakaké marang Panjenengané awit Panjenengané piyambak Sabda Allah kang dadi manungsa. Ing sajroné Sang Kristus dumunung kanthi kabéh kapenuhan keAllahané kableger ing badan. Apa panjenengan pandhéréké Gusti Yésus utawa satruné Sang Kristus.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus Kristus, kula manembah Paduka awit Paduka menika Ratu kula kang diutus Allah, lan Imam agung kula kang setyo. Paduka mindahaken manah kula ing salebetipun kratan tentrem rahayu Paduka. Paduka wulangaken kula supados wanuh Paduka lan panguwasa kasukman Paduka, alusing bebuden, lan kaandhap asor manah Paduka. Paduka énggalaken pikiran kula kanthi makaten kula saget dados warga kraton Paduka ingkang pantes.

PITAKONAN

  1. Apa tegesé gelar utawa sesebutan “Kristus” ing sajroné gegayutané karo Gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:27 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)