Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 002 (Genealogy of Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

1. Sarasilahé Gusti Yésus (Matéus 1:1-17)


MATÉUS 1:1
1 Iki sarasilahé Gusti Yésus …

Akéh-akéh agama sumendhé marang kitab suciné nanging kita, wong-wong Kristen, ora muja kitab. Kita cekelan, lan pracaya marang Pribadi kang ora ana bandhingané kang ngejawanthah dadi manungsa saka sabda Allah. Matéus ora ngetokaké anggoné ngayal kang éndah kaya kang dumadi wong-wong kang nulis novel. Dhéwéké ora didikte déning sawijining roh kang anéh, lan ora krungu suwara-suwara kang ora kanalar ing sajroné kahanan kang ora eling, nanging dhéwéké nyethakaké sugeng lan pangandikan Gusti Yésus saka Nazaret kang ing sajroné panemuné luwih saka pentes nampani kaluhuran lan dikantheni iman kang gedhé. Dadi kita iki kita paseksen saka seksi kang ndeleng kanthi mripate dhéwé babagan sawijining pribadi ing sajroné sejarah lan lelakon kang nyata ing kono Gusti Yésus dicethakaké minangka Ratu, Sang Kristus, Sang Juru Selamet lan Gusti kita.

Tembung “sarasilah” kang disebutaké ing pérangan wiwitan Injil iki ing basa Yunani ateges “Sumber”, “Asal mulane”, “rawuhe,” lan “sumebaré ing sajroné kang ditindakaké ing nalika sugenge”. Wiyose Gusti Yésus ing jagat iki ora wiwitan babagan Anané Panjenengané. Panjenengané wis ana wiwit kelanggengan. Wiyose lan séda Panjenengané ora matesi anané Panjenengané. Panjenengané gesang ing kabéh jaman awit Panjenengané iku Roh Allah, lan awit Panjenengané iku Gusti Allah kang maha luhur lan langgeng. Lan Panjenengané piyambak iku Gusti.

Gusti Yésus saka Nazaret kagungan asma kang liya. Panjenengané nyebut sarira Panjenengané minangka Putra manungsa, Pepadang Jagat, lan Roti Panguripan kang ménéhi panguripan marang jagad iki. Para satru Panjenengané padha ngréméhaké Panjenengané kanthi mestani Panjenengané “Anak Maryam” kang ora duwé Bapak. Nanging para murid Panjenengané ngurmati Panjenengané kanthi sesebutan “Guru”. Asma asli Panjenengané iku “Yosua”. Lan asma kang banget ora ana bandhingané iblis gemeter wedi, nanging malaikat abungah-bungah. Ing sajroné asma iki, tujuan lan karsané Gusti Allah ditemokaké lan ing sajroné aksara-aksara iku ana panguwasa kang duwé kawenangan atas kabéh pakaryan kang asipat kasuwargan. Aku sakanca mewiwiti tafsiran kanthi sedherhana ora nganggo jenengé dhéwé, nanging ing sajroné asma Gusti Yésus kang ngejawanthah saka Roh Allah.

Tembung “Yésus” disebutaké kaping 950 ing sajroné Kitab Suci ing basa Arab, kang nuduhaké yén asma iki luwih penting tinimbang kabéh asma liyané.

PANDONGA: Dhuh, Gusti Yésus, Paduka menika Gusti Allah ingkang langgeng. Paduka dados manungsa supados kula saget ningali panguwaos Gusti Allah ing salebetipun gesang kula lan nampeni panguwaos Sang Roh Suci lumantar pangandikan Paduka. Paduka paringi pangaksami kula atas anggen kawula mboten mangertos lan kekirangan kawula. Kuwaosi kawula kanthi pepadhang supados kula saget wanuh Paduka, pitados dhumateng Paduka, lan ngluhuraken asma Paduka ingkang suci, “Gusti Yésus”, lumantar paseksen patrap, lan atur panuwun kawula.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé wong Kristen ora kacancang marang sawijining buku, nanging masrahaké kasetyan sakwutuhé marang Pribadi Gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 19, 2022, at 02:39 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)