Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 074 (Christ Overcame all the Differences)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 3 - Bebeneré Gusti Allah Ana Ing Uripé Para Pandhéréké Sang Kristus (Rum 12:1 - 15:13)

11. Kristus ngasoraké pambéda ing antarané wong-wong pracaya saka antarané bangsa Yahudi lan sing ora saka bangsa Yahudi (Rum 15:6-13)


RUM 15:6-13
6 Supaya kowé klawan saiyeg padha bisa ngluhuraké Gusti Allah, Ramané Gusti kita Yésus Kristus. 7 Kaya déné Gusti Yésus Kristus enggoné wis nampani kowé, semono uga kowé padha nampanana pepadhamu, kagem kaluhurané Gusti Allah. 8 Awit kaya sing wis dakkandhakaké, yèn Sang Kristus wis ngasoraké sarirané, dadi budhak tumraping wong Yahudi, supaya ngetingalna kasetyané Gusti Allah, uga supaya prejanji-prejanjiné Gusti Allah karo para leluhur, kelakon temenan. 9 Semono uga supaya para wong dudu Yahudi ngluhuraké Gusti Allah, merga sih-rahmaté. Kaya sing katulis ing Kitab Suci mengkéné: "Mila kawula badhé ngluhuraken Paduka, wonten ing satengahing para bangsa, saha memuji asma Paduka kanthi ngidungaken pepujian." 10 Lan uga ngendika mengkéné: "Hé, para bangsa, padha bungah-bungaha, bareng karo umaté kang kapilih." 11 Lan menèh: "Hé, para bangsa, padha saosa puji marang Pangéran, sarta sakèhing taleré bangsa padha memujia marang Panjenengané." 12 Sabanjuré Nabi Yésaya ngandika: "Bakal ana sogol thukul saka tunggaké Isai, bakal jumeneng ngerèh para bangsa sarta iya Panjenengané kuwi sing dadi pengarep-arepé para bangsa mau." 13 Muga-muga Gusti Allah, etuking pengarep-arep, ngebakana atimu klawan kabungahan lan katentreman, amarga precayamu marang Panjenengané, supaya pengarep-arepmu lestari tuwuh déning pakaryané Sang Roh Suci.

Sok sinten ingkang maos Rum bab 9-15 saged mangertos bilih patunggilaning gesang antawisipun tiyang-tiyang Kristen Yahudi kaliya sanes Yahudi, nuwuhaken pemanggih ingkang benten sanget. Pemanggih ingkang benten sanget punika bab tetak/ sunat lan tetedhan ingkang sesambetan kaliyan pepakenipun nabi Musa, lan wontenipun ayat-ayat kagem tiyang-tiyang Yahudi lan tiyang Kristen. Enering pitembunganipun Paulus ingkang kaserat ing Kitab Rum inggih punika. kangge nunggilaken tiyang-tiyang Kristen Yahudi kaliyan sanes Yahudi, lan mbangun treteg ing inggiling jurang ingkang misahaken kalih golongan punika, awit Sang Kristus pribadi sampun nunggilaken sadayanipun. Pramila saking punika, pyambakipun nyerat ing pungkasaning layangipun mekaten “Padha tampa-tinampaa siji lan sijine, nadyan béda-béda asal lan padatane, kaya dene Sang Kristus Yesus ingkang wus nampa lan nylametake kowe. Lan sing sapa mangerti wadining karahayon iki bakal mulyakake Rama, Putra lan Roh Suci bebarengan karo wong-wong liya, tanpa pilih kasih atawa sesengidan.”

Sih katresnan kedah wonten patunggilan ing antawisipun tiyang-tiyang pitados ingkang bénten-bénten, lan sih katresnanipun Sang Kristus langkung ageng tinimbang bénten-béntening kawontenan. Paulus nerangaken wewaton punika dhumateng tiyang-tiyang Kristen Yahudi, lan nedahaken bilih Sang Mesih ingkang kantos-antos sampun dados abdi kagem tiyang-tiyang Yahudi kagem mujudaken kayekten lan kaadilanipun Allah, lan netepi sakathahing janji bab Sang Mesih ingkang sampun kaweca dening para leluhuring iman temah sami saged mangertos bilih kayekten boten bade ewah gingsir.

Sang Rasul nerangaken dhumateng tiyang-tiyang Kristen sanes Yahudi ingkang saderengipun kaanggep najis bilih sami pantes mulyakaken Gusti Allah, awit Panjenenganipun sampun nedahaken sih rahmat lan Panjenenenganipun sampun ngrukunaken Panjenenganipun pribadi kaliyan tiyang-tiyang punika, lan sampun ngangkat tiyang-tiyang punika dados putra lan sami kaenggalaken. Pepujian konjuk Rama lan Putra dening tiyang-tiyang Kristen sanes Yahudi punika dados bukti pepilihanipun wonten ing Sang Kristus. punika ugi dados ksunyataning sadaya janji wonten Prajanjian Lami, awit Sang Kristus ugi dados pepadhang tumrap tiyang-tiyang sanes Yahudi, lan tiyang-tiyang Kristen sanes Yahudi ugi dipun parengaken nderek bebingah wonten ing kabingahanipun Allah, karana Sang Kristus ngersakaken kabingahanipun kapenuhan wonten ing gesangipun tiyang-tiyang Kristen punika (Yok. 15:11; 17:13). Nanging, tiyang-tiyang Kristen sanes Yahudi sampun ngantos kesupen dhumateng tiyang-tiyang Kristen Yahudi, nanging kedah tetep mulyakaken Rama lan Putra kanthi satunggal swanten ingkang kebah ing manah (Pang. Toret 32:43).

Janji-janji ing Prajanjian Lami boten winates dhumateng saperangan alit saking sadaya tlatah, nanging janji-janji dados gadhahanipun sadaya bangsa temah sami saged mulyakaken Ramanipun Gusti Yesus (Jab. 117:1). Ing saleebeting janji ingkang aji punika kita manggihaken kakiyataning karohanen lan karahayon agung tumrap manusa. Sinten ingkang pitados dhumateng Sang Kristus bade nderek lumebet ing agunging sih kadarmanipun.

Nabi Yesaya sampun meca mekaten “Ana trubusan ingkang bakal thukul saka ing tunggaking Isai... ing wektu iku trubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa; kang kaupaya dening para suku bangsa sarta padalemane bakal dadi mulya.” Pameca punika dipun tetepi dening Gusti Yesus, awit Panjenenenganipun lenggah ing sisih tengenipun Rama, lan sadaya pangwaos ing langit lan ing bumi sampun kapasrahaken dhumateng Panjenenenganipun. Gusti Yesus ugi sampun mrentahaken dhumateng para rasulipun supados kesah lan ndamel sadaya bangsa dados siswanipun Sang Kristus supados sami saged katuntun lan kapenuhan dening Roh Suci, lan supados Kratonipun Allah saged saya tuwuh ngrembaka wonten ing gesangipun.

Pandonganipun Sang Rasul dhumateng tiyang-tiyang sanes Yahudi ngemu suraos kangge nyebar pangajeng-ajeng ingkang dados sumber tetunggilanipun tiyang-tiyang pitados. Sang Rasul mbudidaya pikantuk kapenuhanipun kabingahan saking swarga, lan ugi tentrem rahayu saking Sang Ratuning Adil saperlu nyantosakaken iman ingkang yektos ing salebeting tetunggilan kaliyan Sang Tritunggal ingkang suci temah sami saged dados sugih ing salebeting pangajeng-ajeng lan pangwasanipun Roh Suci.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula nyenyuwun dhumateng Paduka lumantar Putra Paduka Gusti Yesus supados kersa nuntun tiyang-tiyang pitados saking bangsa Yahudi supados boten sami ngréméhaken tiyang-tiyang pitados ingkang sanés bangsa Yahudi; nanging supados sedaya tiyang pitados saged mangertosi bilih sedaya sami manunggal dados setunggal kelompok ingkan boten saged dipun pisahaken, lumantar karya pangruwat saking sang Kristus. Paringana dhumateng tiyang-tiyang punika kekiyatan wonten ing sang Kristus, lan iman ingkang sami saéngga sedaya saged manunggil wonten ing kwasanipun sang Roh Suci, amin.

PITAKON:

  1. Kados pundi Paulus ngicalaken pambéda ingkang wonten ing antawisipun jemaat ing kitha Rum?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 10:36 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)