Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 084 (The new commandment)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
B - LELAKON-LELAKON KANG MELU BUJANANE GUSTI (Yokanan 13:1-38)

3. Dhawuh kang anyar kanggo gereja (Yokanan 13:33-35)


YOKANAN 13:33
33 He, anak-anakKu anggonKu tunggal karo kowe mung kari sedhela. Kowe bakal padha nggoleki Aku, kayadene anggonKu wus tutur marang wong Yahudi: Ing ngendi paranKu kowe ora bakal padha bisa mrana, saiki Aku iya pitutur mangkono marang kowe.

Sawise Sang Rama diluhurake ing sajrone Sang Roh, gusti Yesus nuntun kita lumantar maneka werna cara lan dhasar saka iman kita. Panjenengane ora mung manunggal karo kita ing sajroning daging, nanging Panjenengane uga ana ing sajrone Suwarga. Sang Kristus kang wungu iki kasunyatan kang penting banget ing sarjoning jagat. Wong kang ora tepung Panjenengan kang gesang utawa pracaya marang Panjenengane iku wong kang wuta lan kesasar, nanging kabeh wong kang ndeleng Panjenengane bakal urip lan nampani urip langgeng.

Gusti Yesus maringi pangerten marang para murid Panjenengane, yen Panjenengane bakal tindak ing sawijining papan, ing papan kono para murid Panjenengane ora bakal bisa ndherek Panjenengane. Ora menyang papan pengadilan yaiku Makamah Agama kang bakal ngadili Panjenenane, lan uga ora papan kubur kang tinarbuka, nanging bab anggone Panjenengane bakal mikrad ing Kasuwargan. Sang Rama wis ngandika, “Lungguha ing sisih tengenKu nganti Aku andadekake satru-satrumu dadi tumpangan sikilMu”. Gusti Yesus ora ilang saka pendelengane para murid Panjenengane, nanging Panjenengane maringi ngerti sadurunge marang para murid gegayutan sedane Panjenengane lan anggone tangi uga lan gegayutan anggone mingkrat menyang suwarga, lan prekara papan ora ana wong siji wae kang bisa menyang papan iku kanthi nggunakake pambudayane dhewe. Panjenengane wis mbeberake prekara iki sadurunge marang wong –wong Yahudi, nanging wong-wong Yahudi ora bisa ngerti apa kang dibeberake Gusti Yesus iki. Apa bisa para murid Panjenengane ngerti prekara iki nalika tindak khianat iku dumadi? Panjenengane wis agawe para murid dadi perangan anggone manembah marang Sang Rama lan Sang Putra, kanthi mangkono para murid ora perlu kaliput ing keprihatinan lan mangsa tembe kang katone surem. Apa para murid bakal pracaya marang kasetyan Panjenengane, yen Panjenengane ora bakal tahu ninggalake para murid iki? Lan apa kang dadi anggone leladi para murid beberangan ora bakal tahu gagal?

YOKANAN 13:34-35
34 Kowe padha Dakwenenhi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana: Dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresna-tinresnanana uga. 35 Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yen kowe padha dadi siswaKu, yaiku manawa kowe padha tresna-tinresnan”

Gusti Yesus pirsa yen para murid Panjenengane ora bakal sawutuhe ngerti Panjenengane, awit Sang Roh Suci durung di esokake. Para murid wuta tanpa duwe kabisan pracaya, lan uga ora duwe panyurung ati kanggo nresnani, “Awit gusti Allah iku katresnan, lan sing sapa kang ana ing sajroning katresnan wong iku ana ing sajroning Allah lan Allah ana ing sajroning wong iku”. Tritunggal kang suci iku katresnan. Awit katresnan ing antarane pribadi kang ana ing sajroning Tritunggal kang suci iku kamanunggalan kang langgeng. Gusti Yesus kagungan pangarep-arep yen watonan kang ana ing sajroning Tritunggal kang suci iku uga dumadi ing sajroning panguripan manungsa, lan yen sumber kasucen iku dadi nyata ing sajroning para murid-Nya.

Awit saka iku gusti Yesus paring pitutur marang para murid Panjenengane supaya para murid tresna tinresnan ing antarane warga gereja. Panjenengane ora nggunakaken sepuluh aturan dikaya kang ana ing sajroning Prejanjian Lawas, nanging mung siji perintah wae kang ngalimputi kabeh parintah Ilahi. Katresnan iku kalakone saka Paugeran Torat. Nalika nabi Musa menehi bangsane pranatan kang ora gumathok, Sang Kristus nuntun kita marang patrap kang gumatok, dikaya kang ditindakake Panjenengan minangka patuladan kanggo kita. Katresnan iku hakikat saka panguripan gereja. Manawa ana gereja kang mandheg nresnani, mula wong iku ora maneh dadi gereja.

Katresnan iku wadine kepribadian Sang Kristus. Panjenengane kagungan sih kawelasan marang menda-menda kang nyimpang dikaya kang dirasakake dening pangon, lan duwe sih rahmat marang wedhus kang kesasar. Panjenengane ngadhepi para murid Panjenengane kanthi kebak kesabaran lan budi kang alus. Sang Kristus andadekake katresnan minangka pranatan dhasar ing sajroning Kraton Panjenengane. Sing sapa nresnani wong iku ana ing sajroning sih rahmat Sang Kristus, nanging sing sapa sengit wong iku dadi duweke Iblis. Katresnan iku loma lan ora dadi gumunggung. Karesnan iku sabar, duwe pangarep-arep kang becik sinadyano marang satrue, dikaya kang dicethakake makaping-kaping dening para rasul ing sajrone layange. Katresnan Allah ora ana enteke; katresnan iku katresnan kang sempurna.

Kanggone Gereja ora ana tanda kang liya kajaba nyawisake awake kanggo ngaturake korban awit katresnan. Manawa kita nglatih awak kita dhewe supaya leladi mula kita dadi para murid Panjenengane. Kita sinau kaya dene kang diwulangake dening gusti Yesus gegayutan makno saka katresnan kang saben – saben katindakake. Kita urip ing sajroning pangapura Panjenengane, lan kanthi ati kang seneng ngapura wong-wong liya. Manawa ora ana wong siji wae ing antarane pasasmuwan kang gelem dadi luwih gedhe, lan menawa kabeh asukarena awit Sang Roh Kristus wis manunggalake wong-wong iu, mula suwarga bakal teka ing jagat, lan gusti kita kang gesang bakal ngedegake gereja-gereja kang kapenuhan ing Sang Roh Suci.

PITAKONAN:

  1. Kenapa katresnan dadi siji-sijine tanda kang dadi cirine wong-wong Kristen?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)