Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 268 (The Appearance of Christ)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu? -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 6 - WUNGUNĚ GUSTI KITA YĚSUS KRISTUS (Matéus 28:1-20)

3. Ngatingalipun Sang Kritus (Matéus 28:8-10)


MATÉUS 28:8-10
8 wong-wong mau banjur énggal-énggal mangkat saka ing pasarean kanthi rasa wedi lan bungah banget, sarta énggal-énggal padha lumaku rerikatan marani sakabat prelu menerhi pawarta bab mau. 9 Dumadakan Gusti Yésus methukaké lakuné lan ngandika: “Salam!” banjur padha marek, nyungkemi sampeyané lan sujud. 10 Gusti Yésus tumuli ngandika: Aja padha wedi. Padha balia, sadulur-sadulurKu padha kandhanana, supaya padha menyang ing Galilea, ana ing kana bakal padha ndeleng Aku”
(Ibrani 2:11)

Wong wadon loro iku banjur mlayu saka kubur mau. Rasa wedi lan bungah kang gedhé mbereg jangkah-jangkahe. Wong wadon loro mau mbangun turut tembungé malaikat iku lan mlayu marang para murid liyané lan bakal nyaritakaké marang para murid babagan kaluhuran saka Gusti Yésus kang gesang. Kabungahan nambahi kekuatan anggoné mlayu wong-wong wadon mau.

Ujug-ujuk, wong wadon mau ndeleng Gusti Yésus methuki wong wadon iku. Wong wadon iku ora bisa kandha apa-apa ing ngarsané Gusti kang urip nalika wong-wong mau lumaku. Kanthi alus Pnjenengané ngandikan marang wong-wong mau. Panjenengané kang jumeneng ing ngarepe ora mung awujud Roh, lan dudu memedi. Panjenengané ngandika kanthi tembung kang bisa dimangreteni, ora ngipat-ipati satru kang wis nyalibaké Panjenengané lan ora ngasoraké para murid kang wis mlayu ninggalaké Panjenengané. Nanging, Panjenengané malah maringi pawarta tentrem rahayu marang wong-wong wadon iku. Tembung kang kebak kabungahan “Bagea” yaiku sari pati riyaya Paskah.

Sing sapa gelem mangreti apa iku “Bagea” kang asipat ilahi iki kudu ngelingi yén pisahé Gusti Allah karo manungsa kuwi awit jalaran dosa-dosa kita, kang dosa-dosa iku sawijining panerak marang Gusti Allah kang suci. Panjenengané kang suci iku lumawan kita, lan paukuman Panjenengané duwé daya pengaruh sejarah manungsa. Nanging, Gusti Yésus, kanthi nampa paukuman atas dosa-dosa kita dadi gegentené kita séda ing kayu Salib lan ngrukunaké kita kang Sang Nitahake. Kita nampani rukun karo Gusti Allah lumantar Gusti kita ing sajroné Gusti Yésus Kristus. Timbalan kanggo “duwé tentrem rahayu kang kebak kabungahan” yaiku bandha kang gedhé dhéwé kang bisa kita wartakaké marang sapa waé. Gusti kang wungu saka séda yaiku bukti lan jaminan babagan tentrem rahayu kita karo Gusti Allah. Manawa Sang Kristus tetap ana ing sajroné kubur Panjenengané kita ora bakal mangerti, yén kita wis sawutuhé dirukunaké karo Gusti Allah. Nanging, Sang Kristus wis wungu, lan kasunyatan iki négesaké yén Gusti Allah wis nampa pangorbanan Sang Kristus minangka tebusan kanggo kita. Panjenengan iku Cempe kang ora cacat kang séda minanga gegentené kang suci kanggo kita.

Ora ana kaluputan apa waé ing sajroné Sang Kristus. Ing sajroné keselarasan kang sempurna karo Rama Panjenengané Panjenengané wis ngganepi kabéh persyaratan kayektosan. Dadi, Gusti Allah tetep benar, senajana Panjenengané ngadhili wong-wong dosa, awit Panjenengané wis ngganepaké pengadhilan atas kita ing sajroné Putra Panjenengané. Sedulur-sedulur, apa panjenengan wis nampa tentrem rahayu karo Gusti Allah lumantar iman ing sajroné Sang Kristus, kang wungu, lan kang urip?

Sang Kristus ora maringi salam marang wong-wong wadon iku kanthi ngandika “Bagea kowé”. Panjenengané ora meksa tentrem rahayu Panjenengané marang sapa waé, nanging kang agawé kita dhéwé tanggung jawab kanggo nampa utawa nampik tentrem rahayu Panjenengané kang ditawakaké Panjenengané kanthi gratis marang kita. Katresnan Panjenengané ora meksa kita nampa tentrem rahayu Panjenengané nanging kanthi alus nyurung kita kanggo nampani tentrem rahayu minangka wong-wong kang merdeka.

Nalika wong-wong wadon iku ngrumangsani yén Gusti Yésus kang ngadeg ing ngarepe wong-wong mau, wong-wong wadon mau ngrangkul suku Panjenengané manembah Panjenengané lan mbudidaya kanggo ndemek Panjenengané. Panjenengané ora nyegah wong-wong wadon mau ndemek Panjenengané kanthi mangkono wong-wong wadon mau ngerti yén Panjenengané ora mung wewayangan utawa memedi nanging bener-bener sawijining prekara kang nyata lan urip kang bisa disenggol karo badan jasmaniah. Mangreti gegayutan sipat ilahi Gusti Yésus banget nggeteraké para wong wadon iku. Awit saka iku, gusti négesaké sepisan manéh apa kang dingandikakaké malaikat mau marang wong-wong wadon ing cedhak kubur Panjenengané “Aja wedi!”. Kanthi dhawuh iki, Gusti Yésus ngandika supaya kita ora wedi marang pati utawa apa kang bakal dumadi sawise, awit Panjenengané iku bukti saka pengarep-arep kita.

Sakwisé iku Gusti Yésus nyebut para murid Panjenengané kang wis ninggalaké minangka “sedulur-sedulur-Ku”. Apa kang ditindakaké Panjenengané kang banget déning éndah iku nuduhaké katresnan marang wong-wong wadon kang ngluwihi kabéh pikiran. Ing sajroné panandhang Panjenengané séda lan anggoné wungu Panjenengané gusti Yésus maringi marang kita hak Iuwih-luwih kanggo melu cawe-cawe ing sajroné kaananané Panjenengané minangka Putra. Kita wis dadi putra-putra Allah lumantar iman kita marang Putra Panjenengané. Gusti Allah kang langgeng ora manéh duka marang kita awit dosa-dosa kita, nanging wis masrahaké sarira Panjenengané minangka jejeré Rama kita kang suci. Hakim kang langgeng iku mboten manéh ngadhili kita nanging nampa kita minangka sedulur-sedulur kang ditresnani Panjenengané. Kaya agung sih rahmat Panjenengané marang kita kang pracaya yén kita, kang yaiku wong-wong dosa, krungu pengadhilan kang metu saka tutuk Sang Kristus piyambak, “Sedulur-sedulur-Ku”.

Gusti Yésus sebanjuré nimbali para wong wadon iku supaya leladi karo ngutus wong-wong wadon marang para murid Panjenengané kanggo négesaké pawarta saka malaikat kang kandha yén Panjenengané bakal ndhisiki sedulur-sedulur Panjenengané iku marang Galilea lan ketemu karo karo wong-wong wadon ing kana.

Mengkono uga, Sang Kristus kang urip nemoni panjenengan dina iki, ora mung kanggo maringi kabungahan marang panjenengané nanging uga ngutus panjenengan marang mitra lan keluwarga panjenengan supaya wong-wong uga bisa ketemu karo Gusti lan ngalami sih rahmat Panjenengané.

PANDONGA: Kawula ngluhuraken Paduka, Gusti kawula ingkang gesang ingkang sampun wungu saking séda, awit Paduka sampun manggihi para wong wadon ingkang saweg pados layon Paduka, lan selajengipun ningali malaikat lan kubur ingkang kothong. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng dhumateng Paduka awit Paduka maringi dhumateng para wanita kabingahan Paduka, sasampunipun adamel karukunan antawisipun Gusti Allah kaliyan manungsa. Paduka kemawon tentrem rahayu kawula. Paduka andadosaken kawula dados sedhérék-sedhérék Paduka, putra-putra saking Rama Surgawi, kawula ngluhuraken Paduka awit kanthi anggen Paduka wungu, Paduka mbuktekaken kasucén Paduka, lan kamimpangan Paduka atas pati. Paduka andadosaken kawula dados utusan gesang Paduka. Paduka maringi dhumateng kawula gesang kanthi makaten kami saget nglantaraken tentrem rahayu saking Paduka dhumateng sinten kemawon ingkang kepéngin gesang ing salebetipun Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa kang panjenengan sinau saka patemon Sang Kristus karo para wong wadon nalika wong-wogn wadon saka kubur kang kothong iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:57 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)