Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 223 (Parable of the Wise and Foolish Virgins)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

12. Pasemon Para Perawan Kang Wicaksana Lan Kang Bodho (Matéus 25:1-13)


MATÉUS 25:1-5
1 Ing wektu iku Kratoning Swarga bakal kaupamanaké kaya prawan sapuluh, kang mangkat methuk panganten lanang kanthi nggawa diyan. 2 sing lima bodho, sing lima pinter. 3 Prawan-prawan sing bodho mau nggawa diyané ora nganggo nggawa lenga serepan, 4 dené prawan-prawan sing pinter, kajaba nggawa diyané isih nggawa wadhah isi lenga. 5 Nanging sarehné pangantené nganti suwé ora tekan-tekan, prawa-prawan mau padha ngantuk lan banjur turu.
(Lukas 12:35-36, Wahyu 19:7)

Ing sajroné atas tata cara Yahudi, pangantin wanita ngenténi tekané pengantin priya bebarengan karo para mitrané kang bakal teka sakwisé ngancik tengah wengi. Pengantin wanita bakal dikancani déning para prawan kang ngiring, kang nyawisaké awaké ngenténi tekani pengantin lanang. Nalika tekané pengantin lanang, para prawan kabéh metu nggawa diyan lan madhangi dalan pengantin lanang tumuju omah, kanti upacara temu penganten, kanthi mengkono penganten lanang mau bisa mlebu kanthi kabungahan kang gedhé lan riyayan kang suci.

Manut pakulinan kang umum ing wewengan iku, bakal ana sepuluh kang ngiring pengantin wadon. Pakulinan iku dilandhesi marang kasunyatan yén wong-wong Yahudi ora tau nganakaké patemon ing omah ibadah, pagawéan nyunat, riyaya paskah, utawa ngrayakaké omah-omah manawa ora ana sakurang-kurang sepuluh kang teka ing kana. Boas, nalika ningkahi Rut, duwé sepulih wong seksi (Rut 4:2).

Kratoné Allah iku disanepakaké sepuluh prawan kang ngiring, lima ing antarné wicaksana lan lima kang liyané bodho. Sepuluh prawan iku kabéh kapilih. Kabéh iku nampani Sang Roh Suci, nganggo sandhangan bujana yaiku pangapurané saka Sang Kristus, lan ngenténi rawuhé Putra Allah. Wong-wong iku kabéh pracaya marang Sang Kristus lan ngenténi Panjenengané.

Nanging, awit pengantin lanang ora teka nalika isih awan, lan tekané bengi kang peteng lan adhem, mengkono uga Sang Kristus ora bakal teka nalika mangsa-mangsa kaluberané Gereja, nanging ing mangsa-mangsa petenging panganiaya. Kaya kang kita waca ing sajroné pasemon, sepuluh prawan iku katuronan awit sepuluh prawan wis nganakaké pista sadurungé jam-jaman suwéné para prawan mau pungkasané kekeselen. Dadi becik wong-wong Kristen kang wicaksana uga kang bodho mengkono uga bakal dadi ngantuk nalika padha ngenténi. Putra Allah ora bakal rawuh nalika wong-wong mau cemawis. Yaiki karingkihan kita ing sajroné pengarep-arep. Kita ora tegen ing sajroné ngenténi Sang Kristus, nanging kelangan pengarep-arep, lali, lan dadi ngantuk. Gereja kang katuron ing jaman saiki yaiku kaya kang ngiring nganten wadon kang dadi kekeselen lan katuronan nalika benginé teka. Kaya ngapa nggumunaké yén Sang Kristus ora ngelikaké kahanan wong-wong kang katuron, lan Panjenengané wis pirsa babagan iku sadurunge, awit Panjenengané pirsa yén anggoné ngenténi iku suwé, kurang keterangan lan akéhé godha karasa banget abot kanggo kabéh wong pracaya!

Nanging ana beda kang gedhé ing antarané gereja-gereja kang katuron ing pungkasané jaman iki. Sawetara ing antarané kalimputan karo Sang Roh Suci, kamangka kang liyané kothong. Lenga ing sajroné pasemon iku nggambaraké Sang Roh Suci, lan diyan iku yaiku pangandikané Allah, awit panguwasa Sang Roh Suci teka marang kita lumantar Pangandikané Allah lan madhangi kita.

Iya pancen bodhoné para prawan iku kang dadi jalaran para prawan iku ora nyawisaken awake: Para prawan iku nggawa diyan, nanging mung nggawa lenga sethithik. Para prawan mung nggawa lenga kang cukup kanggo diyan iku nalika wektu iku waé, nalika lagi seneng-seneng ing pesta pengantin, kamangka kuduné diyan iku kanggo mapak penganten lanang. Para prawan iku lengané ora cukup nganti tekané penganten lanang, awit anggoné ngenténi kesuwén. Para prawan mau duwé diyan pangakon ing tangané nanging ora duwé kawruh kang bener, uga kasetyan kang cukup kanggo nggawa wong-wong mau lumantar kapeneting kahanan lan coban ing kahanané kang anyar. Para prawan atindak atas landhesan kaduduting ati kang dhuwur nanging ora duwé landhesan panguripan kasukman kang kuwat.

Pitakonan kang kuduné dialamataken marang kabéh gereja yaiku: “ Apa kowé kalimputan karo Sang Roh Allah lan Sabda Allah, utawa sumendhé marang tradisi, upacara, komisi, melu urun lan sumbangan waé?”. Wulangan, pambudi daya lan bandha kadonyan ora kuwasa madhangi, awit panguwasa Sang Roh Suci waé kang nggawa pepadhang ilahi lan langgeng ing sajrponé ati kita.

Sedulur, apa panjenengan tansah maca Sabdané Allah kanggo ngrasakaké kaanyaraké lan ngapalaké sabda mau? Panjenengan kuwataké ati panjenengane! Wulangan kang jero bakal ménéhi panjenengan panguwasa kanggo maekané akéh godha ing sajroné jagat iki.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, Paduka apunten kawula menawi kawula sampun nyupekaké Paduka lan kekathahen dipun repotaken déning prekawis-prekawis ingkang sanés. Paduka apunten gereja lan klompok-klompok menawi gereja lan klompok-klompok sampun ngunderaken kawigatenipun dhumateng prekawis saben dinten lan nglirwakaken rawuh Paduka ingkang tambah caket. Paduka tulungi kawula supados mangertos lan nyepengi prasetya Paduka, lan dum kineduman kaliyan sedhérék-sedhérék sanés kanthi makaten sedhérék-sedhérék menika saget dipun kiyataken kaliyan Sabda Paduka, nampani pangapunten, dipun énggalaken déning Sang Roh Suci, lan sinau sabar ugi pengajeng-ajeng. Paduka welasi kawula kanthi makaten kawula saget dadi wicaksana, lan mboten bodho.

PITAKONAN

  1. Apa ta bedané antarané prawan kang wicaksana lan prawan kang bodho?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on August 14, 2023, at 05:06 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)