Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 202 (The Third Woe)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
B - SANG KRISTUS MELĚHAKÉ LAN NGELINGAKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA YAHUDI (Matéus 23:1-39) -- KUMPULAN KALIMA SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

5. Pamada Kang Kaping Telu (Matéus 23:15)


MATÉUS 23:15
15 Bilai kowé, heh para ahli Torét lan para wong Farisi, heh, wong lamis, sabab kowé padha nyabrangi sagara lan ndlajahi dharatan, supaya oleh won gsing ngenut agamamu sanadyan munga siji bae, nanging yén wis mratobat, kokdadekaké wong naraka, kang tikel pindho alané tinimbang kowé dhéwé.

Ing jaman Gusti Yésus, akéh wong Yahudi nyambut gawé mempeng kanggo nyebaraké agamané kang ora ana bandhingané kang manembah siji Allah ing saindhenging jagat. Nalika iku uga, akéh wong kang wiwit bosen karo dongéngan Yunani lan dewa-dewané kang cecongkrahan antarané siji lan sijiné. Wong Yunani nampa kanthi senenging ati pangertén yén Gusti iku siji, lan nampa sepuluh paugeran lan parintah kang ditata déning Gusti Allah. Nanging pamratobat wiwitan iki kang ditandhani kanthi sunat lan baptisan ing sajroning banyu suwé-suwé wiwit mundhun gunggungé. Underan kawigatené sebanjur malah digenteni déning watonan-watonan paugeran lan pranatan, lan marang apa kang kena lan kang ora kena. Golongan ortodoks ngungkuraké anggoné mbangun turut lan sebanjuré malah dadi luwih keras tinimbang karo wong-wong Farisi kang lelamisan iku. Semangat legalisme iki nuntun marang wangkoting ati, lan ora marang keselametan. Yaiki sebabé Gusti Yésus kudu ngandika gegayutan cangkemé neraka kang tinarbuka marang wong-wong lelamisan lan tinarbuka kanggo para ahli Torét.

Maneka iman nampa pikiran babagan Gusti Allah kang tunggal karo kewajiban kanggo mbangun turut marang paugeran Panjenengané mbangun masyarakate atas landhesan agama lan wedi marang Gusti Allah. Wong Farisi ménéhi pranatan kang keras lan paukuman kang medeni marang wong-wong kang dianggep nerak Paugeran. Nanging, wong Farisi mau ora bisa nampa Cempené Allah kang alus bebudené. Wong Farisi nampik rukun karo Gusti Allah, lan ngrubah makna Sabda Panjenengané. Wong Farisi ora ngerti babagan anggoné kaanyaraké atas landhesan kayu salib, ora mbudidaya nresnani para satruné lan ora duwé tentrem rahayu kasukman ing sajroné atiné. Luwih-luwih manéh, para wong Farisi lumawan kamanunggalan Tritunggal kang suci. Sang Kristus séda kanggo para ahli Torét lan mbudidaya ngrukunaké para wong Farisimau karo Gusti Allah, nanging wong-wong mau nampik (lan isih nampik) keselametan kang di wartakaké marang dhéwéke.

Banget déning mrihatinaké akéhé wong kang isi katuntun déning pemimpin kang wuta, kang mbudidaya nuduhaké marang wong liya dalan panguripan kang ora dipahami dhéwé. “Awit para kang ngawat-awati umatingSun iku wong wuta” (Yésaya 56:10). Senajang kahanané kang dituntun wong wuta iku mrihatinaké, nanging kahanan kang nuntun wuta uga luwih ala manéh. Sang Kristus mratélakaké bilai para panuntun wuta kang kudu tanggung jawab nyangga getihé wong akéh.

PANDONGA: Rama Ingkang Suci, kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka andadosaken kawula minangka para putra Paduka ing salebetipun Roh. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit sampun ngidinaken kawula pindah dhumateng kasucén, katresnan lan asukarena gegayutan sédanipun Sang Kristus ingkang nggentosi kawula, patangen Panjenenganipun ingkang luhur, lan anggenipun rawuh Panjenenganipun ingkang badhé dumugi. Paduka tulungi kawula supados nuntun dhumateng samukawis bangsa Injil tentrem rahayu lan kastresnan Paduka dhumateng para ahli neraka supados sedhérék-sedhérék menika ugi badhé ningali lan nampi Paduka, supados sedhérék-sedhérék menika ugi karibadah dadi para putra Allah lumantar sih rahmat.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé pawarta kang ditindakaké wong-wong Farisi ing pungkasané malah yasa para ahli neraka?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 06:29 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)