Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 201 (The Second Woe)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
B - SANG KRISTUS MELĚHAKÉ LAN NGELINGAKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA YAHUDI (Matéus 23:1-39) -- KUMPULAN KALIMA SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

4. Pamada Kang Kapindho (Matéus 23:14)


MATÉUS 23:14
14 Bilai kowé, hé h, para ahli Torét lan para wong Farisi, heh wong lamis, amarga kowé padha nguntal omahé randha-randha nganti enték, nganggo pawadan ndedonga dawa-dawa, mulané kowé mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot.
(Markus 12:40)

Wong- wong Yahudi kang tuwa duwé panemu dhuwit dadi bukti babagan berkah Gusti Allah ing sajroné panguripané. Wong-wong tuwa nggunakaké kawruhé babagan pranatan lan anggoné pinter babagan ndedonga kanggo nyugihaké awaké dhéwé. Wong-wong mau lunga menyang omahé para randha kang sugih ménéhi pitutur gegayutan karo pranatan warisan, lan nutup pituturé kanthi pandonga kang dawa, kang wis diapalake. Ing dawané pandonga mau pikirané kaunderaké marang gunggungé dhuwit kang bakal ditampa saka randha mau. Sang Kristus melehaké kaculikané lan lelamisané iku ing ngarepe umum, lan nyebutaké hasil saka donga-donga kang mengkono, “ora ana gunane” lan malah bakal kena “bebendu lan paukuman Gusti Allah” atas wong-wong lamis iki.

Sang Krisut ora mada pandonga-pandonga kang dawa kang dadi patrap lelamisan. Manawa donga kang mengkono ora becik, mesti prekara iku ora bakal didadekaké conto. Dadi tumindak kang ala nalika donga kang mengkono digunakaké kanggo ngapusi manungsa. Sang Kristus piyambak ndedonga nganti sewengi muput marang Gusti Allah, lan kita kabereg supaya tansah ndedonga. Awit ana akéh dosa kang kudu diakoni, akéh kang prelu didongakaké, lan akéh kang atasé kita kudu ngaturaken panuwun, lan kanthi mengkono andadekaké donga iku dawa. Nanging donga kang dawa saka wong-wong Farisi iku awit mbaléni, lan mbulet lan kasurung saka watek serakah. Kanthi pandonga kang kaya mengkono wong iku dadi érame wong, dianggep wong kang mursid kang mbangun turut agama, lan kekasihé suwarga. Sang Kristus mada donga-donga kang dawa iku sawijining patrap lamis. Wong-wong kang mengkono wis mesti bisa dipracaya! Awit saka iku, para randha kanthi bungahé ati milih wong-wong Farisi supaya dadi wong kang njaga lan kang ngurus anak-anake. Sawetara iku, mripat wong-wong Farisi iku kaya mripa kang lagi golék mangsan. Pandelengané makaping-kaping katuju marang omah lan bandha saka randha mau.

Apa waé pambudi daya kanggo nyugehaké awaké dhéwé karo leladi Gusti Allah, utawa entuk kauntungan saka wong-wong kang ora ngreti pranatan bakal nampa paukuman kang nglarani saka Sang Kristus kang disebut dadi “paukuman kang luwih abot”. Gusti Allah iku katresnan lan korban, lan sing sapa ora gelem korban lan leladi lagi lumawan hakikat saka Kang Maha Suci. Manawa ana wong nampa kauntungan saka wong-wong liya lumantar kamursidan palsu, mula wong iku yaiku wong lamis kang sabenere.

PANDONGA: Rama kang Suci, Paduka pitulungi kawula supados kawula mboten ngginakaken agami kanggé nyugihaken badan piyambak, nanging tulung kawula supados maringi lan nyumbang langkung kathah malih kanthi makaten asma Paduka kaluhuraken. Utus para abdi Paduka ingkang setia dhumateng para randha supados para randha menika saéstu-éstu nampi tuntungan ingkang samesthinipun. Apunten kawula menawi kawula mboten maélu sedhérék-sedhérék ingkang piyambakan ingkang mboten gadhah mitra utawa tangga. Paduka tulungi kawula supados kawula nyukani pitulungan dhumateng sedhérék-sedhérék ingkang piyambakan, terus ndeodnga lan nyisihaken wekdal kanggi ngladosi sedhérék-sedhérék menika.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé nyalah gunakaké agama disengiti Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 10:19 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)