Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 188 (Jesus Questioned)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)

4. Gusti Yésus Disuwuni Pirsa Dénéng Pinituwaning Bangsa Yahudi (Matéus 21:23-27)


MATÉUS 21:23
23 Gusti Yésus banjur lumebet ing Padaleman Suci. Nalika Panjenengané lagi paring piwulang ana ing kono, ana pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi kang padha sowan ing ngarsané lan matur pitakon: “Panjenengan tumindak makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi? Sana sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”
(Markus 11:27-33, Lukas 20:1-8, Yokanan 2:18, Kisah Para Rasul 4:7).

Para pemimpin agama gumun nalika Sang Kristus nyuceni Pedaleman Allah, lan wong-wong padha rembugan kepiyé nyekel Panjenengané. Nanging, Sang Kristus saré kanthi ayem ing njaban kutha lan sengaja ing ngarepe umum ana ing pedaleman Allah lan mulang kanthi blak-blakan ing ngarepe para satru Panjenengané.

Para Imam Kepala lan pinituwa (yaiku, para hakim saka loro pengadilan kang beda) yaiku para satru utama Gusti Yésus. Para imam kepala nindakaké tugas minangka pengadilan agama kanggo banda iku lan ngudokaké pepakon Torét ditindakaké bangsa iku. Pinituwaning bangsa iku yaiku para hakim saka pengadilan sipil kang ngurusi prekara-prekara sipil (2 Babat 19:5,7,11). Loro golongan iku dadi siji kanggo nyerang Sang Kristus. Kaya ngapa mrihatinaké yén para wong kang duwé kalungguhan embuh iku ing pérangan agama utawa pemerintahan, kang kuduné dadi panyengkuyung kanggo krajan Sang Mesih, malah dadi wong kang lumawan Panjenengane! Ing kené kita nyemak wong-wong mau ngganggu Gusti Yésus “Nalika Panjenengané mucal.” Wong-wong mau ora gelem nampa wulangané Gusti Yésus. Wong kang dadi utusan resmi saka Makamah Agama nekani Gusti Yésus nakoni Gusti Yésus babagan saka ngendi sumber panguwasa Panjenengané. Wong-wong mau wis ngrasakaké panguwasa kang ora mlebu nalar kang dadi kagungané Gusti Yésus lan ora bisa diselaki kaélokan kang ditindakaké Panjenengané nanging wong-wong mau ora ngreti asale panguwasa Panjenengané iku awit wong-wong mau ora dilahiraké saka Roh Allah. Sang Kristus dadi banget nggorehaké wong-wong mau. Wong-wong mau ndakwa Panjenengané karasukan roh ala lan nutup pangerténé marang timbalan Panjenengané. Akéh wong kang ora ngerti yén Sang Kristus iku Putra Allah kang dadi manungsa, kang wis nampa kabéh panguwasa ing Suwarga lan ing bumi.

Akéh-akéh wong – wong Yahudi ora ngreti hakikat saka pribadi kang wis marasaké wong lara, nangekaké wong mati, lan nundhung roh-roh pepeteng. Atiné dadi wangkot lan nampik. Sing sapa ora gelem ngakoni hakikat Sang Kristus tetap ora bakal paham lan prekara iku nuduhaké yén wong iku isih mati ing sajroné dosa-dosané.

Panguwasané Sang Kristus yaiku panguwasa kang agung dhéwé ing donya iki. Sing sapa pracaya marang panguwasa katresnan Panjenengané bakal dilairaké manéh. Pangandikané Sang Kristus tetap bakal ngejur bandan dosa kang kuwat dhéwé lan nundhung roh-roh pepeteng. Ngaturaké panuwun marang Gusti Allah! Isih ana pengarep-araep kanggo jagat iki. Sang Kristus isih makarya ing antarané kita dikaya kang ditindakaké Panjenengané nalika Panjenengané dadi manungsa.

Panguwasa iki ora kasingidan kanggo wong-wong kang pracaya, awit wong-wong pracaya ngreti yén yaiki sumber saka katresnan kang ilahi. Sang Kristus ora bendara kang nistha, lan Panjenengané ora nuduhaké kaagungan Panjenengané marang kita kanthi ngrusak kita. Panjenengané iku panglipur kang kebak sih rahmat lan kabecikan. Kita wis ndeleng kabéh prekara iku nalika Panjenengané nggunakaké panguwasa Panjenengané kanggo nylametaké wong-wong kang mlarat lan mbutuhake. Panjenengan wengakaké jiwa lan pikiran panjenengan marang panguwasa Sang Kristus kanthi mengkono panjenangan bisa dirubah saka dalan-dalan dosa panjenengan.

Becik banget kanggo wong-wong kang duwé panguwasa kasukman, supaya ngaturaké pitakonan, “Sinten ingkang maringi panguwa menika dhumateng kita?” Manawa ana wong ora cetha prekara iki ing sajroné telenging atiné wong iku ora duwé pangarep-arep kanggo kasil. Wong-wong, kang nyambut gawé tanpa jaminan (yaiku, panguwasa kang sah), nindakaké Panjenengnae tanpa nampani berkah (Yérémia 23:21-22).

PANDONGA: Sang Kristus ingkang Maha Kuwaos, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Rama kasuwargan Paduka sampun ngesokaken dhumateng Paduka samukawis panguwasos ing langit lan ing bumi. Paduka ingkang nyepeng kunci pati lan krajan pati. Kawula abingah-bingah lan rumaos yakin awit mboten wonten panguwaos sanés ing jagat menika ingkang langkung saking panguwaos Paduka. Kawula pitados dhumateng katresnan Paduka, lan nampi Roh Suci saking Paduka supados kawilujengan tangga lan sedhérék kawula. Kawula pados kawilujengan kanggo para satru kawula supados pikiranipun karibah, manahipun dipun énggalaken, lan tanga lan sedhérék kawula menika gesang sesarengan kaliyan Paduka lan kunjuk Paduka ngantos selaminipun. Amin.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé ta utusan saka para pemimpin bangsa iku ngaturaké pitakonan marang gusti Yésus gegayutan panguwasa Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 09:06 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)