Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 155 (Jesus First Prediction of His Death and Resurrection)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

l) Gusti Yésus Maringi Pangertén Babagan Séda Lan Wunguné Panjenengané (Matéus 16:21-28)


MATÉUS 16:27
27 Awit Putraning Manungsa bakal rwuh ngagem kamulyané Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekate; ing nalika iku Panjenengané bakal ngganjar marang sawiji-wijining wong manut panggawéné.
(Matéus 13:40-43, Rum 2:6).

Sang Kristus ngorehaké yén ora bakal bisa uwal saka pengadilan Allah. Putra Allah bakal rawuh minangka Putra Manungsa ing sajroné kamulyan Rama kasuwargan Panjenengané kanggo ngadili jagat iki. Sang Kristus mratélakaké, ing ngarsané para murid Panjenengané kanggo ngadhili jagat iki. Sang Kristus mratélakaké, ing ngarsané para murid Panjenengané katarangan bab rawuh Panjenengané ing sajroné kamulyan lan kaagungan asipat kasuwargan (Matéus 13:40-43). Lelakon iki dadi tujuwan saka kabéh sejarah manungsa. Dadi, sapa kang wis nyawisaké awaké kanggo rawuhé Panjenengane? Aja nggugu telenging ati panjenengan kang kandha, “isih ana wektu, lan pengadilan isih suwé”. Panjenengan ya mbak utawa mas, kudu ngreti, yén sesambungan panjenengan karo Gusti Allah ora kacancang déning wektu utawa nyeraki pati. Manawa panjenengan mati dina iki, kepiyé panjenengan bisa sowan ana ngarsané Gusti Allah?

Pagawéan kita uga cemer lan kita ora bisa mbeneraké awak kita. Apa kang bakal panjenengan aturaké ing ngarsané hakim kang adil iku? Panjenengan bakal sowan ing ngarsané Panjenengané ora ana kang diaturaké lan bakal wirang kang gedhé. Apa kang bisa panjenengan aturaké nalika panjenengan ngadeg ana ing ngarsa Panjenengane? Panjenengan ora bakal bisa matur apa-apa ing ngarsa Panjenengané lan ora bakal bisa ndeleng Panjenengané. Panjenengané bakal melehaké panjenengan lan paring dhawuh marang panjenengan, “Lunga saka ngarsaKu, Kowé kang nindakaké piala!” lan mbuwang kita ing geni kasangsaran kang langgeng. Awit panjenengan ora bisa nyingkur awaké dhéwé lan ora manggul salib, mula panjenengan saiki lagi numpukaké paukuman kanggo awak panjenengan dhéwé.

Nanging manawa panjenengan ndhérék Sang Kristus lan manggul salib Panjenengané uga ngakoni dosa-dosa panjenengan, panjenengan bakal krungu pangandikan kang banget nglipur saka putra Allah kang ngandika, “Ya wong ala, Kowé pancen sakawit wong dosa, nanging kowé wis ngakoni kabéh dosamu lan pracaya marang panebusan-Ku. Dosa-dosamu wis diapura awit sesambunganmu karo Aku krana iman. Aku wis nampa kowé lan aku manunggal ing sajroné kowé lan panguwasaKu wis ngrubah patimu dadi panguripan lan kayektén.

Gusti kita Yésus bakal rawuh dadi hakim kang suci kanggo ngedum pituwas lan paukuman, kang ora winates ngluwihi kabéh anggoné ngedap-edapi kang tau diduwéki panguwasa ngendi waé ing jagat iki. Kabéh wong bakal diwenehi pituwas, ora alandhesan apa kang ditampa nalika ana ing jagat iki, nanging alandhesan marang panguripan lan apa kang ditindake. Ing dina iku, kabéh pambalela lan wong kang murtad bakal diukum kanthi kacilakan langgeng, lan kanggoné kang tegen uga setya yaiku para abdiné bakal diparingi pituwas arupa makutha panguripan.

Banjur kepiyé patrap panjenengaen marang paukuman kang langgeng iku? Apa panjenengaen wis disalibaké karo Sang Kristus, lan apa saiki Panjenengané manunggal ing sajroné panguripan Panjenengan? Utawa apa panjenengan isih tetap ilang ing sajroné jagat iki, diukum karo pati lan kacilakan langgeng?

PANDONGA: Dhuh Sang Kristus, Paduka pitulungi kawula supados kawula ngesun suku Paduka, awit Paduka ngesun kawula ing wekdal kawula taksih dosa, nyucékaken ugi ngudusaken kawula kanthi mboten mbayar kanthi makaten kula kedah nyangga paukuman lan lagu awit katresnan Paduka ingkang ageng lan séda Paduka nggentosi kawula. Paduka tampi panggesangan kawula lan sadaya ingkang wonten ing kawula ing salebetipn atur panuwun atas panebusan Paduka, supados kawula saget nerangaké dhumateng para mitra kawula kanthi pitulungan Sang Roh Suci, babagan paukuman ingkang badhé dumugi lan kawilujengan Paduka, para mitra kawula diwilujengaké saking uruping latu lumantar iman dhumateng Paduka.

PITAKONAN

  1. Kepiyé kita bisa uwal saka paukuman kang bakal teka saka Putraning Manungsa?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 07:06 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)