Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 122 (Blasphemy Against the Holy Spirit)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

g) Babagan Nyenyamah Sang Roh Suci (Matéus 12:22-37)


MATÉUS 12:25-30
25 Sarehné Gusti Yésus mirsa pikirané wong-wong mau, banjur padha dipangandikani: “Saben krajan, kang rakyate padha dredah, iku mesthi rusak. Lan saben kutha utawa omah kang wongé padha dredah iku ora bisa lestari. 26 Manawa Iblis nundhung Iblis, iku dadi dredah karo awaké dhéwé; manawa mangkono krajané bisané lestari kapriye? 27 Dadiné yén Aku nundhungi dhemit nganggo jenengé Beelzebul, lah nganggo jenengé sapa yén anak-anakmu nundhung? Mulané anak-anakmu iku kang bakal padha ngadili kowé. 28 Nanging manawa anggonKu nundhuni dhemit iku kanthi panguwasané Rohing Allah, satemené Kratoning Allah wus nekani kowé. 29 Utawa kapriye bisané wong lumebu ing omahé wong kang rosa lan njarah rayah barang darbeké yén wong sing rosa iku ora dibanda dhisik? Manawa uwis, lagi bisa ngrampog omah mau. 30 Sing sapa ora ngrujuki marang Aku, iku nglawan marang Aku, lan sing sapa ora nglawan marang Aku, lan sing sapa ora melu ngumpulaké karo Aku, iku mbuyarake.
(Yésaya 49:24, Markus 9:40, 1 Yokanan 3:8)

Sang Kristus pirsa kabéh kang ana ing pikiran kita ing saben wektu. Panjenengané mbudidaya supaya nyethakaké marang wong-wong kang sengit marang Panjenengané nganti wong-wong ndakwa Panjenengané makarya nganggo panguwasa panggedené sétan-sétan kang sejatiné dakwané wong-wong iku mung rasa jubriya kang ora duwé alesan lan goroh kang ora duwé landhesan. Panjenengané maringi papat katarangan kanggo mbukak pangerténé. Sang Kristus ora nampik wong-wong iku, lan ora ngipati-ipati, nanging nyeraki wong-wong mau kanggo maringi katarangan lan kanggo mbuka mripat atiné.

Jawaban Sang Kristus gegayutan dakwan iki cetha lan pas kanthi mengkono kabéh tutuk bakal mingkem awit kawruh lan katarangan iku, sadurungé Panjenengan nutup cangké kanthi geni lan lirang. Ing kené Sang Kristus nuduhaké anggoné ora mlebu nalar apa kang dadi jubriyané wong-wong iku. Bakal dadi anéh banget, lang banget ora bakal kelakon manawa Iblis nindakaké prekara kang kaya mengkono, awit manawa mangkono mula kraton Iblis bakal ”iku dadi dredah karo awaké dhéwé” kang ing sajroné kabéh karuwétané angel banget bisa dimangérténi.

Ing kené pranatan kang umum dipratélakaké, yén ing sajroné kabéh masyarakat kang dadi jalaran rusak yaiku anané cecongkrahan ing antarané wargané “krajan kang dredah ora bakal lestari.” Tembung iki kanggo saben keluwarga uga. Keluwarga apa kang kuwat banget, masyarakat apa kang banget teguh nganti ora bisa dirusak déning satru lan cecongkrahan? Dredah lumrahé bakal kapungkasan kanthi karusakan. Manawa kita pasulayan, kita bakal ajur. Manawa kita dredah, mula kita bakal dadi mangsa kang gampang kanggoné satru bareng. Lan luwih manéh, “Dené manawa kowé padha kera-kerahan lan pada mangsa-minangsa, pada diawas, aja nganti kowé tumpes-tinumpes” (Galatia 5:15).

Sang Kristus nyethakaké marang wong akéh yén sawijining keluwarga kang cecongkrahan ing antarané awaké dhéwé uga ora bisa terus. Panjenengané uga nyethakaké yén sétan ora bisa nundhung sétan, lan anggoné nundhung roh-roh cemer ora ditindakaké kanthi pitulungané panggedhéné sétan-sétan.

Sang Kristus mratélakaké marang wong-wong yén Panjenengané bisa nyancang roh-roh ala lan mbuwang roh-roh mau sepisan kanggo selawase, awit Panjenengané luwih kuwat tinimbang pemimpiné. Sang Kristus mratélakaké yén Panjenengané nundhung roh-roh ala kanthi panguwasané Sang Roh Suci Allah lan iku sawijining tanda kang cetha lan lambang saka rawuhé Kraton Suwarga. Wong kang kanthi becik mikiraké prekara iki bakal mangerti lan wanuh kayektén iki, lan kayekténan iki bakal dadi cetha kanggoné wong-wong iki. Nanging para ahli Torét iku dikuwasani déning roh ala lan atiné diwangkotaké kaya watu lumawan Sang Juru Selamate, awit saka iku wong-wong iku ora nampani katarangan Sang Kristus lan ora ana kawilujengan uga rahmat saka Panjenengané.

Roh-roh neraka manunggal, senajana roh-roh mau mratélakaké awaké tinarbuka ing Eropa, Asia, lan Afrika. Roh-roh mau bisa nggawa cecemeran ing Amerika kang beda jinisé karo ing Timur tengah. Kala-kala, katoné roh-roh mau perang antarané siji lan sijiné lan padha lelawanan, nanging ing sajroné kasunyatané roh-roh mau lagi ngrusak yutan manungsa, yasa ing sajroné wong-wong mau karem dhuwit, hawa nafsu kan nistha, lan perang kang paten pinatenan. Rancangan si pangawak dursila ing sajroné kabéh prekara iku yaiku mangkotaké ati manungsa marang Allah, lan ngrusak telenging ati manungsa.

Ing sajroné kitab Wahyu, Yokanan Sang Pengijil ndeleng gambaran babagan Iblis duwé sirah pitu, lan saben sirah nguwuhaké cecamah lan goroh kang beda. Nanging saben sirah bebarengan lan manunggal lumawan Gusti Yésus, sang Juru selamet (Wahyu 12:3;13:4). Kayangapa mrihatinaké yén sawetara wong mbudiaya mratobat lan njaluk pitulungan roh ala, kang ora ana gunané becik kanggo awaké uga kanggo pepadhané. Malah gegayutan kang mengkono babar pinsan ora bisa andadekaké uwal. Kosok baliné wong kang njaluk pitutur karo tukang ngramal, tukang tenung, utawa tukang sikir ora bakal nampa kauwalan lan pitulungan, lan mung bakal kajiret tambah njero nganti wong iku pungkasané dadi warga neraka.

Nanging Sang Kristus, kanthi panguwasa Roh Allah, nyancang lan nundhung roh-roh ala neraka saka wong-wong kang kapanjingan. Ngaturaké panuwun marang Gusti Allah yén ana panguwasa kang luwih gedhé tinimbang karo kabéh panguwasa lan pangrimuk kang makarya lumantar ajaran, tradisi lan filsafat kang nyasarake. Panguwasa kang luwih gedhé iki yaiku panguwasa Allah Sang Rama piyambak lan Sang Roh Suci kang ngluhuraké Sang Kristus lan rah Panjenengané. Roh kang suci négesaké marang kita yén Sang Juru selamet, Gusti Yésus, wis ngawonaké Iblis lan para pandhéréké ing kayu salib lan ngracut kabéh panguwasa kawenangané. Sang Kristus iku tukang nelukaké kang ngedap-edapi, lan wong kang mbangun turut marang Panjenengané bakal dimerdekaaké saka bandan dosa lan dakwan neraka, lan bakal dijangkung saka daya pengaruhé nganti salawase. Anggoné nguwalaké wong kang kepanjingan roh ala iku dadi gambaran babagan Krajan Surga.

Panguwasa Sang Kristus luwih gedhé tinimbang apa kang bisa kita mangerti, awit ing jaman iki. Panjenengané duwé panguwasa ing langit lan ing bumi, lan nylametaké wong-wong saka kabéh bangsa. Pracaya bebarengan kawula, sedulur, yén Gusti Yésus wis ngalawaké kabéh roh ala kang aan ing negara panjenengané yén Panjenengané nguwalaké akéh wong saka cancangané roh-roh mau, lan nguwalaké wong-wong saka mentingaké awaké dhéwé, zinah, jubriya lan gumunggung, manawa wong-wong mau mbangun turut marang Panjenengané kanthi kabungahan lan tentrem.

Rancangan Injil Sang Kristus yaiku kanggo nyirnakaké omah si pangawak dursila. Panjenengané rawuh minangka Sang Juru selamet mulihaké manungsa “saka pepeteng marang pepadhang”, saka dosa marang kasucén, saka krajan donya iki marang krajan Suwarga, “saka panguwasa Iblis marang Allah ( Lelakon para rasul 26:18).

Ing sajroné mujudaké rancangan iki, Panjenengané nyancang Iblis lan nundhung roh-roh ala kanthi sabda Pangandika Panjenengané. Ing sajroné nindaké pakaryan iku, Panjenengané ngrampas pedang saka tangan si pangawak dursila kanthi mangkono Panjenengané bisa uga ngrampas teken panguwasané. Sang Kristus mulangaké marang kita supaya paham kaélokan Panjenengané. Nalika Panjenengané nuduhaké kayangapa gampang lan manjur Panjenengané nundhung di pengawak dursila metu saka badané wong kang dienjingi, Panjenengané nguwataké kabéh wong pracaya supaya duwé pengarep-arep yén apa waé kang dienggo déning panguwasané Iblis dipundut déning Sang Kristus kanthi sih rahmat Panjenengané Sang Kristus bakal nyoklek panguwasané. Cetha banget yén Sang Krisus bisa nyancang Iblis. Nalika bangsa-bangsa mratobat saka anggoné manembah brahala marang manembah marang Gusti Allah kang bener, nalika sawetara wong-wong dosa kang ala dhéwé disucékaké lan dadi wong-wong suci kang apik dhéwé, mula Sang Kristus ngrampas omah si pangawak dursila, lan Panjenengané ngrampas luwih akéh mamen saka omah si pangawak dursila.

Ing kené dituduhaké yén perang suci, ing perang iku Sang Kristus kanthi gagah lan kendel lumawan si pangawak dursila lan krajané ora ana kang bisa tetep ora melu kana utawa ora melu kené “kang ora ana ing patunggalanKu iku lumawan Aku”. Sesambungan anané sawetara beda-beda sithik kang bisa uga timbul ing antarané para murid Sang Kristus piyambak, kita diwulang supaya ora nggedhék-nggedekaké anggoné beda antara siji lan sijiné kuwi lan nggoléki kang padha kang ngrukunaké kanthi keyakinan yén para murid kang “ora nyulayani marang kowé, iku dadi nyarujuki (Lukas 9:50). Ing sajroné pepérangan gedhé antarané Sang Kristus lumawan si pengawak Dursila, ora ana cara kanggo rukun kang bakal dumadi, lan ora ana pambudidaya mangun nyambut gawé bebarengan ing sajroné pérangan apa waé gegayutan loro panguwasa iku. Wong-wong kang ora sawetuhé ndhérék Sang Kristus bakal kaetung minangka wong-wong kang lumawan Panjenengané. Wong-wong kang adhem marang pakaryané Sang Kristus bakal dianggep dadi satru.

Apa panjenengané melu cawe-cawe ing sajroné pepérangan iki kanthi iman, donga, dhuwit lan karsa panjenengan? Apa panjenengan manunggal karo Sang Kristus, utawa lumawan Panjenengane? Sing sapa ora perang ana ing sajroné patunggalané sang Kristus ing sajroné pepérangan kang luhur iki bakal dadi satru Panjenengané lan ngrusak awaké dhéwé. Nanging sing sapa kang melu cawe-cawe ing sajroné pepérangan kasukman iki kudu luwih dhisik ngakoni kabéh dosané marang Gusti, urip kabawah pangayoman rah Gusti Yésus Kristus. Lan lumaku ing sajroné budi alus lan andhap asor, lan si pangawak dursila ora bakal duwé panguwasa apa waé atas awake.

PANDONGA: Kawula ngluhuraken Paduka, Rama Kasuwargan, awit Putra Paduka sampun mapanaké panguwaos Panjenenganipun sasampunipun kamimpangan Panjenenganipun atas si pengawak dursila. Dinten menika, kanthi Sang Roh Suci Panjenenganipun, Panjenenganipun nguwalaken manungsa saking bandanipun Iblis, saking roh najis, lan anggenipun wuta ingkang peteng. Kawula pitados dhumateng kamimpangan menika ing antawisipun kawula, lan kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas kamimpangan menika, kanthi makaten kathah tgiyang saget dipun merdekaaken lan kayakinan kang kesasar, lan supados iman kawula dipun wangun atas landhesan katresnan, kajeng salib, lan pangorbanan ingkang dipun teguhaken ing salebetipun gesangipun.

PITAKONAN

  1. Apa kang panjenengan mangerti babagan neraka lan kamenangan Sang Kristus tumrap iblis?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:20 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)