Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 099 (Fundamental Principles of Preaching)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

a) Watonan Pokok Ing Sajroné Kotbah (Matéus 10:5-15)


MATÉUS 10:11-13
11 Manawa kowé lumebu ing kutha utawa ing desa, nitik-nitika wong kang pantes, banjur nginepa ana ing kono nganti salungamu. 12 Manawa kowé lumebu ing omahé wong, ulukana salam. 13 Manawa pantes anggoné nampani, salammu tumanduka ing kono, nanging manawa ora, salammu balia marang kowé manéh.

Sang Kristus ing sajroné Leladi tansah nuruti tuntunan Roh Rama Panjenengané. Sadurungé mlebu ing sawijining kutha Panjenengané ndedonga supaya dituduhaké marang Panjenengané sapa kang pantes nampani Panjenengané ing omahe, awit Gusti Yésus pirsa yén wong kang apik dhéwé ora dadi apik awit saka awaké dhéwé. Wong-wong iku wong-wong kang ngerti piala kang mili ing sajroné atiné lan bisa ngrasakaké larané saka hakikat cemer ing uripe. Dadi, wong-wong iku pantes kanggoné kratoné Allah lan nampa utusan Panjenengané. Suwuno pirsa marang Gusti Allah, ing wiwitan anggon panjenengan leladi, supaya nuntun panjenengan marang wong-wong kang mratobat lan ora marang wong-wong kang marem atas kayektén pribadiné utawa wong-wong sugih kang gumunggung. Wong kang banget duwé pepinginan nepung nugraha gusti Allah iku wong kang nampa Injil tentrem rahayu. Wong-wong kang mlarat ménéhi panjenengan sapérangan rotiné nanging wong-wong sugih, wong sekolahan, lan kuwat uga kang gumunggung duwé pikiran yén dhéwéké ora mbutuhaké panjenengan. Nalika ana wong kang tiba ing sajroné kasusahan lan rasa getun, wong iku luwih siap nampani kaselametan, awit gusti wis nyambut gawé ing sajroné atiné kanthi mengkono panjenengan bisa nandur tentrem rahayu ing sajroné keselamaten iku.

“Nitik-nitika wong kang pantes,” kang wedi marang Gusti Allah lan kang wis duwé undhak-undhakan ing sajroné pepadhang lan pangertén babagan Gusti Yésus. wong kang apik dhéwé pisan isih adoh saka wewengan nampeni bathen saka Injil, nanging sawetara wong duwé wewengan bisa uga luwih gedhé tinimbang kang liya gegayutan ménéhi panampa kang becik marang para rasul lan pawartané lan ora bakal ngidak mutyara iku ing sikile.

Gusti bakal mitulungi kita nggoléki wong kang ngelak bab kayektén, lan ora lunga, ing wiwitané marang wong-wong kang ngulemi kita mung kanggo mbuwang wektu ngajak diskusi kang ora maedahi. Sang Kristus mituturi supaya kita ngunderaké kawigaten marang wong-wong kang wis katuntun déning Roh Gusti. Sang Kristus paring dhawuh marang para murid-Panjenengané supaya para murid nggoléki, ora kang sugih dhéwé, ora kang paling unggul, dudu kang kinurmatan dhéwé, nanging wong kang pantes.

Karo sedulur kang kaya mengkono, kita bisa nambahi kanthi marani wong-wong liya kang ana ing sakiwa tengen kita. Luwih becik manawa ana wong kono kang ngancani kita, awit wong kang ngancani kita kuwi tepung karo wong lan ngerti kahanan kono luwih becik tinimbang kita.

Nyuwuna marang Sang Kristus supaya ngengakaké omah ing saben pérangan ing kutha panjenengan, kanthi panguwasa Panjenengané kang bisa nuntun, akéh wong marang iman.

Salam kang umum dhéwé ing ngendi papan yaiku, “Tentrem rahayu kanggo panjenengan”. Tembung iki, kang asring dienggo, uga ana ing sajroné Injil. Ing sajroné Inji, iku ateges tentrem rahayu ssaka Sang Rama lan Putra, tentrem rahayu saka Kraton Suwarga kang bisa diwenehaké marang sapa waé kang diwenehi salam. Sing sapa kang entuk wewengan ménéhi berkah iki mrang wong liya kudu eling yén Sang Kristus kang tahu mulang. dDnga iku cocok ditrapké marang sapa waé, awit Injil pancen wartakaké marang wong kabéh. Sang Kristus tepung ati lan watek wantu kabéh wong, lan Panjenengané pirsa marang sapa salam iki bakal temen-teman ménéhi berkah kang gedhé. Manawa omah iku pantes, omah iku bakal ngeneni kabejan saka berkah kang panjenengan wenehake. Manawa ora, ora ana ruginé ing kené panjenengan ora bakal kelangan kabejan babar pisan. Berkah iku bakal bali marang panjenengan, dikaya donga Dawud kanggo satru kang ora ngerti atur panuwun iku (Jabur 35:13).

Dadi kewajiban kita supaya leladi karo kaloman marang kabéh wong, ndedonga kanthi golong gilik supaya wong-wong kang kita tepung lan kudu asikep sopan marang kabéh kang kita temoni lan sebanjuré masrahaké marang Gusti Allah babakan kasil saka apa kang kita tindakaké iku. Sing sapa nanggapi marang Sang roh Allah bakal nampeni kabejan saka salam lan nampani berkah dilairaké manéh saka banyu lan Roh Panjenengané nanging sing sapa mangkotaké atiné marang tentrem rahayu lan sih rahmat Allah bakal nampani paukuman awit angggoné nampik iku.

MATÉUS 10:13-15
13 Manawa pantes anggoné nampani, salammu tumanduka ingkono, nanging manawa ora, salammu balia marang kowé manéh. 14 Dené yén ana wong sing ora nampani kowé lan ora ngungokaké tembungmu, endang lungaa lan metua saka ing omah utawa ing kutha kono, sarta ketabna lebuné sikilmu. 15 satemené pituturKu marang kowé: Besuk ing dina pengadilan kang sinangga déning Sodom lan Gomora bakal luwih entheng ketimbang karo kutha mau.”
(Purwaning Dumadi 19:1-29; Para Rasul 13:51)

Manawa masyarakat iku ora gelem nampani Injil Gusti Yésus, aja nothok lawangé terus terusan tanpa mandheg, awit katresnan Gusti Allah ora meksa sapa waé. Panguwasa Panjenengané ing sajroné atiné kang ngelak tentrem rahayu lan kayektén, kang ngengakaké awaké marang Injil iku kanthi sukarila lan ora awit kepeksa. Iman kita ora wanuh apa kang sinebut peksan utawa nelukaké, nanging keyakinan lan tanggung jawab.

Nalika ana wong, ing sawijining keluwarga, kutha utawa bangsa nampik Sang Kristus lan para murid Panjenengané apik kanthi samar uga kanthi cara kasar, ngedoha saka wong-wong iku kanthi sesidheman supaya panjenengan ora kudu napa bagean paukuman kang dadi bageané wong-wong mau. Sing sapa nampa Injil Sang Kristus kanthi tentrem rahayu ateges nampa Gusti Allah dhéwé.

Ana dina pengadilan kang bakal teka, nalika kabéh wong kang nampik Injil mesti bakal ditimbali supaya atur jawaban, senajana saiki wong-wong mau nganggep iku dadi lelucon waé. Wong-wong kang ora gelem ngrungokaké wulangan kang bakal nylametaké deweké bakal dipeksa krungu paukuman kang bakal ditibakaké marang dhéwéke. Pengadilan kanggo wong-wong mau ditumpuk dina iku. Nanging panjenengan kudu tansah ndedonga kanggo wong-wong mau, sinadayana wong-wong mau nampik panjenengan lan gusti panjenengan.

Paukuman kanggoné wong-wong kang nampik Injil ing pungkasané jaman mengko bakal luwih abot lan luwih nglarani tinimbang karo Sodom lan Gomora. Sodom disebutaké nandhang piwales geni langgeng. Nanging piwales kanggo wong-wong kang ngréméhaké keselametan bakal luwih abot saka panandang iku. Sodom lan Gomora iku kutha kang banget ala, lan kang luwih rusak saka karingkihané wong-wong Sodom lang Gomora yaiku, wong-wong mau ora gelem nampa malaikat kang diutus marang wong-wong mau, lan malah ngréméhaké malaikat malah ora ngajeni apa kang dikandhakaké malaikat mau. Nanging, piala wong-wong mau isih dianggep luwih entheng tinimbang karo wong-wong kang ora gelem nampani para abdi Sang Kristus lan kang ora gelem ngajeni tembung-tembung para murid mau. Bebenduné Gusti Allah marang wong-wong mau bakal luwih abot lan pratélané wong-wong mau nalika kelingan panguripané dhéwé bakal luwih nggegirisi. Tembung-tembung iku banget nggegirisi ing talingan wong-wong kang mengkono awit wong-wong iku wis nampani wewengan entuk penguripan kang langgeng nanging malah milih pati. Piala bangsa Israél, ditulis, ing sajroné ayat iku, dadi luwih ala tinimbang karo pialané Sodom. Luwih manéh saiki, sakwisé Panjenengané ngutus Putra Panjenengané marang wong-wong mau, Roh, pangandikan Panjenengané kang dadi manungsa.

Ayo ngati-ati sadurungé panjenengané ninggalaké wong-wong kang ora mbangun turut. Dadaren badan panjenengan, aja nganti malah panjenengan kang dadi jalaran wong-wong mau mangu-mangu lan ora mbangun turut, awit anggoné kliru panampa, utawa awis sikep kasar lan sikep panjenengan kang sembrono. Panjenengan bali lan dadar badan panjenengan luwih dhisik uga mratobata supaya panjenengan ora nglarani atiné wong liya. Lan manawa prelu, bali njaluk pangapura kanthi mengkowo panjenengan ora kudu manggul tanggung jawab kanggo siji jiwa kang ilang.

Sang Kristus nyethakaké lumantar pangandikan iku bakal dadi kasunyatan gegayutan Dina Pengadilan lan négesaké yén Injil Panjenengané iku siji-sijiné dalan kanggo selamet saka dina kang nggegirisi iku. Sing sapa nampik utawa luwan para juru pawarta Injil lagi miliih kanggo nampani bebenduné Allah atas awaké ing dina pengadilan.

PANDONGA: Dhuh Rama kang Suci. Putra Paduka nimbali kawula supados dados ingkang mbeta katentreman. Tuntun kawula supados kawula atindak wicaksana. Paduka paringi apunten anggen kawula sembrono. Paduka paringi kawula mitra lan sedherek ingkang tulus lan Paduka wengakaké saben pojok-pojok kitha kawula dados punjering injil Paduka, kanthi makaten toya agesang menika saget mili ssaking mrika dhateng ara-ara samun ingkang garing.

PITAKONAN

  1. Sapa kang bakal nampani tentrem rahayu saka Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 07:40 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)