Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 049 (The Beatitudes)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS

a) Pocapan Rahayu (Matéus 5:1-12)


MATÉUS 5:11-12
11 Rahayu kowé, manawa marga saka Aku kowé diwewada lan dikaniaya sarta dipitenah. 12 Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhé ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggoné wong-wong padha nganiaya para nabi sadurungé kowé.
(Matéus 10:22; Para Rasul 5:41; 1 Petrus 4:14; Ibrani 11:33-38; Yakobus 5:10).

Gusti mbaléni berkah kang bakal ditampa déning utusan Panjenengané kang ditampik. Pancen roh jagat sengit Allah lan wong-wong kang dilairna saka Roh Panjenengané. Anak-anak jagat iki bakal nggodha para putra Kang Maha Luhur dikaya Iblis nggodha Sang Kristus lan para murid Panjenengané. Gusti kanthi cetha ngandika, “dikaningaya, dioyak-oyak, dicekel, dijarna dadi kaya leletheking jagat (1 Korinta 4:13), di denda, dikunjara, dibuwang, ditundhung saka ngomah, diwetokaké saka papan kang andadekaké kabejan, dipecuti, kala-kala nganti tumeka ing pati, lan kapatrapan kaya cempe kang digawa menyang pasembelehan. Ya iki kang dadi akibat saka memungsuhan antarané tedhak turuné ula karo tedhak turuné kang suci, wiwi jaman kayektén Habel. Prekara iku uga kang dumadi ing jaman Prejanjian Lawas. Sang Kristus wis ngandika yén prekara kang luwih seru manéh bakal dumadi marang wong-wong pracaya kang sregep ana ing sajroné gereja Panjenengané lan kita ora kena nganggep wong iku dikaya bab kan anéh (I Yokanan 2:13). Panjenengané wis maringi sawijining conto marang kita.

Ing mangsa kang nelangsa ing panandhang, nalika panjenengan kelangan omah utawa penggawéan panjenengan awit panganiaya, Putra Allah nyurung panjenengan supaya asukarena lan tetap bungah. Panandang ing jaman iki ora ana apa-apané kabandhing karo kaluhuran kang bakal dipratélakae ing sajroné panjenengan lan wong-wong pracaya kang setyo. Dadi apa sebabé panjenengan prihatin? Bungah-bungaha, unjukna kekidungan lan panuwun, awit Kraton suwarga wis cedhak.

Gusti Allah bakal njangkung wong-wong kang nandhang sangsara krana Panjenengané. Malah wong-wong kang kelangan nyawané ora bakal kelangan Panjenengané. Urip ana suwarga bebarengan gusti Yésus, pungkasané bakal mbales kanthi kaluberan atas kabéh kangelan kang kita tampa ing jaman urip kita.

Para nabi dianiaya lan dienyek kaya panjenengan. Apa bisa panjenengan menyang suwarga kanthi cara kang beda? Apa ora nabi Yésaya di wewada awit wulangané lan nabi Elisa awit sirahé kang botak? Awit saka iku aja gumun kaya-kaya prekara iku sawijining prekara kang ngedap-edapi, lan aja ngruntoh awit saka kangelan iku. Banget nguwataké manawa kita nyawang dalan panandang minangka dalan kang dilakoni déning wong akéh lan minangka sawining pikurmatan nuladhani para pemimpin iman kang mengkono. Nugraha kang cukup kanggo wong-wong kang kanganiaya iku, ora bakal kurang lan uga kacawisaké kanggo panjenengan. Wong-wong kang dadi satru panjenengan iku winih lan tedhak turuné wong-wong kang ndhisik uga ngréméhaké para utusané Gusti.

Awit saka iku, “Abungah-bungaha lan asukarenaa.”. Ora cukup mung sabar lan tetap kuwat ing sajroning panganiaya iku, lan nganggep minangka kangelan kang lumrah lan ora mbales dienyek karo ngenyek. Panjenengan kudu asukarena, awit kaluhuran lan pikurmatan, kasenengan lan kalegan, awit kasangsaran kunjuk Sang Kristus, luwih gedhé saka rasa lara lan rasa isin kang dadi akibate. Ora supaya kita dadi gumunggung awit kasangsaran kita (prekara iku bakal ngrusak kabéh patrap becik) , nanging supaya kita tetap asukarena ing sajroné panandang, kaya Paulus (2 Korinta 12:10), kita paham yén Sang Kristus tetap manunggal ing sajaroné kita, lan Panjenengané ora bakal ninggalaké kita.

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, Rama kasuwargan, awit nampeni kawula dados putra-putra Paduka awit saking sih rahmat. Paduka apunten raos ajrih kawula, patrap wangkot lan patrap kawula cepengan dhumateng bandha kadonyan. Paduka kawula wucal bab sih rahmat, bab sabar, saha bab kasucén Sang Kristus. Paduka paringi kawula panguwaos lan kekendelan martosaken Injil tentrem Paduka. Paduka jangkung kawula ing wekdal kawula dipun tampi déning para mitra kawula lan keluwarga kawula kanthi makaten kawula saget amberkahi sedhérék-sadhaerek ingkang sengit dhumateng kawula, nresnani sedhérék-sedhérék ingkang nganiaya kawula, lan ndedonga kanggé sedhérék-sedhérék ingkang nganiaya kawula. Paduka kiyataken kawula ing salebetipun kabingahan lan karahayon awit Paduka nganthi kawula, kaunderaken ing salebetipun kawula. Paduka lpur sedhérék-sedhérék ingkang nandang kasangsaran kanggo asma Paduka ing jaman menika.

PITAKONAN

  1. Apa pituwas kang diparingaké marang wong-wong pracaya kang kaniaya?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 07:01 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)