Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 048 (The Beatitudes)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS

a) Pocapan Rahayu (Matéus 5:1-12)


MATÉUS 5:10
10 Rahayu wong kang dikaniaya marga saka kayektén, awit iku kang padha nduwéni Kratoning Swarga.
(1 Petrus 3:14)

Uniné lonceng kang kaping wolu saka suwara kabungahan kaprunguné banget déning nglarani, awit suwara iku ditujokaké marang para abdi Allah, ditujokaké marang wong-wong kang nggawa karukunan, kang dianiaya awit katresnané dienyek awit martakaké kabar becik babagan karukunan karo gusti Allah lan dienyek awit ngapura kaluputané wong liya. Apa panjenengan duwé panemu menawa hasil saka anggon panjenengan leladi bakal luwih becik tinimbang kang ditampani déning Sang Kristus piyambak? Rahayu panjenenan manawa panjenengan nandang kasangsaran awit paseksen panjenengan.Menawa panjenengan ngadhepi kangelan awit kayektén Allah lan nugraha anggoné Panjenengané mbeneraké marang wong-wong dosa, panjenengan lagi ana ing sajroné patunggalan kang bener karo Sang Kristus. Minangka hasilé Sang Juru selamet jagad bakal manunggal ing sajroné urip panjenengan, maringi kasekten marang panjenengan, nglipur panjenengan lan njangkung panjenengan dikaya maniking pangingale. Aja dadi nepsu utawa sengit sinengitan, nanging bungah-bungaha, awit gusti panjenengan luwih gedhé tinimbang karo kabéh bandha kadonyan kang panjenengan darbeki kang ilang krana kayektén Panjenengané. Panjenengané wis maringi kita Krajan kasukman ing ngarsa Panjenenganipun nganti selawas-lawase. Kabéh prekara kang dadi kagungané gusti Allah lagi ngenténi wong-wong kang nggawa kabar karukunan kang dianiaya awit kayektén Panjenengané.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé para juwu warta kang martakaké Injil tentrem rahayu kala-kala ngadhepi bab kang angel banget diuwali?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 06:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)