Previous Lesson -- Next Lesson
16. Panjenengané kang Sinalib Nyangga Pangina (Markus 15:29-32)
MARKUS 15:29-32
29 wong-wong kang padha liwat ing kono, padha ngala-ala Panjenengané, padha calathu kambi gedhég-gedhég, “Heh, Kowe sing arep ngrubuhaké Padaleman Suci lan arep mbangun manéh sajroné telung dina, 30 mudhuna saka ing salib, luwarana awakMu! 31 Mangkono uga para pangarepe imam karo para ahli torét, iya padha moyoki lan padha sapocapan mangkéné: “wong liya padha ditulungi, nanging nulungi awaké dhéwé ora bisa! 32 Sang Kristus ratune Israel iku cikben mudhun saka ing salib, supaya aku bisa ndeleng lan pracaya.” Dalasan wong loro kang kasalib bareng karo Panjenengané iku iya memada marang Panjenengané.
Dadi pakulinan Imam agung ngendhangi para wong ala kang ditibani paukuman mati sadurunge paukuman mati iku dileksanani. Anggone ngendhangi arep ngrungokaké anggone ngakoni uga pamratobate sadurunge mati, lan uga kanggo menehi wong-wong mau pangapura secara umum atas landhesan korban kang tansah dipisusungaké ing Pedaleman suci kanggo keselametané saka bebendune Allah kang bakal teka.
Gusti Yésus ora ngakoni kaluputan apa waé ing kayu salib. Panjenengané ora netesaké eluh pamratobat, nanging Panjenengané ndedonga supaya para satru Panjenengané diparingi pangapura, awit para satru iku ora ngreti apa kang ditindakake. Para juru mulang kamursidan kang lelamisan kang krungu donga panyuwun pangapura saka Panjenengané nganggep apa kang ditindakaké Gusti Yésus iku sawijining panyenyamah kang nistha banget, gumunggung, lan wangkot. Awit iku, para satru kalimputan kanepson, lan para satru kanthi kebak ati keng getir ngala-ala Panjenengané kang kasalib iku.
Panandhang sarira Panjenengané tambah – tambah, nanging pangala-ala iku bener natoni ati. Iblis nggodha Gusti Yésus kanggo nylametaké sarira Panjenengané, lan wong-wong kang lumaku lumantar papan iku lan ndeleng sarira Panjenengané kang gumantung ing kayu salib gedhég-gedhég lan mbaleni reringkesan saka pangandikan Gusti Yésus piyambak ing ngarepané makamah agama, Panjenengané bakal ngebrukaké pedalamen suci lan sebanjure bakal ngedekaké manéh ing sajroné telung dina.
Wong-wong mau ora éling sing gumathok apa kang dingandikaaké Gusti Yésus, lan wong-wong mau uga ora ngreti yén kang dikersakaké Gusti Yésus iku sarirané piyambak minangka pedalamen Allah, awit kang wong-wong pikiraké yaiku pedalemen awujud gedung kang kothong kang dibangun nggunakaké watu kang mati, kang kanggone wong-wong mau dianggep dadi jamianan kanggo anané Allah ing tengah-tengah bangsa iku.
Iblis nganggo wong-wong kang ngina kang wuta iku, lan mbereg wong-wong mau nuduhaké timbalan kang palsu saka neraka, “Mudhuna saka kayu salib! Slametna awak-Mu! Sirnakaké pambudidayamu kanggo karukunan iku! Pungkasi waé panandhangMu kang kanggo nggenteni kabéh manungsa. Uwalnya awak-Mu lan sirnakaké kabéh satru-Mu!” Manawa Panjenengané wis nindakaké utawa duwé pepinginan nindakaké, mula Iblis bakal menang, lan Gusti Allah bakal kelangan kabéh titah Panjenengané nganti salawasé.
Para pemimpin bangsa iku lan wakile bangsa iku bebarengan bengok-bengok saka wangkot atiné, lan ngina tujuwan panebusané Gusti Yésus. Panjenengané masrahaké gesang Panjenengané dadi tebusan kanggo manungsa, lumaku awan lan bengi nglewati desa lan kutha, lan marasaké uwong akéh banget. Para ahli torét lan pemimpin agama iku ndakwa Gusti Yésus marasaké uwong nggunakaké panguwasané Iblis. Awit saka iku, wong-wong mau duwé karep, kanthi ngala-ala bisa nyirnakaké iman para pandhéréke Gusti Yésus saka panguwasa iku; kanthi mangkono wong-wong kang ngina Panjenengané kang disalib iku nganggo nggunakaké kabéh sesebutan kang asipat anggone dadi Sang Mesih, lan wong-wong mau nyebut Gusti Yésus dadi Sang Mesih ora duwé panguwasa, lan Raja wong Yahudi kang ora duwé prajurit lan ora duwé rakyat. Wong-wong mau duwé pangarep-arep anggone rawuh Sang Raja kang asipat ilahi kang bakal nguwalaké wong-wng mau saka panguwasané pemerintahan Rum.
Kanggo wong-wong, Gusti Yésus wong Nazaret iku katon ringkih. Panjenengané wis disalib dadi wong kang nyenyamah déning golongan penjajah lan wong ala. Ing pikirané wong-wong mau, Gusti Allah ora bakal nganthi gusti Yésus, lan malah Gusti Allah mratélakaké bebendu marang Gusti Yésus lan nyirnakaké Panjenengané.
Kanggo mancing Gusti Yésus mratélakaké panguwasa Panjenengané, wong-wong mau meksa Panjenengané, nganggo panguwasané Iblis, supaya mandhap saka kayu salib kanthi mangkono mripate bisa tinarbuka marang sipate minangka Sang Mesih lan sipat ilahi Panjenengané, lan wong-wong bisa ndeleng panguwasa ing sajroné sarira Panjenengané, uga prcaya marang Panjenengané sawisé nindakaké kaélokan kang mokal iku. Wong-wong mau ngarani awaké dadi para imam lan ahli torét, nanging wong-wong mau dhéwé wuta marang pelayanan karukunan kang lagi kelakon ing tengah-tengahe, lan wong-wong mau ora bisa ngreti yén wong-wong mau wis dadi sarana tangané Iblis.
Gusti Yésus ngalahaké kabéh serangan coban kang gedhé iku. Panjenengan ora mandhap saka kayu salib, nanging ngganepaké pakaryan keselametan. Banjur, kepiyé bisa para ahli agama kandha yén Gusti Yésus diangkat menyang suwarga sawetara ana wong liya kang disalib nggenteni Panjenengané? Para pemimpin Yahudi duwé pikiran mangkono nalika katresnan lan kasetyan Gusti Yésus ngalahaké wong-wong mau. Kanggon wong-wong mau, Sang Kristus katon kaya disalib. Nanging sejatiné, Panjenengané pancen bener-bener disalib. Panjenengané gumantung ing kayu salib, lan Panjenengané ngganepaké karukunané donya karo Gusti Allah.
Begal loro kang disalib ana ing sisih tengen lan kiwané Gusti Yésus uga ngala-ala Gusti Yésus, awit Panjenengané ora kersa nylametaké sarira Panjenengané piyambak lan sebanjure nylametaké begal loro mau, banjur dadi siji karo golongané lan bisa nggayuh kamenangan. Nanging, salah siji ing antarané wong loro mau suwe-suwe ngreti lan ndeleng yén Gusti Yésus ora males pangolok-oloke, nanging malah amberkahi wong-wong kang ngipat-ipati Panjenengané, nresnani wong-wong kang sengit marang Panjenengané, lan ndedonga kanggo para satru Panjenengané. Sebanjure begal mau ngerti cetha yén Sang Kristus dudu wong kang apus-apus, lan Panjenengané beda karo wong-wong liyane. Begal mau sebanjure wanuh tenan marang Gusti Yésus lan dadi pracaya marang Panjenengané, uga mlebu ing sajroné rangkulan katresnan Panjenengané.
Para juru mulang agama kang fanatik iku ninggalaké Rajané iu, lan sebanjure cepet-cepet nekani riyaya Paskah ing dina Sabat iku kang kabawah pangayoman saka cempéne paskahe. Wong-wong mau ora wanuh cempé Allah kang sejatine. Kayektén Panjenengané tetep kasingitan kanggo mripate malah nganti ing wektu iki. Ing sajroné wong-wong mau wuta, wong-wong mau ninggalaké imam agung lan juru ngrukunaké karo Gusti Allah.
PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, Paduka paring pangapunten saben tiyang ingkang mboten mangertos, ingkang nyelaki utawi nyepelekaké kasunyatan bilih Sang Kristus sampun masrahaké sarira Panjenenganipun minangka korban awit tiyang-tiyang menika mboten mangertos menapa ingkang dipun tindakaken. Paduka bika mripatipun babagan kaélokan anggen Paduka ngrukunaken ingkang asipat ilahi kanthi makaten tiyang-tiyang menika ugi saged mangertos katresnan Sang Kristus ingkang ngédab-édabi ingkang milih panandhang lan séda kanggo nylametaké tiyang sanes. Panjenenganipun mboten milih mandhap saking kajeng salib, nanging terus setya kaliyan timbalan Panjenenganipun. Dadosnya kawula setya ing salebetipun ndhérék Paduka kanthi makaten kawula ugi saged nresnani para satru kawula, lan tansah lelados para statru. Amin.
PITAKONAN:
- Apa sebabe para pemimpin agama lan wong akéh iku nyuwun supaya gusti Yésus mandhap saka kayu salib?