Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 100 (The Father’s Separation From the Son)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)

17. Rama Nilar Sang Putra (Markus 15:33-36)


MARKUS 15:33-36
33 Bareng jam rolas ana pagowong kang nglimputi satanah kabéh nganti jam telu. 34 Lan ing wayah jam telu iku mau Gusti Yésus nguwuh kalawan swara sore: “eloi, Eloi, lama sabakhtani?”, iku tegese: “Dhuh, Allah Kawula, Allah Kawula, punapaa Kawula Paduka tegakaken?” 35 ana wong sawatara kang padha ngadeg ing kono, bareng krungu kang mangkono mau, padha ngucap: “Rungokna, dhéwéké ngundang Nabi Elia.” 36 Banjur ana wong kang énggal-énggal teka nggawa jamur karang, dicelupaké ing anggur kecut, dislundepaké ing glagah, tumuli dicaosaké marang Gusti Yésus supaya diunjuk, sarta ngucap mangkené, “Iya, coba padha dienteni lan dideleng, Nabi Elia apa rawuh ngudhunaké dhéwéké.

Ing basa asline Injil Markus disebutaké jam kaping enem ing dina iku, kang pancen nuduhaké marang jam rolas awa ing wektu kita. Nalika iku srengenge lagi sumunar panas banget, nanging kalimputan peteng kang nggegirisi ngalimputi kabéh laladang kono, lan prahara wedhi uga nempuh ing pegunungan cedhak Yérusalém. Angin kang garing lan panas iku terus nempuh nganti jam telu, kang ngisep awak kang mawa banyu. Sawetara juru tafsir kandha yén pepeteng iki pralambang roh-roh ala kang mbudidaya merangi gusti Yésus kang kasalib kanthi mangkono neraka lan kanthi kabéh kekuwatané mudhun nyerang cempé Allah kang lagi nandhang sengsara iku supaya tanpa éling Panjenengané nindakaké sawijining dosa, apa waé jenis dosa iku.

Nanging, Gusti Yésus kalimputan karo pangandikané Allah, Panjenengané yaiku pangandikané allah kang dadi manungsa, lan awit saka iku, malah nalika Panjenengané ing sajroné kahanan koma, Panjenengané ngandika tembung kang suci. Sang Roh suci atindak kanggo Panjenengané ing sajroné pasambat kang ora kalairake.

Ing jam telu sore, Gusti Yésus nguwuh kanthi suwara sora. Tembung-tembung Panjenengané ing kayu salib nuduhaké marang kita jerone wadi salib iku. Sang Roh Suci nyekseni lumantar panguwuh kang kasalib iku yén Gusti Allah kang Suci ninggalaké putra Panjenengané. Mangsa-mangsa pepeteng teka, nanging pepeteng iku ora bisa nguwasani Kang Mahasuci. Sang Putra ngunjuk tuwung bebendu Allah nganti paripurna.

Para rasul ora wani nulis pangandikan kang medeni banget iku kanthi langsung ing basa Ibrani utawa Yunani, awit maknané kang nggegirisi banget, para rasul nulis secara aksara mbaka aksara ing sajroné basa Aramik luwih dhisik lan sebanjure mbeberaké tegese tembung iku ing basa Yunani.

Sadurunge, Gusti Yésus tau ngandika, “Aku lan Rama iku nyawiji”. Saiki, Panjenengané nyeksekaké yén kamanunggal katresnan iku wis diendhegaké lan kamanunggalan langgeng iku wis dipisahake. Yaiki sebabe Gusti Yésus nguwuh, “Menapa sebabipun Paduka nilaraké kula? Mokal prekawis menika dumadi! Paduka kalimputan katresnan, lan ora bakal Paduka ninggalaké Aku dhéwékan”.

Panguwuh saka tutuk Kang kasalib iku, kang ditulis déning Juru warta Injil Matius lan Juru Injil Markus minangka siji-sijine pangandikan Gusti Yésus ing kayu salib, wis dadi watu sandhungan kang mbingungaké kanggo kabéh wong mursid lan uga wong-wong ora pracaya kang ora ngreti kayektén saka makna panguwuh Gusti Yésus tukang kayu, kang nguwuh kanthi rasa ora duwé pengarep-arep tanpa pangarep-arep, awit diipat-ipati kabawah bebendune Allah.

Nanging, kita ndeleng ing sajroné tembung iki anané bukti iman marang Gusti Allah, lan anané katresnan kang terus cemawis kanggo kita kang wis kesasar. Panjenengané wis ngorbanaké gegayutan lan kamanunggalan Panjenengané karo Sang Rama kanthi tujuwan nylametaké kita kang adoh saka Kang Maha suci.

Ora ana siji uwong kang pentes séda kanggo kita kajaba saka cempéning Allah, Allah kang dadi manungsa. Panjenengané ora dosa, pantes, lan kuwawa nyangga kabéh dosa donya, lan manggul kabéh paukuman. Awit Gusti Allah iku tunggal lan ora loro, mula Gusti Allah mratélakaké sarirané ing sajroné tritunggal kang suci minangka jejeré Rama, Putra lan Sang Roh suci. Kanthi mangkono Sang Putra, lumantar Sang Roh kang langgeng, bisa masrahaké sarira Panjenengané kanthi tanpa cacad ing ngarsané Gusti Allah, kang nyucekaké telenging ati kita saka pakaryan bilahi kanthi mangkono kita bisa leladi Gusti Allah kang gesang (Ibr 9:14).

Sing sapa paham wadi iki lumantar anggone kajebatan Sang Roh suci bakal manembah Sang Rama lan Sang Putra, lan masrahaké uripe kang akéh gagale, kang wis disucékaké déning rah cempéne Allah, marang anggone leladi marang Allah. Kita mung duwé loro pilihan waé: Ngala-ala Panjenengané kang disalib, utawa leladi Panjenengané karo atur panuwun atas urip langgeng kang diparingaké Panjenengané.

Para prajurit Rum lan para tukang njaga pedaleman Allah ora paham pangandikan kang kasalib iku ing sajroné basa Aram. Para prajurit nalika Gusti wis nyedhaki séda, Gusti Yésus nimbali elia Sang nabi, lan para prajurit wedi yén sawijining pribadi kang asipat ilahi bakal timbul ing sajroné pepeteng iku lan mitulungi Panjenengané mudhun saka kayu salib. Para prajurit ngendhegaké donga saka Panjenengané kang kebak rahmat iku kang dadi pantara kanggo para prajurit mau, lan sebanjure nawakaké marang Gusti Yésus kang ngorong iku karo anggur kecut kang dicelupaké jamur karang lan dislundupaké ing glagah ing tengahe prahara wedhi iku. Keyakinané para prajurit kang ala babagan wungune wong kang wis séda malangi pra prajurit nampa anggone leladi Panjenengané.

PANDONGA: Kawula manembah Paduka, Rama kawula, awit manah Paduka dadi ajur ing wekdal Paduka nilaraké Putra Ontang-anting Paduka ingkang dhumateng Keng putra Paduka kepareng, ing salebetipun katresnan kang langgeng. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka lumantar Putra Paduka awit Paduka ngapunten kawula saka samukawis dosa kawula, ngesokaké bebendu Paduka ingkang suci dhumateng putra Paduka ingkang suci ingkang nggentosi kawula. Paduka ninggalaké keng Putra kanthi makaten keng Putra mboten nilaraken kawula. Ing wekdal menika Paduka misahaké sarira Paduka saking Panjenenganipun kanthi makaten kawula saged wonten ing salebetipun Panjenenganipun ngantos selaminipun. Kawula manembah Paduka Sang Rama, Putra lan Sang Roh suci, lan masrahaké badan kawula dhumateng Paduka, kunjuk peladosan langgeng lumantar Gusti kawula Yésus Kristus. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa makna saka tembung kang diucapaké sang Sinalib iku, “Allah Kawula, Allah Kawula, punapaa Kawula Paduka tegakaken?”

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 07:10 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)