Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 086 (The Betrayal of Judas Iscariot)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)

3. Yudas Iskariot Mbaléla (Markus 14:10-11)


MARKUS 14:10-11
10 Sawuse mangkono, Yudas Iskariot, kang kagolong sakabat rolas, lunga nemoni para pangareping imam arep ngulungaké Gusti Yésus. 11 Iku bareng krungu padha bungah sarta janji bakal ngopahi dhuwit dhéwéké. Yudas banjur golék dalan kang prayoga bisang ngulungaké Gusti Yésus.

Gusti Yésus ndukani Yudas Iskariot kanthi jawaban Panjenengané kang pangandikané keprungu mbela Maryam, nalika Maryam njebati Panjenengané nganggo lenga wangi. Yudas nesu banget dan runtik atiné, awit Gusti Yésus mbuka wadine ing ngarepe wong akéh, mligine awit Gusti Yésus iku mbelani Maryam lan ngluputaké awake. Yudas nampa ing sajroné jawaban Gusti Yésus ana dakwan kang singingit yén dhéwéké ora bener-bener duwé karep nulungi wong – wong mlarat, nanging arep dienggo dhéwé dhuwit anggoné ngedol lenga iku.

Luwih maneh, gusti Yésus mratélakaké gegayutan anggoné arep séda, lan ora tau ngandika gegayutan tambah jembare kratone Allah dideleng saka politik, utawa gegayutan kumpulan amal, utawa babagan undhak-undhakan saka pakaryan sosial.

Sawisé pratéla iku, pengarep-arep lan idam-idaman saka siji-sijine wong Yudea ing golongané para murid iku banjur ambrug. Yudas ndeleng panguwasané Gusti Yésus lan duwé karep entuk keuntungan saka panguwasa iku. Gusti Yésus wis milih Yudas, wis ngutus dhéwéké bebarengan karo para murid liyané, kotbah, marasaké wong lara, lan nundhungi roh-roh ala, lan dhéwéké wis pengalaman kabéh leladi kang nuduhaké yén ora ana kang bisa matesi asma Gusti Yésus.

Ing wiwitané, Yudas seneng banget marang pribadi lan panguwasané Gusti Yésus. Nanging Gusti Yésus tambah akéh ngandika gegayutan patrap andhap asor, alus ing bebuden, lan kacukupan. Gusti Yésus ora nglatih para muridé Panjenengané supaya ngalahaké bangsa Romawi, utawa melu – melu nata bab pranatan lan prekara pemerintahan, nanging Panjenengané malah nyethakaké kraton kasukman Panjenengané tanpa prajurit utawa bandha donya, lan ora nyebutaké babar pisan babagan urip kang ana sambung rapete karo kasenengan lan urip kang gampang.

Sebanjure, sawisé kabéh kelakon, makamah agama Yahudi ngumumaké ing saindenging negara yén Gusti Yésus iku nabi palsu, wong kang apus-apus, kang ditilak lan kang nerak paugeran, lan saben wong kang ndhérék Panjenengané uga bakal disebrataké saka antarané bangsa kang nyekel prejanjian Allah iku, lan ora bakal ana berkah kanggo para muridé Panjenengané, lan malah kang bakal nempuh wong para murid kabéh.

Kabéh kasunyatan iku nguwataké niate Yudas, nylametaké awaké dhéwé ing wektu pungkasan, lan mlayu saka pamalese para murid lan Gusti Yésus. Dadi wong Yudea, Yudas ngreti omahe para imam kepala kang wis nyawisaké ganjaran kanggo wong kang menehi katrangan gegayutan Gusti Yésus kan lagi digoléki. Awit saka iku, Yudas nekani para imam kepala kang lagi kobong kanepsoné, lagi sengit-sengite kang mapan ing punjere panguwasa bangsa Yahudi, lan Yudas nuduhaké anggoné wis cemawis masrarahaké gusti Yésus marang wong-wong kang sengit marang Gusti Yésus iki.

Para imam kepala kaget banget nalika ndeleng salah siji murid kang cedhak karo Gusti Yésus nekani dhéwéké, yaiku wong kang wis katimbalan mligi déning Gusti Yésus. Para imam lan balané, nganggep pisahe Yudas saka anggoné tetunggalan karo Gusti Yésus dadi tandha sing nyenengaké kang nandakaké yén kabéh rancangan ala kanggo Gusti Yésus wis ana hasile, malah tekané saka golongan kang setya marang piyayi Nazaret iu, lan tanda yén wulangan anyar iku ora suwe bakal sirna. Golongan Imam iku seneng banget, lan kanthi gamblang kandha karo wong kang mbaléla iku, yén ganjaran iku ora énggal diwenehaké sesambungan karo katarangané, nanging golongan imam iku janji bakal menehi dhuwit, kang bakal diwenehaké sawisé Yudas secara pribadi masrahaké Gusti Yésus. Ing kahanan kang kaya mangkono, golongan para imam iku cecawis nibakaké paukuman marang Gusti Yésus sadurunge tekané dina riyaya paskah, awit golongan imam iku ngreti yén wewengan kang kaya mangkono iku sawijining wewengan kang ora bakal bisa dibaleni maneh.

Wiwit wektu iku, Yudas mikir kang ana sambung rapete karo kepiyé carané masrahaké Gusti Yésus tanpa nuwuhaké gegeran. Yudas ora mikiraké yén apa kang ditindakaké iku sawijining timindak mbaléla, pancen disengaja ngrancang magas kepala gerakan kekristenan wiwit wiwitan, awit Gusti Yésus ora kersa ngangkat dhéwéké dadi bendahara, utawa kang nyekel dhuwit kanggo kumpulan kang luwih gedhé. Ing sajroné atine Yudas seneng yén bisa dadi wong kang nyekel dhuwit, nanging saiki ora ana duwit maneh, mula atine malik grembyang ngiloni satru Gusti Yésus, lan Yudas wis cemawis mbaléla, padha karo nalika dhéwéké cemawis ndhérék Gusti Yésus. Bisa uga Yudas duwé karep ndhesek Gusti Yésus supaya Panjenengané nganakaké patemon karo Makamah Agama lan sebanjure Panjenengané Gusti Yésus mratélakaké panguwasa lan patrap becik Panjenengané sarana kaélokan saka Kratoning Allah kang dianakaké ujug-ujug.

Nanging, mbok menawa uga Yudas mbaléla marang Gusti Yésus awit dhéwéké rumangsa ngigit-igit, lan dhéwéké arep males pangigit-igite ing sajroné kanepsoné, ora saka anggoné mikir kanthi njlimet. Iblis mlebu ing sajroné ati uwong kang kagolong ing antarané para murid Gusti Yésus, lan andadekaké wong iku dadi balané si Duraka (Lukas 22:3; Yokanan 13:2,27).

Kaya apa ngédab-édabine angone Yudas tiba iku! Murid kang dipilih Gusti Yésus piyambak kang wis diwenehi tanggung jawab leladi, lan kang wis lumantar maneka werna wulangan saka Putra Allah, sebanjure sengit marang Gustine nganti wong iku netepaké mbaléla marang Panjenengané kanthi sadar.

Kita banget prihatin sambung rapete karo owah-owahan lan wangkote ati uwong kang wis tau krungu akéh wulangané Gusti Yésus, nyekseni pakaryan Panjenengané kang akéh ing donya iki, ngrasakaké kabecikan katresnan Panjenengané, lan ngrasakaké panguwasa kasuwargané Panjenengané. Yudas nutup awaké dhéwé saka anggoné kaanyaraké secara kasukman kang ditindakaké Sang Kristus. Yudas ndhérék Gusti Yésus mung kanggo kegiatan agama waé, nyekeli marang rancangané dhéwé, tanpa ngracut dosa-dosa lawas kang wis ngoyot, lan kanthi mangkono dadi pralambang uga saka uripe wong-wong kristen kang ngedoh saka panguwasa tutunané Sang Roh Suci.

Sedulur, dadaren awakmu dhéwé, apa panjenengan malah lagi ana ing sajroné pikiran lan pakaryan kang lumawan gusti Allah, sinadyana panjenengan wis pracaya marang gusti Yésus. Apa panjenengan wis nelukaké anggon panjenengan kedanan dhuwit, prekara urip, uga panggraita kang landhep, lan uga patrap rakus panjenengan marang Gusti? Apa panjenengan nggunakaké cara kadonyan mbobot pengarep-arep kang asipat kasuwargan? Aja ngapusi awaké dhéwé. Gusti Allah ora bakal ngidinaké panjenengan ngina Panjenengané. Panjenengané kepengin panjenengan dadi sempurna lan nyucekaké nganti salawas-lawasé.

PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang suci, dalem mboten langkung sae tinimbang Yudas. Kawula pekewet awit kawula mburu arta. Paduka pirsa kados menapa kawula saestu gampil runtik atas tembung-tembung ingkang nyakiti manah, lan Paduka pirsa bilih kawula asring gadhah kekajengan dadi punjering kawigatosan. Paduka ampunten kawula gegayutan dosa-dosa kawula, lan Paduka wilujengaken kawula saking badan kawula piyambak kanthi makaten kawula saged nyingkur badan kawula piyambak nganggi panguwaos Paduka, lan masrahaké badan kawula dados korban yukur ing mezben sih rahmat Paduka. Paduka wilujengaké kawula dhuh gusti, lan jebati kawula kanthi makaten mboten kawula mboten saged ngenggokaké bdan kawula piyambak,lan dados tiyang ingkang ambaléla dhumateng geréja Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabe Yudas duwé karep mbaléla marang Gusti Yésus lan para muridé Panjenengané?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 06:21 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)