Previous Lesson -- Next Lesson
2. Gusti Yésus Dijebati ing Bétania (Markus 14:3-9)
MARKUS 14:3-9
3 Ing nalika Gusti Yésus ana ing desa Betania, ana ing omahe Simon budhug lan pinuju dhahar, ana wong wadon kang marak karo nggawa gendul watu isi lenga jebad nared tulen, kang akéh ajine. Gendule nuli dipecah, lengané banjur diesokaké ing mustakané Gusti Yésus. 4 Pratingkah mangkono iku ndadekaké muring-muringe sawenehing wong lan padha rasanan: “Yogene lenga jebad iku diebreh-ebreh mangkono? 5 Sabab saupama diedola, mesthi payu luwih saka telung atus dinar, kena didanakaké marang wong miskin.” Wong wadon mau banjur disrengeni. 6 Nanging Gusti Yésus ngandika: “Nengna bae wong iku. Yagene kowe padha gawé ribeding atine? Wong iku nindakaké panggawé becik marang Aku. 7 Sabab wong miskin iku salawasé ana ing kowe, kowe bisa mitulungi sawanci-wanci, nanging Aku ora bakal salawasé ana ing kowe. 8 wong iku wus nindakaké apa kang bisa ditindakake. SariraKu wus dijebadi minangka pacawisan tumrap anggonKu bakal kasarekake. 9 Aku pitutur marang kowe: Satemene anaa ing ngendi bae Injil kawartakaké ing saindenging jagad iki, apa kang ditindakaké iku iya bakal kacaritakaké minangka pangéling-éling marang dhéwéké.”
Gusti Yésus mlebu ing omahe Simon si Budhug kang bisa uga kalebu salah siji uwong kang warasaké kanthi cara kang elok saka lara budhug déning Gusti Yésus. Anggoné diwarasaké iki ateges kasucékaké saka dosa-dosané lan kabéh akibat saka dosa iku. Kita semak ing sajroné anggoné waras iki ringkese saka pakaryané Sang Kristus Sang Juru wilujeng. Gusti ora ninggal mangkono waé wong kang diwarasaké Panjenengané, nanging Panjenengané ngendhangi, paring kekuwatan, lan ngajeni ing sajroné pamirsa Panjenengané bebarengan karo kumpulan para murid kang liya kanthi mangkono wong iku ora bakal dhéwékan lan sawisé Panjenengané mingkrad menyang suwarga. Para tamu kang liya uga teka sinadyana ana alangan lan pepalange. Wong-wong mau melu bujana kang kebak berkah iku.
Lazarus, kang ditangekaké déning Gusti Yésus aka pati, uga teka bebarengan karo sedulur-sedulure wadon (Yokanan 12:1-8). Wong-wong kang teka ing kana dadi bukti babagan panguwasa Sang Kristus Yésus kang ngalahaké kabéh dosa, lan malah pati. Pancen, Gusti Yésus duwé karsa njabel wineh dosa kanthi ngilangi kabéh dosa donya.
Kanthi pangerten kang setya lan ati kang kebak sih kawelasan, Maryam, sedulur Lazarus banjur ngreti sapa sejatine Gusti Yésus iku, lan paham makna saka bujana kang pungkasan iku. Panjenengané ngrasakaké yén nalika wektu kang pungkasan iku wis tambah cedhak, lan paham yén mung wektune kari saya cedak kanggo dhéwéké kanggo nuduhaké atur panuwur marang Gusti Yésus Sang Tabib kang agung.
Maryam banjur mlayu mulih, lan bali nggawa gendul banjur mecah gulone gendul mau, lenga jebab nared tulen disiramaké ing mestakene lan uga suku Gusti Yésus. Maryam rumangsa ora nemokaké cara kang liyané kanggo mratélakaké atur panuwun lan rasa kurmate marang Gusti Yésus kang wis nglahaké pati lan lelara, lan uga ngapura dosa-dosa.
Gusti Yésus nampa lenga kanggo jebadi Panjenengané. Panjenengané pirsa patrap iku minangka lambang lan pratanda saka Rama Panjenengané kang wis ngidinaké anggoné dijebadi kanggo Panjenengané dadi Imam Agung, kanggo ngadhepi pati lan pangorbanan sarira Panjenengané piyambak. Wiwit kelanggengan, Gusti Yésus iku Kang dijebati sang Roh Suci, awit ing sajroné Panjenengané manunggal sawutuhé keilahiané secara badan. Panjenengané ora mbutuhaké jebatan kang anyar, nanging katresnan Rama Panjenengané nguwataké Panjenengané ing wektu-wektu tekané séda Panjenengané.
Panjenengané banjur meca gegayutan wektu anggoné bakal séda kang tambah cedhak lan meca babagan anggoné bakal dikubur kanthi mangkono ora ana pengarep-arep kang luput kang kaganggu awit Panjenengané dijebati iku, kaya-kaya Panjenengané lagi nampa makuta panguwasa sawijining bangsa utawa gegayutan anggoné palakrama piyambak. Ing wektu iku, Gusti Yésus malah lagi nyawisaké sarirané ngadhepi anggoné bakal séda, lan nyawisaké para muridé Panjenengané supaya nyawisaké awaké kang bakal dhéwékan lan uga duwé tanggung jawab kang gedhé.
Emané, para pandhérék Panjenengané ora paham apa kang ditindakaké déning wanita iku. Ambar wangi kang sumebar mlebu ing irunge para murid kang ana iang sakiwa tengené, lan pikirané para murid mau wiwit ngetung-etung. Bisa uga kang nyekel dhuwit patunggalan para murid lagi ngilangaké panganiaya kang para murid lakoni. Bisa uga Gusti Yésus wis ngedum apa kang para murid duwéki marang wong-wong mlarat. Sebanjure, para murid wiwit grenengan antarané siji lan liyané, lan kang grenengan luwih seru yaiku Yudas Iskariot, “Manawa waé Maryam menehaké lenga wangi iku marang kita, kita bisa ngedol, lan nampa dhuwit akéh. Karo dhuwit iku kita bisa mitulungi wong-wong kang mlarat”. Yudas sambat lan dadi nesu awit rumangsa yén lenga iku wis kabuwang tanpa guna.
Gusti Yésus bisa maca pikirané para murid. Panjenengané mirsani anggoné para murid ora mbangun turut kang ana ing jerone ati kang jero dhéwé, lan ngipat-ipati wong-wong kang ngaku dadi wong kang gawé anyar donya kanthi nggunakaké apa kang ana impene lan janji-janji kang palsu, karo kandha, “wong-wong kang mlarat bakal tansah ana ing kowe, malah ing papan kang disebut dadi suwargané golongan buruh lan wong tani. Salawasé donya iki adoh saka Gusti Allah, mula wong-wong kang mlarat, kena lelara, lan kaliren tambah – tambah ngarah kulon lan wétan, becik ing antarané golongan kapitalis karo cara kapitalisme kang ora duwé rasa welas uga ing antarané golongan sosialis karo nindhes nganggo kalungguhane”.
Mung gusti Yésus kang bisa nyirnakaké kabéh rerusuh lan patrap ora adil ing donya iki. Panjenengané waé kang bisa mungkasi lelakon kang nggegirisi iki.
Gusti nuduhaké marang kita cara kang becik dhéwé kanggo mitulungi wong-wong mlatar lan wong kang mbutuhake. Panjenengané ora mbangun sawijining yayasan, Panjenengané uga ora nimbali organisasi supaya mitulungi, nanging Panjenenané ngandika, “Nek kowe gelem, kowe bisa mitulungi wong-wong kang mlarat kang ana sakiwa tengenmu. Aja menehi sumbangan mung kanggo agawé wong-wong mau lunga saka ngarepanmu. Aja menehi sumbangan mung kanggo agawé wong-wong mau lunga, lan sebanjure kowe mulih ing papan omahmu, nanging ngasoraké awak padha karo wong-wong mau, mudhun sederajat karo wong-wong mau, lan menehi kawigaten marang wong-wong iku. Bisa uga wong-wong mau butuh obat, butuh tembung-tembung kang nguwataké, pegawéan, kabisan, utawa bantuan pendidikan. Nyuwuna marang Gusti supaya Panjenengané maringi kawicaksanan marang kowe kanthi mangkono kowe bisa leladi wong-wong mlarat lan ora mung nggatakeke kabutuhan dhéwé. Wong-wong mlarat yaiku sasaran saka Katresnan Allah”.
Gusti Yésus ora ngersakaké dhuwit kita, nanging Panjenengané ngersakaké ati kita supaya Panjenengané bisa ngalimputi ati iku karo sih kawelasan lan kawigaten, lan nimbulaké kekarepan kita tetep teguh lan lewat tekad kang gedhé supaya leladi wong-wong mlarat.
Sing sapa gelem leladi lan mitulungi, lan ndedonga supaya Gusti nyuwun tuntunan kanggo bisa nindakaké leladi kanthi cara wicaksana, bakal nglakoni atas tuntunan Gusti, lan maringi panguwasa marang wong kang leladi ora kanggo nyingkiraké kabéh wong mlarat saka bumi iki, nanging kanggo mitulungi wong-wong kang mlarat kang ana sakiwa tengene.
Apa panjenengan krungu timbalan Gusti Yésus? Apa kang panjenengan tindakake? Apa panjenengan nglumpukaké dhuwit mung kanggo kepenaké pribadi lan keluwarga panjenengan dhéwé? Sang Kristus wis ngorbakaké sarira Panjenengané. Apa kang panjenengan aturaké minangka atur panuwun atas pangorbanan Panjenengané? Maryam misusungaké lenga wangi kang aji marang Gusti Yésus. Panjenengané nindakaké apa kang bisa nindakaké, lan maringi apa kang dadi duwéké kanggo kaluhurané Gusti.
PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, Paduka menika Putra Allah. Kawula manembah Paduka awit Paduka kapenuhan katresnan. Paduka maringaké gesang Paduka sawetahipun dhumateng kawula, sinaosa kawula kebak piala. Paduka gulawentah kawula supados kawula ngribah pikiran kawula kanthi makaten kawula mboten namung nggatosaken dhumateng badan piyambak, nanging cemawis ugi kanggé leladi tiyang-tiyang ingkang mlarat lan mbetahaken ing sakiwa tengen kawula. Paduka bikak mripat kawula supados ningali sadaya tiyang ingkang sisah lan mbetahaken peladosan kawula, lan tedhaken margi ingkang sae piyambak supados mitulungi. Paduka paringi kekiyatan supados leladi kanthi setya. Dhuh gusti, Paduka paringi kawula kasabetan paham karsa Paduka. Amin.
PITAKONAN:
- Apa kang kita sinau saka lelakon anggoné gusti dijebati Gusti Yésus déning Maryam lan saka pirembugan kang kelakon sawisé dijebati iku?