Previous Lesson -- Next Lesson
1. Sekuthon kanggo Lumawan Gusti Yésus (Markus 14:1-2)
MARKUS 14:1-2
1 Kacarita kurang rong dina wis riyaya Paskah lan riyaya Roti Tanpa Ragi. Para pangareping imam lan para ahli torét padha golék dalan bisané nyekel lan nyedani Gusti Yésus kalawan paekan 2 sabab tembunge: “Aja ing wektu riyaya, supaya ora nggegeraké wong akéh.”
Riyaya gedhé dhéwé kanggo umat saka prejanjian lawas iku riyaya Paskah ing dina iku wong-wong ngrayakaké sasuwene seminggu wutuh bebarengan karo dina Riyaya Roti Tanpa Ragi, kanggo mengeti bebendune Allah kang lumantar wong-wong awit cempé paskah dikorbanaké ing saben keluwarga ing antarané bangsa iku. Kabéh anggota keluwarga bakal nglumpuk ing sakiwa tengene korban Paskah, lan saben anggota keluarga bakal mangan nganti entek. Manawa daging korban iku kakéhan kanggo keluwargané, keluarga iku bakal ngulemi para tangga teparo utawa para mitrane.
Wong-wong iku nyiprati getih wedhus ing pipi lawang omahe lan sebanjure malaikat kang nggawa bebendune Allah bakal nglewati keluwarga mau. Dadi, keluwarga-keluwarga kabéh dibebasaké lumantar getih cempé Allah, lan bisa tetep urip awit sih rahmat Panjenengané waé. Nanging, kabéh uwong kang ora kacipratan getih cempé ing pipi lawange bakal kena bebendune Allah kang sebanjure mateni kabéh bocah pambarep ing bengi iku. Ya wong-wong iku kang njaluk supaya diuwalaké saka bebendune Allah kanthi bangsa Israel metu saka tanah Mesir. Ya ing wektu iku, bangsa Israel nggawa adonan roti kang isih durung diwenehi ragi, mbuntel barang-barang dipanggul ing bahuné, sebanjure ngolah roti iku nggunakaké watu ing panasan srengene nalika lumaku ing ara-ara samun.
Tedhak turune Yakub iku sejatine ora luwih becik ketimbang karo bangsa Mesir, nanging tedhak turune Yakub mapanaké awaké kabawah panjangkunge cempéning Allah. Wadi saka watonan iki gedhé banget. Ora ana wong siji waé kang becik lan bener ing ngarsané Allah. Kabéh uwong pantes nampa bebendu, pati, lan bilahi. Nanging sing sapa mapanaké awaké kabawah rah cempéne Allah ing sajroné prejanjian kang anyar, ora bakal mlebu ing sajroné paukuman. Ora ana keselametan kajaba lumantar cempéning Allah kang ora ana bandhingane. Manungsa ora bakal nampa apa waé saka kayekténan pribadiné, pujian -pujiané sumbangané amale, utawa kabecikan secara kamanungsan. Kabéh iku ora bakal agawé tedak turune Yakub dibeneraka ing ngarsané Allah, lan kabéh mbudidaya kita ora cukup kanggo ngluhuraké Kang Maha suci. Cempéning Allah waé kang dadi pangayoman, kang mebeneraké, kang nyucekaké lan kang ngudusaké, kanggo saben wong kang pracaya marang Panjenengané.
Sang Kristus iku cempéning Allah, kang wis dibeleh awit dosa kita. Sawisé ngrampungaké anggoné leladi minangka jejeré guru, juru kotbah lan nabi, ing sajroné kalenggahané minangka pangandika Allah kang dadi manungsa, kang mulangaké marang manungsa babagan pranatan ing Kraton Panjenengané, lan nuntun tedak turune Yakub kng sajroné wadi jagat raya yaiku KATRESNAN, lan dadi patuladan babagan katresanan iku ing marang manungsa; lan sawisé kabéh apa kang diwulangaké, Gusti Yésus kanthi rila nglakoni mangsa anggoné Séda, awit pirsa yén ora ana dalan liya kanggo nebus kajawa lumantar anggoné séda. Saka kayu salib, kita nampa kayektén, panguwasa lan keselametan.
Gusti Yésus ora mlayu saka Yérusalém, sinadya Panjenengané yakin yén para pemimpin bangsa iku duwé niat nyedani Panjenengané, nanging Panjenengané wis netepaké wektu sédané piyambak kanthi karilan, awit nalika sédané pancen wis ditetepaké ing sajroné keselarasan karo karsané Rama Panjenengané. Gusti Yésus ora mati ing sajroné kacilakan, utawa kepeksa, nanging séda ing sajroné mangsa kang wis katetepaké, waktu kang padha karo nalika korban Paskah dipisusungaké ing latare pedaleman Suci kanthi mangkono katon kanthi cetha yén Sang Kristus iku cempéning Allah kang nyangga kabéh dosané donya.
Lan pancen, critané, sawetara wulan sadurunge para pemimpin bangsa Yahudi iku wis sekuton arep nyedani Gusti Yésus, jalarané Gusti Yésus kang saka Nazaret iku ngapura dosa kaya dene Gusti Allah, marasaké wong lara ing dina Sabat kanthi pangandikané, lan ndadekaké wong akéh metu saka panguwasané Pedaleman Allah. Awit saka iku para pemimpin Yahudi mau kuwatir bangsa iku bakal pecah, utawa bakal ana pambaléla déning golongan Zelot, utawa bakal ana cawe-cawe saka panguwasa bangsa penjajah yaiku pemerintahan Rum.
Pinituwa bangsa iku ora seneng marang tukang kayu saka Nazaret iku, awit Panjenengané luwih kagungan kawicaksanan, luwih awas, lan kasukmané luwih-luwih tinimbang karo golongane; lan para pinituwa ora bisa nyengkolong Panjenengané. Awit saka iku, para pinituwa duwé panemu, dhéwéké padha bakal leladi marang Gusti Allah manawa bisa nyingkiraké Gusti Yésus. Kanthi mangkono panguwasané para pinituwa mau ora gonjang-ganjing, kalungguhané ana ing pedalamen Suci bakal kajejegaké, lan anggoné ngetrapaké paugeran Torét bakal luwih jembar, ora bakal suda.
Para ahli Torét iku duwé karep nyedani Gusti Yésus, lan sebanjure mbudidaya kepiyé carané yén nganti Gusti Yésus séda ing mripate umum kaya dene marga saka kacilakan, utawa ing sajroné lelakon kang katon ora karancang luwih dhisik. Para ahli torét mau golék cara kang culika supaya bisa nyekel Gusti Yésus kanthi mangkono wong-wong mau bisa ngreti wadine Gusti Yésus lumantar maneka wer na pitakonan, lan sebanjure nyengkolong Gusti Yésus supaya lumawan Paugerané, uga nemokaké cara kang sah ndakwa Gusti Yésus kanthi pandakwan nyasaraké bangsa, lan nyedani Panjenengané secara sah supaya bebendune Allah ora nempuh bangsa iku.
Sadurunge pancen para pinituwa bangsa Yahudi ora nemokaké wewengan nyekel Gusti Yésus ing tengah-tengah para pandhéréke, utawa nawan Panjenengané nalika Panjenengan lagi nindakaké kaélokan marasaké wong lara, utawa lagi kotbah, utawa lagi rerembugan, awit wong-wong mau wedi bakal dumadi gegeran ing antare bangsa dhéwé, lan supaya Gusti Yésus ora malah luwih misuwur, utawa ditampa minangka nabi déning bangsane. Dadi, si pangawak dursila mbudidaya para pinitua supaya nyedani Gusti Yesu sing dina riyaya, lan para pinituwa kongkon para telik sandi ing laladan-laladan iku supaya bisa nyekel Gusti Yésus saduruengi utawa sawisé dina riyaya. Nanging, Gusti Yésus wis netepaké dina riyaya agama kang gedhé dhéwé iku dadi sarana sédane.
PANDONGA: Dhuh Cempéning Allah kang suci, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit Paduka sampun nyangga sadaya dosa donya. Paduka paringi sih kawelasan dhumateng kawula. Paduka menika seksi ingkang setyo. Paduka mboten tindak saking Yérusalém, sinaosa Paduka pirsa babagan pasekuton para satru Paduka. Paduka menika pantara ingkang setya. Paduka sucékaké kawula sawetahipun kanthi makaten bebendunipun Allah mboten kadhawahaken dhateng kawula, awit kawula mboten langkung sae saking tiyang-tiyang sanes ing sakiwa tengen kawula. Rah Paduka menika kayektosan, nyucekaké, lan sarana nyucekaken kawula. Amin.
PITAKONAN:
- Apa pentingnya cempé paskah iku?