Previous Lesson -- Next Lesson
10. Abdi Kang Setya Terus Jaga-Jaga (Markus 13:34-37)
MARKUS 13:34-37
34 Upamané kaya wong lelungan, omahe ditinggal dipasrahaké marang para bature, kang siji-sijine padha diwenehi kawwajiban dhéwé-dhéwé sarta juru regol dikon melek. 35 Mulané padha meleka, awit kowe ora sumurup, kapan tekané kang duwé omah mau, ngarepaké bengi, apa tengah wengi, utawa wayah jago kluruk, apa bangun esuk. 36 Iku supaya manawa dhéwéké teka, aja nganti kowe tinemu lagi turu. 37 Apa kang wis Dakpangandikaaké marang kowe, iku Dakwarahaké marang sakabéhing wong: Padha meleka!”
Gusti Yésus nyanepakaké sarirané kaya uwong kang lagi lelungan. Panjenengané ora mungkasi sugeng Panjenengané ing sajroné kubur sawisé disalib, lan Panjenengané uga ora mlebu ing sajroné owang-awung sawisé Panjenengané wungu lan mingkrad, nanging Panjenengané tetap gesang, lan lenggah ing sisih tengene Allah Sang Rama, nyekel panguwasa atas jagat raya nganggo pangandikané kang kebak panguwasa. Pengadhilan ora bakal nekaaké bilahi kita awit syafaat kang diunjukaké Panjenengané kanggo kita.
Gusti Yésus ora ninggalaké omah kasukman lan pedaleman Panjenengané ing sajroné kahanan ora kaurus. Panjenengané nimbali para abdi, netepaké tugas kanggo para abdi, maringi modal, lan maringi kawenangan para abdi kanggo nindakaké tugas lan tanggung jawabe. Wong-wong pracaya kudu mapanaké awaké kabawah panguwasané Allah, lan mbudidaya supaya nindakaké leladi kunjuk Gusti, awit manawa ora mangkono mula para abdi sethithik mbaka sethithik bakal rubah.* Gusti ora maringi tugas kang ora bisa ditindakaké, nanging Panjenengané maringi para hamba panguwasa nindaké leladi wong-wong liya kang cemawis kanggo mituhu. Kita ora urip kabawah Paugeran prejanjian kang lawas ing ngendi wong-wong mursid nerak paugeran Musa, nanging kita urip kabawah prejanjian anyar, ing ngendi Gusti Yésus maringi kita panguwasa supaya bisa nresnani.
Golék mareme awak dhéwé iku dudu kang dadi tujuwan utama nalika nampa urip langgeng, nanging Sang Kristus nyucekaké kita supaya nindakaké leladi, lan ngutus kita kanggo mratélakaké paseksén. Sadurunge mati kita nggunakaké dina-dina kita nindakaké pakaryan minangka bukti katresnan kita. Pratéla saka tumemene kita makarya ora mung ing sajroné donga, semedi, mikir utawa ngomong waé, nanging nyambut gawé kang tumemen, lan nindakaké maneka werna kabecikan kunjuk asma Gusti kang wis maringe kita patuladan pangorbanan sarira Panjenengané kanggo wong-wong kang ora pantes nampani. Kita ora mupangataké wong-wong liya kanggo leladi gusti, nanging kita dhéwé kang misusungaké badan kita dhéwé minangka pisusung kang urip, suci lan pantes ing ngarsané Allah (Roma 12:1)
Apa panjenengan ngreti pakaryan apa kang dipitayaké Gusti Allah marang panjenengan? Ndedongaa kanthi setya, lan nyuwuna pirsa marang Panjenengané secara pribadi, apa kang Panjenengané kersakaké kanggo panjenengan tindakake. Manawa panjenengan ora ngerti kepiyé leladi Gusti kanthi tegen, tulis layang marang aku, lan aku bakal mitulunge panjenengan ndeleng apa kang bisa panjenengan tindakaké kang ana sambung rapete leladi Gusti kang gampang ing sakiwa tengen panjenengan mapan.
Gusti netepaké salah siji abdi Panjenengané dadi tukang jaga lawang kang kudu tansah nyawang langit pérangan ngisor, nganti-anti rawuhe Gusti. Tugas iki nuduhaké marang ganjaran kasukman pameca lan donga kang tumemen kanggo rawuhe Gusti, kang ora mung ana ing sakiwa tengene geréja waé. Gusti Yésus maringi kabéh anggota ing sajroné badan kasukman Panjenengané ganjaran kasukman kang mligi kanthi mangkono para abdi bisa mangerti tandha-tandha jaman selaras karo pangandikan Panjenengané, lan mratélakaké marang warga pasawuan kang liya babagan hasil saka pangerten katresnane.
Minangka tambahan kanggo ganjaran iki, gusti paring dhawuh marang kabéh abdi Panjenengané kanggo jaga-jaga kanthi mangkono para abdi bisa nindakaké kang apik dhéwé ing sajroné leladine kanthi kebak rasa tanggung jawab, kanthi terus ngélingi yén gusti nimbali kita supaya menehi jawaban babagan wektu, dhuwit, tembung-tembung, pikiran, tumindak lan donga-donga kita. Gusti bakal nuduhaké manawa kita nglakoni urip kita keset utawa nyambut gawé tumemen, nalika kita leladi kanthi wicaksana utawa kanthi bodo, nalika kita mung mikiraké awaké dhéwé kita lan keluwarga kita waé utawa nalika kita nggatekaké uga wong-wong kang ringkih lan sedherhana. Gusti ngersakaké panjenengan nresnani ing sajroné panguwasa lan tuntunan saka pangandikan Panjenengané.
Apa panjenengan jaga-jaga secara kasukman, utawa panjenengan turu ing sajroné hardaning hawa nepsu panjenengan?Jarum jam jagat raya wis nyedhaké tengah bengi. Isih ana wong akéh wong kang lungguh – lungguhan ing ngarepe TV, nggunakaké wektune kang aji golék senenge ati, nanging wong-wong mau ngungkuraké Gusti Allah.
Apa ati panjenengan kalimputan pangandikané Allah kang gesang? Kareben pepadhang panjenengan sumunar ing sajroné pepeteng, lan rerasan panjenengan jaga-jaga babagan rawuhe Gusti kanthi mangkono panjenengan bakal tansah cemawis, ing saben wektu, kanggo mbuka lawang omah panjenengan kunjuk Gusti, lan atur jawaban marang Panjenengané. Apa panjenengan nata lemari lan rak ing papan panjenengan? Apa urip lan pakaryan panjenengan uga katta kanthi becik, utawa pikiran lan urip panjenengan malah morak-marik lan ora katata? Apa panjenengan nyingidaké dosa kang panjenengan sakjané ngreti, utawa panjenengan nyimpan prakara kang ala ing sajroné ati panjenengan kang lumawan Roh Allah?
Énggala nyuwun pitulungan Sang Roh Suci, lan nyawisna urip panjenengan sawutuhé sadurunge telat. Cawisna dalan kunjuk Gusti. Suwuna pangapura marang wong-wong kang panjenengan larani atine. Balekna barang-barang kang panjenengan colong kang dudu darbek panjenengan kanthi cara lipet, dikaya kang dingandikaaké Gusti, “Ngadega dadia pepadhang, sabab padhangira teka, lan kamulyaning Sang Yehuwah mletheki sira”.
Manawa panjenengan dadi abdi gusti, utawa manawa panjenengan duwé tanggung jawab kasukman marang para mitra panjenengan, ndedongaa marang Gusti supaya Panjenengané nyawisaké urip panjenengan lan keluwarga panjenengan kang ana sambung rapet karo karawuhan Panjenengané, lan supaya Panjenengané nyuceni kabéh patunggalan panjenengaen kanthi nggunakaké rah Gusti Yésus kanthi mangkono para mitra uga dicawisaké kanggo nampani rawuhe Panjenengané. Omongané para mitra iku kanthi andhap asor kang ana sambung rapet kayektén, lan nyatakna marang para mitra mau kabéh prasetya sihe Allah, awit manawa panjenengan ora menehi pepéling kanthi cetha marang para mitra, Gusti bisa uga njaluk jawaban panjenengan atas jiwa-jiwané para mitra mau, nanging manawa panjenengan wis mratélakaké marang para mitra kabéh pikiran lan kabéh wadi kang dipratélakaké luwih dhisik déning Gusti marang panjenengan, mula para mitra dhéwé kang kudu tanggung jawab atas dosa-dosane. Ndedongaa kanthi temen-temen lan tegen kanggo wong kabéh ing sajroné masyarakat panjenengan kanthi mangkono para mitra mau bisa ngremukaké watek gumunggunge, ngrasakaké ajur ati ing ngarsané katresnané Allah, lan dadi abdi Yésus kang becik lan nyambut gawé kanthi tumemen, lan nyawisaké para mitra ketemu karo Gusti Yésus ing sajroné panguwuh kabungahan.
PANDONGA: Amin. Mangga Paduka rawuh Gusti Yésus! Kawula mboten pantes kepanggih kaliyan Paduka awit kawula mboten saged nindakaken dhawuh-dhawuh Paduka. Paduka sucékaké kawula ngangge rah Paduka ingkang aji sanget kanthi makaten kkawula pantes sowan Paduka tanpa raos ajrih ing wekdal Paduka mratelaké sarira Paduka ing salebeting kamulyan. Tuntun lan kiyataké kawula ngangge roh Kawicaksan Paduka kanthi makaten kawula saged mbereg sadhérék-sadhérék ingkang mboten gadhah kawitadosan rawuh Paduka supados nyawisaaken badan kaliyan kawula lan diribah, lan supados gesang kawula kawula sadaya saged dadi dados pisusung syukur atas pakaryan panebusan Paduka. Paduka rawuh, dhuh Gusti Yésus, lan Paduka cawisaké margi Paduka kanggo sadaya manungsa, miliginipun kanggo putra-putra rama Abraham. Amin.
PITAKONAN:
- Kepiyé kita bisa jaga-jaga kanthi tegen nganti-anti rawuhe gusti?