Previous Lesson -- Next Lesson
7. Pitakonan Kang Ana Sambung Rapete Karo Negara Lan Dhuwit Pajek (Markus 12:13-17)
MARKUS 12:13-17
13 Wong – wong mau banjur kongkonan wong Farisi lan wong Herodhian sawatara sowan ing ngarsané, sedyané arep nyengkolong Panjenengané sarana pitakonan. 14 Kongkonan mau padha ngadhep lan matur: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur, tuwin boten ajrih dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang, nanging mulangaken bab margining Allah ing saleresipun. Caos paos dhateng Sang Nata Agung punika punapa dipun kengingake? Kula kedah nyaosi punapa boten?” 15 Nanging Gusti Yésus mirsa marang lamise wong-wong mau banjur ngandika: “Yagene kowe padha nyoba marang Aku? Aku jupukna dhuwit dinar siji, arep Dakdeleng!” 16 Banjur dicaosi siji. Panjenengan nuli ndangu: “Iki gambare sapa lan iki tulisané sapa?” Atur wangsulané wong-wong mau: “gambar saha seratanipun Sang Nata Agung.” 17 Pangandikané Gusti Yésus maneh: “Mulané Sang Nata Agung caosana kang dadi kagungané Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang dadi kagungané Gusti Allah.” Wong-wong mau padha kaeraman marang Panjenengané.
Para satru Sang Kristus sowan Panjenengané kanthi lelamisan kandhané arep dadi muridé Panjenengané, ngaturaké pitakonan-pitakonan. Para satru mau duwé tujuwan nyengkolong Gusti Yésus, supaya bisa ndakwa kang lumawan gusti Yésus, lan banjur bisa nyekel Gusti Yésus. Para satru mau sejatine padha lelawanen antarané siji lan sijiné, golongan kang siji yaiku wong-wong Farisi kang fanatik ing sajroné nindakaké agama lan ora gelem mbayar pajek marang pemerintahan Rum, golongan sijine prajurit Sang Prabu Herodés kang dianggep mbalela marang bangsané awit duwé sesambungan kang cedhak karo penjajah Rum, loro golongan iku nyambut gawé bareng tujuané nyengkolong Gusti Yésus.
Ora prekara kang anyar wong-wong saka golongan kang beda, sebanjure sekuthon lumawan Sang Kristus. Lan semono uga para satru Gusti Yésus, saben-saben tansah manunggal lan nyambut gawé bareng lumawan wong-wong kang pracaya marang Panjenengané. Para satru iku anut bendarané ing sajroné kalicikan, bendara kang mulangaké tumindak lelamisan lan apus-apus. Wong-wong nyuwun pirsa kanthi trapsila, katon kaya-kaya wong andhap asor, nanging ing wektu iku uga duwé kekarepan nekakaké bilahi wong kang diwenehi pitakonan. Patrap leamisan iku patrap dosa kang nistha dhéwé. Awit saka iku panjenengan kudu ndadar awak panjenengan dhéwé: Apa panjenengan bener lan lenceng ing sajroné patrap lan tembung panjenengan, utawa apa panjenengan lelamisan dadi mitrané wong liya sawetara panjenengan jan-jané sengit marang wong iku ing sajroné ati Panjenengané? Para satru sang Kristus kudu ngakoni yén Panjenengané iku priyayi merdika, priyayi jujur lan ora wedi marang sapa waé, lan Panjenengané mulangaké tumindak kang selaras karo kersané Gusti Allah babagan urip kang alandhesan katresnan kang ora mentingaké awaké dhéwé.
Wong-wong mau nyuwun pirsa marang Gusti Yésus gegayutan karo prekara dhuwit, awit mata dhuwiten dadi jalaran matine kasukman uwong. Dhuwit iku duwé panguwasa ing urip iki waé, ora duwé panguwasa apa waé ing urip sawise mati. Ing sajroné urip iki kaculikan lan watek rakus nempuh yutan manungsa. Sistim ekonomi kita diedegaké atas landhesan kapitalisme utawa nasionalisme. Dhuwit duwé panguwasa luwuh gedhé tinimbang kang kita angen, lan akéh uwong gelam dadi kawulané dhuwit.
Wong-wong Farisi duwé panemu pajek kang kudu dibayar bangsa Yahudi déning Sang Nata Agung iku kaanggep sawijining dosa. Wong-wong Farisi iku sengit patrap mangkono iku, ora gelem mbayar pajeg awit dhéwéké uwis ngaturaké korban kanggo pedaleman suci lan uga kanggo anggone tumindak becik. Ing pérangan liya para prajurit Herodés nyengkuyung watonan mbayar pajek iki. Awit para prajurit itu urip saka pajek iku. Wong-wong mau nyuwun pirsa marang Putra Allah kang sumanak iku, “Apa mbayar pajek marang Sang Nata Agung iku lelawanan karo Paugeran Torét?” Lan wong-wong mau duwé pengarep-arep Gusti Yésus bakal kacengkolong déning jawaban Panjenengané piyambak.
Sebanjure Gusti Yésus mundhut dhuwit dinar siji. Panjenengaen nuduhaké marang wong-wong mau gambar lan tulisané sapa kang ana ing dhuwit mau. Babagan iki kanggo nuduhaké yén dhuwit iku dudu asale saka pemerintahan Yahudi, nanging saka pemerintahan Rum. Banjur Panjenengané ngandika: “Mulané Sang Nata Agung caosana kang dadi kagungané Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang dadi kagungané Gusti Allah”. Kanthi pratéla iki, Gusti Yésus ora lumawan Paugeran Rum, lan uga ora nuwuhaké pikiran kanggo revolusi ing sajroné pikiran wong kang dadi pandhérék Panjenegane. Para rasul uga ditimbali supaya mituhu marang pemrintahan kang ana. Wong-wong Kristen iku wong-wong kang mituhu marang paugeran, lan ndedonga kanggo para pemimpin kang duwé tanggung jawab marang Gusti Allah, awit wong-wong mau ngreti yén para pemimpin diparingaké marang wong-wong mau déning Gusti Allah selaras karo kahanané wong mau kabéh.
Minangka tambahan saka anggone mbangun turut marang para pemimpin politik, Sang Kristus ngutamakaké anggone luwih mbangun turut marang Gusti Allah. Awit Gusti Allah iku luwih agung ketimbang karo Sang Nata Agung, kita kudu luwih mbangun turut marang Gusti Allah tinimbang karo manungsa. Pungkasané, Gusti Allah kang kagungan Sang Nata agung lan kabéh dhuwit kang dadi darbeke, lan kabéh emas kang ana ing donya iki, dikaya Panjenengané kagungan kabéh negara lan kabéh bangsa-bangsa. Para pemimpin donya iku kaya dene dalan banyu ana ing asta Panjenegane.
Sang Kristus kagungan kawicaksanan kang luwih tinimbang karo wong-wong kang wicaksana ing donya iki. Panjenengané kalimputan kayektén lan tulus ing sajroné pangandikan-NE. Katresnan Panjenengané marang wong-wong kang arep nyengkolong Panjenengané iku pérangan saka kawicaksanan Panjenengané, supaya Panjenengané bisa nuntun wong-wong mau marang pamratobat lan mbangun turut marang Gusti Allah Kang Maha Kuwasa.
Sang Kristus paring dhawuh marang kita supaya mbangun turut marang para pemimpin, lan mbayar pajek. Luwih saka iku, Panjenengaen nimbali kita supaya mbangun tutur marang Gusti Allah, lan masrahaké dhuwit lan urip kita ing sajroné asta Panjenengané. Aja anglandhesi urip marang bandha kadonyan, nanting pracayaa marang Gusti, masrahaké marng Panjenengané kabéh rasa kuwatir babagan urip kita. Wong kang leladi Gusti kanthi setya bakal ngrasakaké patunggalan karo Panjenengané kang Mahasuci lan Panjenengané ora tahu ninggalaké awake.
Anggon kita sumarah marang Gusti Allah kang gesang iku wates saka hak deduwékan kita. Ing ngendi agama lan pemerintahan iku pisah, wong-wong kristen bisa leladi negara sawutuhé, lan kebak pangorbanan. Nanging wong iku tetep kudu luwih mbangun turut marang Gusti Allah tinimbang karo manungsa, awit Kang Maha Suci iku kang dadi punjering lan dadi landhesané jagat raya kabéh.
PANDONGA: Dhuh Gusti Allah kang Suci, Paduka kemawon ingkang mranata samukawis, lan kebak saya rahmat. Paduka apunten kawula anggen kawula nresnani arta lan anggen kawula kadudut prekawis-prekawis kadonyan. Paduka uwalaken kawula sawetahipun saka watek lelamisan, kaculikan lan meri, kanthi makaten kawula saged pitados dhumateng Paduka sawetahipun, lan masrahaken sadaya raos kuwator kawula dhumateng Paduka. Paduka paring pitulungan supados negarai-negari kang gadhah panguwas mboten mbudidaya pikantuk kasugihan, kemakmuran lan kamegahan piyambak, nanging mbudidaya supaya leladi ingkang mlarat, lan ngidinaké kamardikan ngetapaken agama, kanthi makaten pikrian manungsa ugi saged karibah saka anggenipun kacancang banda kadonyan dhumateng prekawis kasukman, saking kaculikan ingkang mentingaké badan piyambak dhumaten lelados ing salebetipun katresnan. Amin.
PITAKONAN:
- Apa kawicaksanan ing sajroné jawaban Sang Kristus marang wong-wong kang arep nyengkolong Panjenengané?