Previous Lesson -- Next Lesson
18. Wulangan Babagan Ragi Wong-wong Farisi lan Herodés (Markus 8:14-21)
MARKUS 8:14-21
14 Nalika samana para sakabat lali ora sangu roti, mung ana roti siji ing prau kono. 15 Gusti Yésus banjur ngengetaké marang para sakabate, pangandikane: “Padha sing awas, padha ngwekanana raginge wong Farisi lan ragine Raja Herodhes.” 16 Para sakabat banjur padha rerasanan: “Anggone ngandika mangkono iku, marga aku padha ora nggawa roti.” 17 Bareng Gusti Yésus mirsa rerasanané iku, banjur ngandika: “Yagene kowe kok padha rasanan bab anggonmu padha ora nggawa roti? Apa kowe padha durung sumurup lan durung mangreti? Apa atimu wis dableg? 18 Kowe wong duwé mripat apa ora ndeleng, kowe duwé kuping apa ora krungu? Apa kowe padha ora kelingan, 19 nalika aku nywil-nyuwil roti kanggo wong limang ewu kae, pirang wakul turahané cuwilan?” Ature para sakabat: “Kalih welas wakul.” 20 “Lan nalika roti pitu kanggo wong patang ewu, anggonmu nglumpukaké cuwilan pirang wakul?” Atur wangsulane: “Pitung wakul.” 21 Banjur ngandika: “Apa kowe meksa durung mangreti?”
Panjenengan ora bisa nampa kayekten lan dadi keparenge Allah lumantar anggon panjenengan mituhu marang paugeran kanthi kekuwatan manungsa. Mung marga anggone nawakaké sih rahmate sang Kristus waé kang agawé panjenengan bisa dadi keparenge Kang Maha Suci. Iki kengkeran gedhé saka Injil kita, lan hakikat saka ciri-cirine. Nalika Gusti Yésus ngandika gegayutan “Ragi wong Farisi”, Panjenengané nuduhaké roh kang sengit marang Injil kang asifat resmi, saka wong-wong kang mituhu marang paugeran kang lawas lan kang nuntut mituhu marang kumpulan paugeran kang lawas lan kang nuntu supaya mituhu marang kumpulan paugeran lan donga, lan uga supaya mituhu marang Paugeran Sabat.
Wong-wong iku uga nuntut manungsa supaya pasa, nindakaké ziarah, menehi sedekah, supaya dadi keparenge Allah. Pikiran kang kaya mengkono iku apus-apusané iblis kang gedhé dhéwé, awit kabéh wong kang duwé pikiran mengkono ngebayangaké yén awaké bener saka kekuatané dhéwé, lan bisa leladi Allah tanpa pangapura luwih dhisik. Nanging, Sang Kristus mulangaké marang kita yén ora ana wong siji waé kang bener, utawa ora ana wong siji waé kang ora dosa malah wiwit wong iku isih cilik, kita kabéh cemer lan najis ketimbang karo kasucene Allah.
Ngakoni anggon kita dosa bakal njaga kita saka roh gumunggung wong-wong Farisi. Prekara iki njaga kita saka apus-apuse para ahli Torat kang lelamisan, lan saka keyakinan yén ngadoh saka sawetara jinis panganan utawa patrap urip tartamtu bakal agawé kita bisa nggayuh suwarga lan nyawisaké dalan marang Allah. Sing sapa pracaya marang kamursidan manungsa kang dilandhesi marang katememenané manungsa babar pisan ora migunané, ora bisa ditampa Allah, lan bakal tumuju menyang neraka.
Sing prayitna marang ragi wong-wong Farisi, awit ragi roh leglistik bakal ngrusak iman panjenengan. Dadia pemikiran layang-layang rasul Paulus, gateke kanthi premati kanthi mangkono panjenengan bisa ngreti sanggan kang abot supaya nampa kamardikan saka pranatan lan ing sajroné sih rahmat Sang Kristus kang nglaha.
Setilah “ragi Herodés” nuduhaké marang pepinginan nguja hardaning hawa nepsu lan ora maelu marang rasa wedi bab mangsa tembe. Sing sapa pracaya ora maneh kabawah paugeran, nanging kaparingan kamardikan ing sajroné Sang Kristus kang maringi marang kita panguwasa kanggo urip kang bener, lan kebak rasa andhap asor, kang bener-bener kita turuti, awit Panjenengané maringi paugeran Panjenengané ana ing sajroné ati kita. Ing prejanjian anyar iki, kita diuwalaké saka rasa sengit, diuwalaké saka cancangan dosa lan hardaning hawa nepsu kang asipat kedagingan, lan teguh ing sajroné iman lumantar kamardikan kita kang ora ana bandhingané ing sajroné Sang Kristus.
Nalika iku, para murid ora paham makna kang dipangandikaaké Sang Kristus. Para murid pikirané marang anggone rotine kurang, sawetara kang dikersakaké Gusti Yésus yaiku kayekten kasukman Panjenengané lan dudu patrap wong-wong Farisi, utawa kamardikan kang ora winates saka Herodés. Sang Kristus ngersakaké nylametaké para muridé Panjenengané saka anggone para murid kasilep ing dosa, cancangan pati lan pancoban iblis, lan nuntun marang Sang Rama ing kasuwargan Panjenengané. Para murid duwé pikiran gegayutan panganan kadonyan waé, lan rasa aman urip ana ing donya waé. Sang Kristus ngelikaké para murid awit anggone kliru tampa kasukma Panjenengané, utawa awit anggone luwih gati marang kabutuhan roti, nanging awit para murid dikuwasani banget déning pikiran kadonyan waé, déning kabutuhan saben dinané, lan déning anggone ora pracaya kang nekek imane. Sang Kristus nuduhaké marang para murid ing sajroné wewengan kepiyé Panjenengané bisa nglipetaké panganan kanggo wong akéh mung kanthi roti kang sethithik lan sawetara iwak. Sebanjure apa sebabe wong-wong dikuwasani déning rasa was-was bab roti sawetara Gusti Yésus bebarengan karo wong-wong mau? Apa panjenengan paham yén Sang Kristus ana ing tengahing urip panjenengan, mitulungi panjanengan supaya nyambut gawé sing temen, lan napa panjenengan nyambut gawé kanthi becik minangka sarana kanggo Panjenengané supaya nyukupi kabutuhan panjenengan saben dina? Sing sapa kang ndedonga lan nyambut gawé kanthi setya bakal ngrasakaké keyakinan babagan anané Sang Kristus, awit Panjenengané wis nguwalaké kita saka rasa kuwatir kang asipat kadonyan awit iman kita marang panguwasa langgeng Panjenengané.
PANDONGA: Dhuh gusti ingkang kagungan kesabaran, Paduka apunten anggen kawula mboten mangertos, raos kuwatos kadonyan, lan anggen kawula kacancang dhumateng kabutuhan babagan tetedhan. Paduka uwalaken kawula saking raos marem dhumateng badan piyambak kanthi suméndhé dhumateng margi ahli Torét. Paduka jangkung kawula saking hardéning hawa nefsu lan patrap cemer, lan Paduka teguhaken kawula ing sajroné keselametan Paduka. Amin.
PITAKONAN:
- Apa jawaban kang dikersakaké Gusti Yésus saka para muridé Panjenengané nalika Panjenengané mulang gegayutan ragi wong-wong Farisi?