Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 047 (A Blind Man Healed)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)

19. Wong Wuta Diwarasaké ing Bethsaida (Markus 8:22-26)


MARKUS 8:22-26
22 Gusti Yésus banjur rawuh ing Betsaida, tumuli ana wong picak kasowanaké ing ngarsané, disuwunaké supaya didemeka. 23 Gusti Nuli ngasta tangané wong picak mau lan dituntun menyang ing sajabané desa, tumuli dikecohi mripate lan ditumpangi asta sarta kadangu: “apa kowe wis bisa ndeleng apa-apa?” 24 Wong mau banjur tumenga lan munjuk: “Kawula ningali tiyang sami lumampah, namung sawanganipun kados wit-witan.” 25 Gusti Yésus numpangka astané maneh ing mripate wong mau, temahan bisa ndeleng temenan lan wis waras, wis bisa ndeleng apa-apa kanthi cetha. 26 Banjur kadhawuhan mulih lan dipangandikani: “Aja mampir ing desa kono”.

Wong Kristen kang bener tuwuh saka kawruh marang pangakon babagan rancangan panebusané Allah. Sing sapa pracaya marang Sang Kristus bakal tuwuh ing sajroné dhéwéké wanuh marang sihe Allah lan duwé pengalaman babagan panguwasa Panjenengané. Wong iku ora bakal sempurna, sinadyana wong iku diparingi sih rahmat kasampurnan, nanging wong iku bakal tuwuh saka kapiyandelan marang kapiyandelan. Undhak-undhakané kasukman iki bisa disemak cetha ing sajroné kewarasan kasukmané kang dumadi ing wong wuta ing Betsaida.

Sawetara wong pracaya nggawa wong wuta marang gusti Yésus lan nyuwun Panjenengané ndemek nganggo panguwasa kewarasan. Yaiki sejatine sari pathine wulangan Panjenengané. Hak luwih-luwih panjenengan, minangka jejeré wong pracaya kang wis diselametaké, iku kanggo nuntun wong wuta, atas iman, marang Gusti Yésus ing sajroné pandonga supaya Panjenengané bisa madhangi wong iku nganggo Roh Panjenengané.

Leladi kanggo nggayuh kang panjenengan tindakaké iki wiwitan saka kewarasan wong-wong. Sang Kristus ora banjur nuruti kekarepané wong-wong kang nggoléki Panjenengané, nanging Panjenenganén nggawa wong wuta mau. Gusti Yésus nggawa wong wuta mau adoh saka wong-wong tumuju ing papan kang sepi, lan kagungan karsa marasaké wong wuta mau, lan wong wuta iku anut Gusti Yésus diajak menyang papan iku. Mengkono uga, Sang Kristus nuntun wong kabéh kang luru kayekten supaya nyingkir, supaya Panjenengané bisa ketemu wong iku pribadi ing sajroné kahanan kang tenang, kanthi mangkono bisa anggegilut selaras karo kabutuhan lan prekarané dhéwé.

Putra Allah ngidone mripa wong wuta mau, minangka lambang lan panyucen dosa-dosane. Sing sapa wuta ing sajroné roh prelu luwih dhisik nyucekaké atine saka dosa kanthi rah Sang Kristus, awit dosa wis nyingidaké kawruh babagan Allah saka panguripan kita.

Gusti Yésus ndemek wong wuta iku kanthi asta ilahi Panjenengané, lan panguwasa Panjenengané ngresep ing sajroné awaké wong kang duwé pepinginan waras iku, kaya ngresepe listrik ing tangan lan awaké panjenengan nalika panjenengan nyanggol kabel listrik. Mengkono panguwasané Sang Roh Suci, ana babagan anyar kang asipat kasuwargan, mapan ing sajroné urip panjenengan nalika panjenengan pracaya marang pangapura dosa-dosa panjenengan awit Panjenengané kang wis disalib, awit Sang Kristu ora mung ngandikan marang Panjenengané, nanting Panjenengané uga kersa andadekaké panjennegan kanca nyambut gawé ing sajroné panguwasa Panjenengané.

Sebanjure Gusti Yésus ngandika marang wong wuta mau, lan paring dhawuh marang wong iku supaya ndeleng. Wong iku wiwit bisa ndeleng sethithik, kaya wong kang pracaya marang Kristus ora bisa banjur ndeleng cetha ing keselametané, lan babagan wadi saka tritunggal kang suci, mligine nalika roh wuta kasukman iku wis nguwasani suwe. Nanging , tambah kerep wong-wong mau ngrungokaké Pangandikané Allah, lan sesambungan kanthi panguwasa kabecikan Panjenengané bakal nundhakaké ing sajroné awaké kawruh lan iman kang bener.

Sang Kristus tetep sabar marang wong-wong kang diwarasaké nalika wong iku ora bisa banjur ndeleng kanthi cetha, nanging Panjenengan ngusap maneh ing mripate wong iku nalika wong iku matur lagi bisa nyawang sethithik. Mengkono uga, aku mituturi panjenengan sedulur, supaya ngakoni undhak-undhakané iman kang ngandhut pangarep-arep, kanthi mangkono panjenengan bisa ngrasakaké nalika Putra Allah ngusap panjenengan, lan maringi panjenengan pikiran kang luwih cetha babagan keselametan, panguwasa lan katresnan Panjenengané.

Pungkasané wong kang diwarasaké iku bisa ndeleng lan nyawang cetha Gusti Yésus. Panon Gusti Yésus kang sumanak iku prekara kawitan kang ndudut atine wong iku. Sebanjure wong iku ndeleng kanthi gumun kabéh prekara liya ing sakiwa tengen, lan atine kapenuhan kabungahan, awit mripate wis bisa nyawang Gusti.

Sang Kristus ora marengaké wong iku kesusu nyaritakaké marang wong liya, lan dhawuh ninggalaké wong akéh iku lan ngadoh saka wong-wong, terus ngaturaké panuwun marang Pangeran yén dhéwéké bisa mangerti lumantar atur panuwune marang Sang Kristus, babagan kaya apa pakaryan kaélokan Panjenengané, lan dadi jejeré manungsa sejatine wong iku ora pantes nampa pitulungané Pangeran.

Apa panjenengan tau ngaturaken panuwun marang Pangeran kang wis ngelekaké mripat panjenengan? Ana meh telung atus yuta wong wuta secara kasukman ing timur tengah. Apa panjenengan duwé rasa welas asih secara kasukman lan cemawis ngladeni wong-wong iku? Rikala apa panjenengan arep miwiti ngaturaké panuwun marang Pangeran atas keselametan kang diparingaké Panjenengané marang panjenengan? Rakala apa panjennegan kersa ngendhangi wong wuta ing laladan panjenengan, ndedonga karo wong iku, lan mitulungi apa kang dibutuhake?

PANDONGA: Dhuh Pangeran, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas kesabaran Paduka dhumateng kawula. Paduka apunten wuta kasukman kawula, Paduka sucekaké manah kawula saking panerak, lan saké cemer kawula lumantar rah Paduka ingkang aji, lan sunari kawula kaliyan “Roh Suci Paduka, kanthi makaten kawula saged ningali Paduka kanthi cetha ing salebetipun kasaenan Paduka, lan kula mboten nate nyupakaken Paduka. Paduka tulungi kawula supados mangertos anggen manah kawula bodho, kanthi makaten kawula sampun ngantos dados tiyang gumunggung, nanging kawula saged kapenuhan tentrem rahayu saking Paduka, lan nuntun katah tiyang ingkang wuta kasukmanipun dhumateng Paduka, kanthi makaten tiyang-tiyang menika, kados dene kawula, saged ningali Paduka, punjering gesang kawula. Paduka pitulungi kawula supados leladi tiyang-tiyang wuta ing sakiwa tengen kawula kaliyan peladosan ingkang dados kabetahan saben dintenipun ugi anggen kawula donga tanpa kendhat. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa kang kita sinau saka kewarasan kang ditindakaké Gusti Yésus marang wong wuta saka Bethsaida iki?

KUIS 2

Pamaos kang Kinasih,
Menawa panjenengan wis saéstu nyinaoni buku kang kaping loro saka Injil Kristus miturut Penginjil Markus iki, panjenengan bakal nampani berkah kan langgeng. Nalika iku uga, panjenengan bakal bisa mengsuli pitakonan-pitakonan iki kanthi gampang:

  1. Apa makna lan tujuwan saka dikirime utusan saka Yérusalem?
  2. Sapa sedulur lanang lan wadon Sang Kristus iku?
  3. Apa papat golongan wong kang ngrungokaké Pangandikané Allah, lan nanggapi pangandikan kuwi kanthi cara kang beda-beda?
  4. Apa pranatan gegayutan karo tuwuh lan matine kasuman iku?
  5. Kepiyé anggon kita mbangun turut Pangandikané Allah?
  6. Apa sebabe iman ora bisa tansah disingitake?
  7. Apa ta wadine tuwuh ing sajroné kraton Allah iku?
  8. Apa sebabe kraton Allah luwih agung ketimbang kabéh wulangan?
  9. Apa sebabe Gusti Yésus ngrasakaké ayem lan bisa sare ing tengahe prahara? Apa kang kita bisa sinau saka anggone disirepe praharo kang marakaké cilaka iku?
  10. Kepiyé uripe wong kang kapanjingan roh ala sawisé Sang Kristus nguwalaké saka roh-roh ala mau?
  11. Apa sebabe Gusti Yésus ngejaraké kepala pedalamen ibadah iku sujud ing ngarsa Panjenengané?
  12. Apa sebabe wanita iku diwarasaké sawisé wanita mau ndemek Gusti Yésus?
  13. Apa kang bisa kita mangreteni gegayutan Pribadi Gusti Yésus nalika Panjenengané nangekaké bocah wadon kang mati iku?
  14. Apa sebabe Gusti Yésus ora bisa nindakaké kaélokan ing ndesa asale?
  15. Apa dhawuhe Sang Kristus marang para rasul Panjenengané sadurunge ngutus martakaké Injil?
  16. Apa kang dadi jalarané saka patine Yokanan Pembaptis?
  17. Apa wadi saka anggone paring mangan marang wong limang ewu iku?
  18. Apa tegese nalika sang Kristus ngandika marang para murid; “Iki Aku”?
  19. Apa sebabe misuhi tangan lan nindakaké upacara agama ora duwé panguwasa panyucen ing ngarsané Allah?
  20. Apa dosa-dosa asal, kang tukul ing sajroné ati kabéh uwong?
  21. Apa pentinge kaélokan Gusti Yésus kang ditindakaké minangka tanggapan atas iman wong wadon Siro Fenisia iku?
  22. Kepiyé carané gusti Yésus marasaké wong kang bis lan budheg iku?
  23. Apa sebabe lan kepiyé Gusti Yésus maringi pangan nganti maregi wong kang gunggune patang ewu kang ngrungokaké Panjenengané?
  24. Apa sebabe Gusti Yésus ora nindakaké mukjijat mligi kanggo wong-wong Farisi?
  25. Apa jawaban kang dikersakaké Gusti Yésus saka para muridé Panjenengané nalika Panjenengané mulang gegayutan ragi wong-wong Farisi?
  26. Apa kang kita sinau saka kewarasan kang ditindakaké Gusti Yésus marang wong wuta saka Bethsaida iki?

Menawa panjenengan mangsuli kanthi bener 22 saka 26 pitakonan-pitakonan iki, aku bakal ngirimaké buklet sakbanjuré saka seri iki. Monggo panjenengan tulisaken asma jangkep lan alamat panjenengan kanthi cetha, lan kirimaken marang alamat iki:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2025, at 10:48 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)