Previous Lesson -- Next Lesson
12. Dhebatan Babagan Misuhi Tangan, Adat Tata cara Leluhur (Markus 7:1-13)
MARKUS 7:1-13
1 Nuju ing sawijining dina ana wong Farisi sagrombolan lan ahli Torét sawatara teka saka ing Yérusalem, padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus. 2 Wong-wong maju padha nyumurupi sakabate Gusti Yésus sawatara anggone mangan nganggo tangan kang najis, yaiku ora wisuh dhisik. 3 Sabab wong Farisi iku kayadene wong-wong Yahudi liyané, sadurunge mangan, wisuh tangan dhisik, amarga padha nggondheli adat tata carané para leluhur, 4 lan manawa mulih saka pasar, sadurunge mangan iya sesuci dhisik, akéh ila-ila liyané maneh kang ditetepi, kayata: Bab ngisahi tuwung, kendhi lan piranti-piranti tembaga. 5 Mulané wong-wong Farisi lan para ahli Torét mau banjur padha matur pitakon: “Punapaa dene sakabat-sakabat Panjenengan sami boten ngenut ila-ilaning para leluhur kita, dene sami nedha mawi tangan najis?” 6 Paring wangsulane: “Ceples temen pamecané Nabi Yesaya ing ngatase kowe, heh, wong lamis! Sabab wis katulisan: Bangsa iki anggone ngluhuraké Ingsun kalawan lambé, nanging atine ngedohi Ingsun. 7 Tanpa gawé anggone ngabekti marang Ingsun, dene kang diwulangaké iku pepakoning manungsa. 8 Pepakoning Allah koklirwakaké, lan netepi ila-ilaning manungsa.” 9 Pangandikané maneh mangkene: “Pinter banget kowe nyingkiraké pepakoning Allah, supaya bisa netepi adat-tata caramu dhéwé. 10 Marga ana dhawuhe Nabi Musa mangkene: “Sira ngajenana bapa-biyungira, lan sing sapa ngipat-ipati bapa biyunge kudu diukum pati. 11 Nanging kandhamu: “Manawa ana wong kang matur bapakne utawa biyunge: Gadhahan kula ingkang kenging kanggé ngrukti panjenengan, sampun kanggé kurban inggih punika pisungsung kagem Gusti Allah, 12 Ing kono wong mau wis ora prelu nindakaké apa-apa kanggo bapakne utawa biyunge. 13 Dadi pangandikaning Allah kokorakaké, jalaran kowe wis netepi ila-ila. Lan isih akéh bab liyané kang kaya mangkono kang koktindakake.”
Wong misuhi tangané sadurunge mangan, awit hawa bisa waé nggawa kruma, kang bakal nekaaké maneka lelara. Nanging sing sapa mratélakaké yén misuhi pérangan njaba iku penting kanggo mbeneraké awaké lan dadi keperenge Gusti Allah, wong-wong mau yaiku wong-wong kang bodho secara kasukman lan banget cethek kawruh kasukmatné, awit Kang Maha Suci nuntun kasucen ing ati, lan dudu mung nindakaké tata cara agama kang kothong. Kuli kang tangané reged awit anggone nyambut gawé, upamané, lan kang pracaya marang pangapuraning dosa ing sajroné Sang Kristus, iku sagambar kang suci karo kang nitahaké, sinadyana tangané reget. Nanging wong kang nganggo sandhangan mewah, kang asring adus nanging atine cemer lan kebak pikiran ala, mesthi bakal mlebu neraka sinadyané wong iku wis nindakaké akéh wisuh lan maneka jenis upacara agama babagan nyuceni awake.
Sang Kristus nuntun owah-owahan kang keras kang ana sambut rapete panguripaning agama. Panjenengané paring kamardikan kita saka maneka jenis upacara agama, kewajiban, lan pranatan, uga mratélakaké marang kita hakikat saka anggon kita sumarah lan tujuan saka kabéh iku, yaiku ati kang dianyarake. Anggone ngakoni yén ana wong kang wis nindakaké kabéh parintah iku wujud lelamisan lan nggorohi awaké dhéwé salawasé wong iku durung dilairaké maneh saka Gusti Allah. Kabéh donga-donga mung lelamisan lan palsu salawaé wong iku durung ngakoni paneraké lan matur marang Allah mangkené, “Dhuh Gusti Allah, paringana Rahmat Paduka dhumateng kula ingkang dosa menika!”. Kabéh leladi kang kita tindakaké marang Gusti Allah ora bakal ana hasile manawa kabéh iku metu saka jerone patrap kita kang mentingaké awak dhéwé. Manungsa badaniah kita ora bisa dadi keparenge Allah kanthi tata cara adat, kewajiban, lan maneka upacara kang dianakaké manungsa, utawa donga, pasa, ziarah, lan amal sedekah, awit apa waé kang metu saka ati manungsa iku najis lan ora pantes ing ngarsané Kang Maha Suci.
Mung apa kang asale saka Gusti Allah iku kang pantes. Kayekten kita kang diparingaké déning Sang Kristus marang kita yaiku nugraha Allah, lan dudu pambudidaya kita. Anggon kita disucekaké uga sawijining pakaryan Sang Roh Suci. Kita ora bisa mbangun turut dhawuh-dhawuh Allah nganggo kekuwatan kita dhéwé. Agama kang diedegaké atas landhesan pambangun turut marang paugeran mung sawijining panganen-angen tanpa guna, lelamisan lan ngapusi awaké dhéwé, awit gusti Allah ngersakaké pamratobat kita lan patrap remuking ati kita, kanthi mangkono Panjenengané bisa ngalimputi ati kita karo katresnan Panjenengané. Lagi sawisé iku kita bakal dirubah saka njero. Kita isih leladi wong tuwa kita kanthi kebak rasa kurmat lan atur panuwun, ngorbanaké pengarep-arep kita kanggo tuwa kita, lan menehi wektu bebarengan karo wong tuwa kita mau, minangka atur panuwun marang Gusti Allah. Pujian isih kita aturaké saka ati kita, awit Gusti Allah wis rawuh marang kita ing sajroné Putra Panjenengané, lan wis merdikaaké kita saka bandané upacara agama.
Apa panjenengan pirsa yén lelamisan iku dosa kang paling njemberi saka wong-wong kang ketoke kaya wong soleh, kang duwé tembung-tembung manis, lan kang ndedonga ing ngarsané kabéh uwong, nanging kang atine ngetokaké tembung-tembung kang beda karo kang beda karo kang diwetokaké saka lambéné, lan kang pikirané adoh saka Gusti Allah? Akéh donga kang ditindakaké kanthi lelamisan, awit ora metu saka ati kang andhap asor, lan durung disucekaké déning getih lan Sang Roh Suci. Kabéh kalungguhan agama mung palsu ing ngarsané Allah manawa wong kang ndedonga iku ora masrahaké awaké sawutuhe marang Kang Maha suci.
Bebaya saka urip kang kamursidan kang lelamisan yaiku patrap gumunggung atas awak dhéwé kang terus tambah-tambah nalika wong kang fanatik andadekaké sawijining paugeran tertamtu dadi dalan kanggo panyucené, lan sebanjure ngipat-ipati kabéh wong kang anut apa kang ditindakaké iku. Sing prayitna marang tindak lelamisan. Lelamisan luwih mbebayani saka wisa. Lelamisan bisa mateni katresnan lan iman kang wiwitan duwé pandonga kang tulus. Lelamisan uga dadi sarana gumunggung kanggo wong lamis iku dhéwé.
PANDONGA: Dhuh Sang rama, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka kebak sih rahmat dhumateng kawula, lan Paduka ngapunten sadaya dosa kawula kanthi sédanipun Putra ontang-anting Paduka. Kalimputana kawula kanthi panguwaos katresnan Paduka kanthi makaten kawula saged masrahaken badan kawula sawetahipun dhumateng Paduka kanthi pujian lan atur panuwun, lan selajengingpun uga leladi tiyang sepuh kawula kanti katresnan. Tinebihna kawula saking mursid ingkang lelamisan lan patrap munafik kanthi makaten kawula saged nebih saking patrap gumunggung, lan nglampahi gesang kang remuk manah ing ngarsa Paduka, dhuh gusti Allah. Amin.
PITAKONAN:
- Apa sebabe misuhi tangan lan nindakaké upacara agama ora duwé panguwasa panyucen ing ngarsané Allah?