13. Gusti Yésus Mratélakaké Apa Isi atine Wong-Wong kang Lelamisan (Markus 7:14-23)
MARKUS 7:14-23
14 Gusti Yésus banjur nimbali wong akéh maneh lan padha dipangandikani: “Kabéh padha ngrungokna lan padha pikiren sing temenan. 15 Samubarang kang saka ing jaba lumebu ing manungsa, iku ora njalari najis, nanging apa kang metu saka ing manungsa, iku kang marakaké najis. 16 Sawisé Panjenengané sumingkir saka ing wong akéh mau lan lumebet ing sawijining omah, para sakabate banjur nyuwun katrangan bab tegese pasemon mau.Nuli padha dipangandikani: “apa kowe iya ora ngreti? Apa kowe ora ngreti, yén samubarang kang saka ing jaba lumebu ing manungsa iku ora bisa marakaké najis, 19 amarga ora lumebu ing sajroning ati, nanging lumebu ing weteng, banjur kabuwang ing pakiwan?” Pangandika iku mratélakaké, yén sakabéhe pangan iku kalal. 20 Bannur nyambeti pangandika: “ apa sing metu saka ing manungsa, iku sing maraaké najis, 21 sabab saka ing jero, saka ing sajroning atine manungsa, thukul sakabéhing pikiran sing ala, kang lekoh, kadurjanan, gawé pati, 22 laku bandrek, srakah, piala, akal palsu, hawa nepsu, meri, panyatur ala, gumedhe, tanpa budi. 23 Sakéhe piala iki thukul saka ing jero lan marakaké najis marang manungsa.”
Coban kang gedhé dhéwé kanggo wong-wong pracaya kang mursid yaiku duwé kekarepan nyucekaké awaké kanthi pambudidaya dhéwé; lan awit saka iku, wong-wong mau ngedohi jenis-jenis panganan lan sandhangan tartamtu, utawa ngapalaké ayat-ayat Kitab suci supaya gawé renaning Allah.
Geréja-geréja lan klompok-klompok kang njawehi jinis sandhangan tartamtu, njawehi ngrungokaké Radio utawa TV, durung ngreti kayekten kang pait yén katon saka njaba lan apa kang bisa dideleng iku ora dadi jalaran, nanging kang dadi jalaran orang keparenge Gusti iku awit saka dosa-dosa kita. Kabéh iku mung kaya wong kang mbabat suket nanging ora njabut suket mau nganti tekan oyote. Pagawéanne ora ana gunané, awit kang penting dhéwé yaiku njabut piala saka pikiran kita, lan sebanjure woh-woh kang ala uga bakal ilang.
Apa panjenengan pracaya yén manungsa iku wose ora ana kang becik? Sang Kristus mulangaké kita babagan karusakané urip manungsa, awit ati manungsa sabenere iku sumber wisa lan piala. Sadhérék sadaya, jujur lan tinarbukaa ngakoni apa kang panjenengan pikiraké ing awan, lan apa kan panjenengan angen ing wayah bengi. Panjenengan tampa pangandikané Sang Kristus kang kaya lading bedah, kang bakal mbuka ati lan nuntun padhang iku mlebu ing sajroné ati.
Putra Allah nyebutaké yén dosa-dosa panjenengan, kang nyemeraké urip panjenengan, asale saka hardaning hawa nepsu lan cemering panjenengan dhéwé, lan malah uga laku jina, homoseksualitas. Aja goroh, nanging aturna kanthi jujur marang Gusti Allah pikiran hawa nepsu, tembung saru, lan dosa-dosa kang panjenengan mangreteni kanthi mengkono Panjenengané bakal ngapura lan marasaké panjenengan.
Sang Kristus nyebutaké panjenengan iki wong kang gawé pepati, ora awit panjenengan mateni uwong, nanging awit panjenengan sengit marang wong liya lan nampik wong-wong ing sajroné ati panjenengan, lan panjenengan kepengin ngedohaké wong-wong kanthi mangkono ora kudu ketemu maneh karo wong-wong mau. Nanging Gusti Yésus mulang panjenengan supaya nresnani para satru panjenengan lan ngapura satru panjenengan sawutuhe. Sang Kristus uga nuduhaké marang panjenengan yén duwé pikiran nyolong ana ing ati kabéh uwong.Cethané, panjenengan wis dadi maling. Apa ana barang ing tangan panjenengan, kang dudu darbek panjenengan dhéwé? Apa panjenengan ngrampas saka wong-wong liya, bisa wektu, pikiran, utawa prekara-prekara liya sing gedhé utawa sing cilik? Balekna marang sing duwé apa waé kang dudu darbek panjenengan, lan akoni kaluputan panjenengan ing ngarepe sing duwé. Manungsa duwé pengarep-arep duwé dhuwit lan kasugihan lan entuk kasugihan iku tanpa Gusti Allah. Kita asring ora ngreti yén kita ngrampok hak Kang Maha Luhur, kang kagungan kabéh jagat raya. Apa panjenengan ngedohaké badan, kekuatan, lan pikiran panjenengan saka Allah, utawa panjenengan masrahaké badan panjenengan dadi kagungan Panjenengané lan ndhérék dhawuh-dhawuh Panjenengané? Dadaren badan panjenengan dhéwé: Apa panjenengan ngreti kahanan panjenengan ing sajroné Roh Gusti Yésus? Aja gumunggung. Akoni kanthi jujur.
Ati panjenengan kebak piala, watek maling, lan ana rasa sengit marang manungsa. Panjenengan nganja awak karo kamewahan. Panjenengan wis dadi brahala kanggo awak panjenengan dhéwé. Panjenengan manembah kanggo kepentingan panjenengan dhéwé, mbandingaké awak panjenengan karo wong-wong liya, lan nyenyamah Gusti Allah ing sajroné donga-donga panjenengan, awit panjenengan ora nresnani Panjenengané kanthi golong gilik, nanging kasurung déning pepinginan ala panjenengan dhéwé. Panjenengan nyimpen rasa sengit lan patrap mentingaké awak dhéwé awan lan benti.
Kaping pira Panjenengané nggunakaké asma Gusti Allah tanpa guna, ing wayah awan, tanpa andadekaké Panjenengané bener-bener dadi punjering pikiran lan urip panjenengan? Sing prayitna marang watek gumunggung lan gumedhe. Yaiki dosa kang wis agawé iblis misahaké awak panjenengan saka Gusti Allah, lan dadi wong kang gumunggung.
Sedulur, apa panjenengan ngakoni yén panjenengan sabenere ora duwé kawicaksanan, lan panjenengan ora bakal tau bisa wanuh gusti Allah lan badan panjenengan dhéwé, kajaba manawa Sang Roh Suci madhangi pikiran panjenengan lan nuntun panjenengan marang pamratobat iman lan kaanyaraké ing sajroné katresnan Gusti?
PANDONGA: Dhuh Allah kang suci, Paduka apunten manah kawula ingkang awon, lan sucekaké kawula saking hawa nepsu cemer kawula. Paduka sucekaké kawula saking raso sengit lan saking sadaya jinis nyenyolong, lan ngawonaken kanthi mligi watek gumunggung, piawon, lan bodhone kawula. Kula ngakeni dosa kawula ing ngarsa Paduka, lan mburu panyucen lumantar rah Sang Kristus. Paduka sempurnakaken anggen kawula kaanyaraken ing salebetipun Sang Roh Suci Paduka kanthi makaten kula moten dhawah. Titahaken ing salebetipun kula manah ingkang suci, dhuh Allah, lan Paduka énggalaké keteguhan roh ing salebetipun gesang kula. Amin.
PITAKONAN:
- Apa dosa-dosa asal, kang tukul ing sajroné ati kabéh uwong?