Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 008 (Baptism of Jesus Christ)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 1 - Cecawisan Kanggo Rawuhe Sang Kristus (Markus 1:1-13)

3. Gusti Yésus Kristus Dibaptis (Markus 1:9-11)


MARKUS 1:9-11
9 Nalika samana Gusti Yésus rawuh saka ing kutha Nasaret ing tanah Galilea, lan banjur dibaptis déning Nabi Yokanan ana ing bengawan Yarden. 10 Bareng Panjenengané mentas saka ing banyu, banjur mirsa langit piyak, sarta Roh apindha manuk dara tumedhak ing Panjenengané. 11 Nuli ana swara saka ing swarga kang kaprungu mangkene: “Sira iku Putra kang Suntresnani, kang dadi kaparenging panggalihingSun.”

Gusti Yésus ninggalaké Nazaret, papan Daleme ing Galilea, lan nekani kumpulané wong kang lagi mratobat kang ngrubung Yokanan Pambaptis. Nalika iku Nazaret iku sawijining kutha kang adoh banget saka pusat keagamaan lan budaya ing Yérusalem. Sinadyana kabobot duwé jeneng kang ala saka masyarakat umum, lan sinadyana kutha iku pancen adoh saka budaya kang alus lan malah duwé ciri kang kasar, nanging Gusti Yésus kang isih nom-noman, Putra Maryam, tetap ora dosa. Panjenengané ora mbutuhaké baptisan kanggo pangapurané dosa, awit Panjenengané pancen ora duwé dosa, kapilih lan suci. Panjenengané ora ngakoni kaluputan, nanging Panjenengané dibaptis nggenteni manungsa, sawise nampa timbalan Allah supaya nyangga kabéh dosa jagat.

Gusti Yésus yuswané kurang luwih 30 tahun nalika Panjenengané nampa tanggung jawab gegayutan karo misi iki, lan mimiwiti tanggung jawab Panjenengané ngrukunaké manungsa karo Gusti Allah. Lan nalika Panjenengané dibaptis kanggo kita, langit tinarbuka, lan kaélokan Tritunggal kang Suci dipratélakaké nalika Sang Roh Suci mandhap pindha manuk dara, lan tumedhak ing Panjenengané minangka lambange katentreman. Tentrem rahayu Allah manunggal ing sajroné ati Sang Ratu Tentrem iku, lan manunggal ing sajroné Panjenengané, awit Panjenengané wis teluk sawutuhe hakikat kamanungsan Panjenengnae marang leladi marang Gusti Allah. Nalika Panjenengané dibaptis, ana suwara saka swarga kaprungu, “Sira iku Putra kang Suntresnani, kang dadi kaparenging panggalihingSun.”

Ora prelu mangu-mangu maneh, Sang Kristus wiwit kalanggengan pancen kalimputan Sang Roh Suci. Nanging, saiki Gusti Allah mbuktekaké marang Panjenengané kanthi cara kang ora mlebu nalar yén Panjenengané pancen ana ing sajroné keselarasan karo Sang Kristus, kang kanthi tulus lan golong gilik masrahaké sarira Panjenengané marang karsané Sang Rama Panjenengané.

Ana ngendi Sang Roh suci, Sang Rama ngandika. Panjenengané mratélakaké sarirané minangka Sang Rama, lan ngluhuraké Sang Kristus minangka Putra Allah. Ora ana siji waé manungsa kang bisa nggunakaké tembung-tembung katresnan kang mengkono dikaya kang dingandikaaké déning Sang Rama gegayutan Putra Panjenengané minangka paseksén kang langgeng babagan hakikat Panjenengané, lan roh manungsa uga ora bakal bisa ngreti tembung-tembung iku, awit Gusti Allah piyambak kang wis mbuka tutup iku, mratélakaké sarirané minangka kengkeran katresnan lan kabungahan kang langgeng, lan nyeksekaké yén Sang Kristus iku putra Panjenengané lan ing sajroné Panjenengané kapenuhan kabéh hakikat sipat keallahan ing sajroné badan Panjenengané.

Kalimputan sipat Allah iki dipratélakaké ing sajroné kabecikan, sih kawelasan, alusing bebudén, lan anggone sabar. Gusti Yésus iku siji-sijine kang ditresnani Panjenengané, kang kebak kanthi katresnan Allah, awit Panjenengané wis ngrukunaké jagat kang wiwitan memungsuhan karo Gusti Allah kang suci, lan mbuka kanggo kita kang dadi jalaran kita dadi putra-putra Allah lan melu njegur ing sajroné keparenge Panjenengané. Apakah Gusti Allah kepareng kanthi patrape Panjenengané?

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, kawula manembah Paduka kanthi pujian lan atur panuwun, awit Paduka sampun mratélakaké marang kawula hakikat Paduka minangka Rama ingkang langgeng kanggé Putra Paduka ingkang Paduka tresnani Gusti Yésus Kristus, lan adamel kawula saged mesthekaké katresnan Paduka ingkang mboten nate ribah lumantar panguwaos Sang Roh Suci Paduka, ngapunten sadaya dosa kawula, lan ngalimputi kawula kanthi atur panuwun atas sih rahmat Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Kepiyé Tritungggal kang suci katon ing sajroné lelakon iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 12, 2025, at 12:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)