Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 251 (The Traitor's End)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

18. Wekasan Uripé Wong Kang Mbaléla (Matéus 27:3-5)


MATÉUS 27:3-5
3 Nalika Yudhas, kang ngulungaké Gusti Yésus, sumurup, yén Panjenengané bakal kasédanan, banjur kaduwung, dhuwit telung puluh sekel salaka kabalekaké marang para pangareping imam lan pinituwa 4 kalawan matur: “Kula damel dosa, jalaran ngulungaken rahipun tiyang ingkang boten lepat.” Nanging wangsulané wong-wong mau: “Preduli apa, iku prakaramu dhéwé” 5 Dhuwit banjur diuncalaké déning Yudhas menyang sajroning Padaleman Suci, nuli lunga saka kono lan mati nggantung.
(Matéus 26:15, Para Rasul 1:18-19).

Sakwisé ndeleng yén Gustiné ora agawé pambalela kang asipat politik, Yudhas dikuwasané rasa getir ing ati. Yudhas uga kebak rasa getun, awit ngrumangsani yén dhéwéké kalebu melu cawe-cawe ing sajroné sédané Gusti Yésus. Rasa getun kang mengkono manawa ora dikantheni pamratobat bakal nuntun marang rasa nglokro. Yudhas sabeneré wis ngakoni dosa-dosané marang para imam kepala, nanging dhéwéké ora nampa sih kawelasan saka para imam mau. Dhéwéké nyawisaké awaké nyeksekaké bab anggoné ora luput Gusti Yésus iku, lan dhéwéké ngguwang dhuwit anggoné mbalela iku menyang pedaleman Suci. Pangakoné ora wiwitan saka pamratobat kang bener, nanging namung akibat saka rasa wedi. Anggoné nerak numpuk kaya gunung kang dhuwur kang kang ngaboti atiné. Pungkasané Yudhas nggantung awaké nganggo tali. Nalika tali iku pedhot, dhéwéké langsung tiba, lan wetengé bedhah ususé metu kabéh (Lelakon para rasul 1:8)

Nalika Yudhas kelingan apa kang ditindakaké, dhéwéké kalimputan rasa prihatin, prihatin lan rasa getun. Teulng puluh dhuwit slaka kang wiwitané katon banget ndudut ati, nanging sakwisé anggoné khianat iku kelakon lan dhuwite ditampa, slaka iku dadi larahan; nyokot kaya ula, lan ngentup kaya tawon. Kita bisa ngebayangké dhweké kandha marang awaké dhéwé, “Apa kang wis aku tindakake! Aku wong bodo, kaya ngapa cilakané aku, ngedol Gustiku dhéwé lan kabéh rasa kepenak uga anggonku binerkahan bebarengan kanggo prekara kang sepele mengkono! Kabéh kahanan asor lan dipepoyok kang diarahké marang Panjenengané kuduné aku kang nyangga. Awit aku Panjenengané dicancang lan diukum, diidoni lan diantemi”.

Yudhas sebanjuré ngipati-ipati kanthong kang digawa, dhuwit kang disimpan dhweké, imam agung kang kandha karo dhéwéké, lan dina ing ngenti dhéwéké dilahirake. Eling gegayutan kabecikan bendarané lan rahmat Panjenengané lan uga kabéh pepeling kang wis disepelekaké, numpukaké dakwan marang dhéwéké lan nembus jiwané. Dhéwéké nemokaké kayektén tembungé bendarané “Luwih becik kanggo dhéwéké, manawa dhéwéké ora tau dilahirake”.

Anggoné ditawakaké nugraha Gusti Allah mung kanggo wektu kang winates, lan ora ana dhuwit gungguné pira waé kang bakal bisa nggenteni. Kanggo wong-wong kang manget-manget, pungkasan urip Yudhas dadi pepeling supaya wong-wong mau sowan Gusti Allah lan mratobat.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka nimbali tiyang ingkang ngianati Paduka sinebat “rencang”. Ing wekdal Bujana Pungkasan Paduka sampun ngemutaken tiyang menika supados mratobat, nilarkan dosa sowan dhumateng Gusti, lan nilaraken kekajengan awonipun, nanging tiyang menika mboten purun, lan mboten ngakeni dosanipun. Tiyang menika langkung nresnani arta tinimbang tiyang menika nresnani Paduka. Tiyang menika gadhah pepinginan gadhah panguwaos lan kalenggahan, lan tiyang menika ngejaraken si pangawak dursila ngendhaleni pikiranipun. Paduka ampuni piawon kawula lan Paduka sucékaken kawula saking sadaya pikiran awan kawula dhumateng sedhérék kawula jaler istri. Ampun negakaké kawula ngianati sedhérék-sedhérék kanthi sengaja utawi mboten sengaja, utawi nilaraken sedhérék-sedhérék menika, nanging kersanipun kawula ngadeg jejeg kaliyan sedhérék-sedhérék menika ing salebetipun kasisahan lan mbelani sedhérék-sedhérék menika ing ngajengipun tiyang-tiyang ingkang nyengiti sedhérék-sedhérék menika.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Yudhas nggantung awaké lan ora mretobat kaya Petrus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:12 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)