Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 184 (Jesus’ Entrance into Jerusalem)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)

1. Gusti Yesus Mlebu ing Yerusalém (Matéus 21:1-9)


MATÉUS 21:6-9
6 Sakabat-sakabat mau banjur mangkat lan nindakaké apa sadhawuhé Gusti Yésus. 7 Kuldiné karo beloné digawa, banjur dilarabi sandhangané. Gusti tumuli nitih. 6 Wong-wong kang gunggungé akéh banget iku padha njereng panganggoné ana ing dalan, ana manéh kang padha mecoki pang-panging wit-witan, padha disebar ana ing dalan. 9 Lan wong akéh kang padha lumaku ana ing ngarsané Gusti Yésus lan kang lumaku ana ing sawingkingé padha nguwuh-uwuh pangucape: “Hosana konjuk ing Putranipun Prabu Dawud, binerkahana ingkang rawuh awit saking Asmaning Pangéran. Hosana wonten ing ngaluhur.”
(2 Raja 9:13, Jabur 118:25-26).

Sang Kristus rawuh selaras karo prasetya kang wis suwé kaparingake. Panjenengané mlebu kutha Yerusalém kanthi madeg Sang Ratu Katresnan, nekakaké tentrem rahayu Allah ing sajroné ati Panjenengané nitih kuldi lan ora nitih jaran kaya Raja utawa kaya priyayi kang nelukake. Putra Allah rawuh ing sajroné kabecikan lan kanthi watek andhap asor, ora kanggo ngadhili ing sajroné bebendu, utawa kanisthan. Panjenengané rawuh supaya maringi kemenangan marang wong-wong kang kesasar. Minangka jejeré Imam Agung lan Cempening Allah, Panjenengané ngujudi panebusan dosa manunga kanggo sarirané Piyambak.

Nanging, akéh wong ora ngreti tujuwan anggoné Gusti Yésus rawuh kang kawitan. Wong akéh duwé pengarep-arep anané jaman anyar kang gampang, duwé panguwasa lan kaluhuran. Awit saka iku wong-wong nampani kanthi panguwuh kang ditujokaké kanggo iman kepala kang ngrukunaké bangsa karo Gusti Allah. Nanging wong akéh golék pitulungan lan berkah Allah kanggo tujuwan ngalahaké lan nelukaké bangsa Rum, lan dudu nampa pangapurané Allah ing sajroné atiné.

Wong akéh kang nampani Sang Krisus dadi Ratuné kudu masrahaké awaké lan kabéh kang dadi duwéké ing sangandhape suku Panjenengané dikaya wong akéh iku nggelar sandhangané ing dalanan. Nalika Sang Kristus rawuh, kudu dikandhakaké ing jiwa kita, “Tumungkula, supaya aku padha bisa liwat kalawan ngidak-idak awakmu!” (Yésaya 51:23). Nalika para murid nggelar sandhangané ing ngarep kuldi, sawetara wong liya nggelar sandhangané lan uga pang-pang wit ing ndalan. Iki pakulinan kang ditindakaké ing Dina riyaya Tanceping Tarub kang dikarepaké kanggo nuduhaké kamardikan, kamenangan, lan kabungahan. Dina riyaya iki uga digawé ing kang ana sambung rapete mangsa Injil (Zakaria 14:16).

Dina iki, Sang Kristus teka marang umat kagungané lumantar Sang Roh suci. Apa panjenengan ndeleng hak luwih-luwih iki? Panjenegané nerangaké sih rahmat Allah marang panjenengan kanthi tujuwan kanggo manungga ing sajroné panguripan panjenengan. Apa kang bakal panjenengan tindakake? Apa panjenengan arep manembah Panjenengane? Apa tutuk panjenengan memuji Panjenengane? Apa panjenenga masrahaké awak panjenengan lan kabisan panjenengan ing sajroné panguwasa Panjenengané kaya wong-wong kang nggelar pandhangané ing suku Panjenengane? Putra Allah lagi rawuh. Kepiya panjenengan nampani Panjenengane?

Ing jaman semana, wong-wong Yahudi urip kabawah momotan awit di jajah bangsa Rum. Wong Yahudi nampa Sang Kristus kinanthenan semangat, kanthi pangarep-arep entuk panguwasa saka Panjenengané kanggo lumawan bangsa Rum. Nanging Panjenengané ora janji bakal ménéhi panyengkuyung politik marang wong-wong mau, lan Panjenengané ora ngandikaaké bakal maringi pitulungan supaya wong-wong mau nggayuh tujuwan kadonyané. Mengkono uga, Gusti ora tansah bakal ngundhakaké pangkat panjenengané utawa ménéhi marang panjenengané kasugihan raja brana kadonyan. Panjenengané malah bakal nuntun panjenengan saka kang sawetara marang kang langgeng, saka patrap mentingaké awaké dhéwé marang sikep anresnani. Manawa panjenengan nampani Panjenengané kanthi landhesan kadonyan, bisa uga panjenengan ora suwé bakal nyingkur Panjenengané. Nanging manawa panjenengan nyuwun pangapura marang Panjenengané atas dosa-dosa panjenengan lan golék tentrem rahayu Panjenengané Panjenengané bakal mbuka atiné panjenengan lan manunggal ing sajroné. Sebanjuré kabungahan kang langgeng bakal ngalimputi panguripan panjenengan.

PANDONGA: Rama, kula mboten pantes nampeni Paduka ing salebetipun griya kula. Paduka sucékaké manah lan pikiran ing antawisipun bangsa kawula kanthi makaten Paduka saget rawuh lan gesang ing salebetipun kawula ngantos selami-laminipun. Sucékaken kawula kanthi panguwaos Paduka. Ampun nglangkungi kawula, nanging manunggala ing salebetipun kawula lan kanthi manunggal ing salebetipun tiyang kathah ingkang madosi Paduka kanthi kebak pengajeng-ajeng ing jagat menika.

PITAKONAN

  1. Apa kang bisa disinau saka rawuhé Gusti Yésus ing Yerusalém?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 08:52 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)