Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 163 (Disciples’ Pride and the Children’s Humility)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
4. WEWATONAN KANG PRAKTIS NGENANI KRATONING ALLAH (Matéus 18:1-35) -- KUMPULAN KAPAPAT SAKA PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

a) Gumunggungé Para Murid Lan Andhap Asoré Bocah-Bocah Cilik (Matéus 18:1-14)


MATÉUS 18:1-4
1 Ing nalika iku para sakabat padha sowan ngadhep ing ngarsané Gusti Yésus lan maut pitakon: “Sinten ta ingkang pinunjul wonten ing Kratoning Swarga punika?” 2 Gusti Yésus banjur nimbali bocah cilik siji, didegaké ana ing tengahé para sakabat 3 tumuli ngandika: “Manawa kowé ora mratobat lan dadi kaya bocah cilik iki, kowé ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga. 4 dadi sing sapa ngesoraké awak lan dadi kaya bocah cilik iki, yaiku kang pinunjul ana ing Kratoning Swarga.
(Matéus 19:14, Markus 9:33-37, Lukas 9:46-48).

Awit pentingé ing sajroné gereja, panginjil Matéus mapanaké lelakon iki dadi wiwitan kanggo kotbah kaping pate Gusti Yésus Kristus. “Sapa ta kang pinunjul ing sajroné gereja?” Pitakonan iki isih dirembug déning para pinituwa lan para pendeta. Si Pangawak dursila, kanthi reka dayané nyurung anggoné nyebar rohé dhéwé kang tundhoné dosa ing antarané para pemimpin ing sajroné Kraton Allah. Wong-wong mau tiba ing sajroné pancoban, ninggalaké katresnan lan anggoné andhap asor, lan cecongkrahan ing antarané wong-wong mau kawiwitan, lan cempe-cempe uga dadi sumebar.

Kahanan kang nuwuhaké pancoban kang milih antarané gumunggung utawa andap asor iku ngundhakaké unggul kinunggulan ing antarané para murid supaya bisa ana ngarep dhéwé. Para murid mubeng-mubeng padha kandha ing antarané awaké dhéwé (awit para murid isin nyuwun pirsa marang Gusti Yésus), “Sapa kang pinunjul ing sajroné Kraton Swarga?” Para murid ora duwé karep nemokaké “sapa” ing sajroné watek-wantu, kanggo bisa ngreti apa nugraha lan tanggung jawab kan kudu ditindakaké kanthi becik, nanging “sapa” kang nuduh marang jeneng. Para murid wis akéh sinau lan kotbah babagan Kraton Suwarga, babagan Kraton Sang Mesih, lan gereja Panjenengané ing jagat iki. Nanging para murid isih adoh saka kasunyaan kasukman babagan prekara iki. Para murid ngimpi babagan kraton kang sawetara lan kamulyan lan panguwasa badani waé. Sang Kristus lagi waé nyethakaké babagan panandhang lan kaluhuran kang bakal nganthi, sakwisé Panjenengané wungu manéh. Saka pameca Panjenengané para murid duwé pangarep-arep yén Kraton Panjenengané bakal kawiwitan ing jagat iki. Saiki para murid duwé pikiran wektu wis pas kanggo mbudidaya kalungguhan ing kana. Ing sajroné kahanan kang mengkono, para murid duwé anggepan, luwih becik omong cepet-cepet babagan prekara iku!

Para murid mbudidaya golék ngerti sapa kang bakal nampani kalungguhan kang ngarep dhéwé. Petrus tangsah dadi kepolo juru wicara lan wis duwé kunci kasuwargan kang diparingaké marang dhéwéke. Panjenengané duwé pengarep-arep bakal duwé panguwasa minangka presiden, lan kanthi mengkono dadi kang unggul dhéwé. Yudas nyekel kanthong bendhahara bakal ménéhi tandha yén dhéwéké duwé panguwasa gedhé. Yokanan iku murid kang ditresnani dhéwé, calon unggul dadi Raja ing mangsa tembe, lan kanthi mengkono duwé pengarep-arep bakal dadi kang unggul dhéwé. Andreas iku kang kawitan ditimbali, dadi apa sebabé dhéwéké ora entuk luwih tinimbang kang liyane?

Akéh kang seneng ngrungokaké lan ngomong gegayutan kaluwih-luwihan lan kamulyan, lan ora gelem cawe-cawe nyambut gawé kanthi tumemen lan ora gelem kangelan. Wong-wong mau mung ndeleng makutho, nangingi padha lali babakan pasangan lan kayu salib iku. Mengkono uga para murid ing kené nalika para murid nyuwun pirsa, “Sinten ingkang unggul piyambak ing salebeting Kraton Suwarga?”

Dosa pakulinané katon ing sajroné pepinginan manungsa supaya entuk kamulyan, kalungguhan, kasugihan lan ayuné rupa. Kita kabéh digodha déning Iblis iku – watek gumunggung. Kanggo ngalahaké lelara kasukman iki, Sang Kristus ngedegaké bocah cilik ing tengah-tengahé para murid. Panjenengané dhawuh para murid supaya nuladhani bocah cilik iku babagan anggoné lugu kanthi mengkono para murid ngreti yén sipat andhap asor lan kapiyandelan marang Sang Rama iku lelawanan karo tujuwan Iblis. Dikaya bocah cilik iku durung dewasa, ringkih lan mbutuhaké pitulungan, mengkono uga kita. Dikaya bocah kang duwé pengarep-arep kaayoman lan kawigaten saka bapaké babagan prekara lan masalah, kita uga kudu duwé pengarep-arep marang Gusti Allah kaya mengkono iku. Manawa kita ora gelem diangkat putra kasuwargan iku kanthi cara sah, mula kita ora bakal tau mlebu ana ing kasuwargan. Gusti Yésus mbudidaya nuntun panjenengan supaya sumendhé sawutuhé marang Gusti Allah minangka jejeré Rama. Pitayakna panguripan panjenengan marang kaagungan katresnan Panjenengané kanthi mengkono panjenengan bakal bisa dadi putra ing sajrong keluwarga Panjenengané kang nggumunake. Kaluwihané anggoné kaangkat dadi putra iki dipratélakaké lumantar anggoné andhap asor lan alusing bebuden. Gusti Yésus amberkahi kang alus bebuden, awit wong-wong kang pracaya iku bakal ngwarisi bumi.

Nalika para murid nyuwun pirsa sapa ta kang gedhé dhéwé ing sajroné Kraton Swarga, Sang Kristus nyurung para murid supaya duwé pikiran gegayutan apa kang ditakokake. Para murid duwé pepinginan gedhé supaya dadi kang “paling gedhé”. Sang Kristus ngandika yén manawa para murid ora ngrubah cara mikiré, para murid ora bakal tau bisa mlebeu ing sajroné Swarga.

PANDONGA: Dhuh ingkang Suci, kawula ngluhuraken Paduka awit putra Paduka Gusti Yésus gesang ing salebetipun alusing bebuden lan andhap asor, lan Panjenenganipun ngersakaké ngribah kawula dados memper kaliyan Panjenenganipun. Paduka uwalaken kawula saking godha supados kawula ampun dados tiyang gumunggung utawi gadahah kekajengan ngunggulaken badan kawula piyambak, nanging lelados kanthi sesidheman lan setya, awit nami kawula sinerat ing salebetipun kitab Panggesangan. Apuneten kawula menawi cepengan dhumateng watek gumunggung kawula, lan jebati kawula kanthi Roh Paduka ingkang alus bebudenipun lan kebak rahmat.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé watek gumunggung dianggep bebaya kang gedhé dhéwé lan mbebayani ing sajroné greja?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 07:51 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)