Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 124 (Blasphemy Against the Holy Spirit)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

g) Babagan Nyenyamah Sang Roh Suci (Matéus 12:22-37)


MATÉUS 12:33-37
33 “Manawa uwite becik. Wohé iya becik; manawa uwite ora becik, wohé iya ora becik. Amarga ketitiking wit iku marga saka wohe. 34 Heh, tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa ngucapaké barang-barang kang becik, lah wong kowé dhéwé ala? Sabab apa kang kaucpaké ing cangkem iku saka bludaging ati. 35 Wong becik iku metokaké barang-barang kang becik saka simpenané kang becik lan wong ala metokaké barang-barang kang ala saka simpenané kang ala. 36 Nanging aku pitutur marang kowé: Saben tembung kang tanpa guna, kang diucapaké déning wong, iku besuk ing dina pngadilan mesthi kudu kapratélakaké tanggung jawabe. 37 Awit anggonmu bakal kabeneraké iku adhedhasasar tembungmu lan anggonmu bakal kapatrapan paukuman iku iya adhedhasar tembungmu.”
(Lukas 6:43-45, Yakobus 3:6, Yudas 15)

Siji woh delimo ora bakal bisa thukul dadi wit klapa. Uga nyata banget yén tata laku lan tembung wong nuduhaké apa kang ana ing sajroné batiné. Tembung panjenengan mratélakaké apa kang ana ing sajroné ati panjenengané becik kanepson uga kabungahan.

Ati yaiku kaya oyot wit, basané iku wohe. Manawa dasaré saka wit apik, bakal uwoh kang apik. Ing ngendi nugraha duwé kuwasa ing sajroné ati uwong, basa kang dienggo wong iku yaiku basa kang mangun. Ing pérangan liya, saben ana hawa nefsu mrentah ing sajroné ati mula prekara iku uga bakal luber-luber metu. Paru-paru kang duwé penyakit ngetokaké ambegan kang mambu. Basané wong nuduhaké negara asale, lan mengkono uga, kang ditindakaké wong mratélakaké apa jinis roh kang ana ing njeroné uripe. Dadia murni ing sajroné ati lan sebanjuré panjenengan bakal duwé lambe kang murni lan urip kang murni. Utawa “Rusaké wite mula bakal rusak uga wohe”. Panjenengan bisa gawé wit kang kurang becik dadi becik, kanthi wit iku diokulasi saka wit kang becik, lan wohé bakal dadi wong kang becik. Nanging manawa wite tetap padha, senajana ditandur ana ngendi waé, lan kerep disiram panjenengan, mula wohé tetap waé rusak. Manawa atiné wong ora dianyaraké mula uripe ora bakal tau dianyarake.

Wong-wong Farisi mbudidaya nyingidaké pikiran alané babagan Gusti Yésus Kristus. Sang Kristus nuduhaké kaya ngapa tanpa gunané wong-wong anggoné nyingidaké oyoting getiring urip iku ing sajroné awake.

Sapa ta kang tansah bisa ngandhakaké tembung kang becik waé? Ora ana! Awit ora ana wong siji waé kang becik lan nindakaké kabecikan, ora ana, ora ana wong siji waé. Pikiran ala, kaya laku jino, kanisthan, gawé raja pati, apus-apus, nyolong, gumunggung, rasa sengit lan pangigit-igit, timbul saka ing sajroné ati kita. Pikiran-pikiran kang mangun tembung kita kang mratélakaké anggon kita was-was. Sang Kristus nyethakaké kahanan kita iku kanthi ngandika, “Turunané ula bedhudhak! Kepiyé kowé bisa ngandhakaké prekara-prekara kang becik?” Kabéh wong kang ora dilairaké saka Roh Allah bakal dikuwasani déning si pangawak dursila lan dadi salah siji pandhéréke. Sebanjuré wong iku uga bakal kalimputan karo piawon lan awit saka iku, ora ana kabecikan utawa patrap yekti kang metu saka panguripané.

Nanging nalika rahé Gusti Yésus nyucékaké panjenengan, lan sang Roh Suci mlebu ing ati panjenengan, panjenengan dadi abungah-bungah duwé ati kang anget, murni lan kang nggawa katentreman. Woh-woh iku ora saka awak panjenengan dhéwé, nanging sawijining nugraha Roh Allah kang makarya ing sajroné panguripan panjenengan. Sang Kristus iku wit anggur lan kita iki pangané lan kabéh woh kang becik kang kita hasilaké iku saka Panjenengané awit Panjenengané iku bandha kang aji ing sajroné ati kita.

Aja lali yén Gusti Allah nyathet saben tembung kang metu saka cangkem panjenengan. Dikaya manungsa bisa nyatet pirembugan pribadi antarané sawetara wong kanthi nggunakaké alat ngrekam, mengkono Gusti Allah luweh bisa pirsa rasa jubriya, patrap kang diunggul-unggulaké, utawa paatrap ora murni panjenengan lan kabéh mau direkam. Ing sajroné pangadilan kang pungkasan, panjenengan bakal diadili. Panjenengan bakal krungu tembung kang panjenengan pocapaké nalika panjenengan ana ing jagat iki, ing ngarsana Kang Maha Suci lan kabéh wong liya. Panjenengan bakal kagét banget nganti panjenengan rumangsa luwih becik bumi tinarbuka lan panjenengan mlebu ing njero bumi mau tinimbang dideleng déning wong-wong liya.

Jinis pakulinan saka tembung kita, becik kebak welas asih utawa ora duwé welas asih, bakal dadi bukti kang nyengkuyung utawa lumawan kita ing dina kang gedhé iku. wong-wong kang katoné rohani, nanging kasunyatané ora bisa ngendhaleni ilate, sebanjuré bakal ditemokaké kompromi karo agama kang ora ana gunané (Yakobus 1:26).

Nanging manawa panjenengan pracaya marang panguwasa rah Sang Kristus, lan ngakoni kabéh dosa panjenengan, Panjenengaen lumantar kabecikan Panjenengané bakal nyirnakaké kabéh tembung ala panjenengan, kaya rakaman kang dibusek saka kaset kang kanggo ngrekam, lan ora ana kang sisa kajaba donga kang semangat, paseksen kang éndah, lan tembung kang mbangun. Iman panjenengan bakal katon ing sajroné tembung-tembung panjenengan, lan prekara iku bakal nyucékaké panjenengan ing dina pengadilan gedhé. Si pangawak dursila ora bakal duwé panguwasa utawa kawenangan apa waé atas awak panjenengan, awit panjenengan wis ditunggalaké karo Sang Kristus kang wis nyuceni kabéh dosa panjenengan. Panjenengané wis mbeneraké panjenengan tanpa kudu mbayar lan nyuceni panjenengan sawutuhe. Apa panjenengan ngaturaken panuwun marang Panjenengane?

PANDONGA: Kawula ngluhuraken Paduka, Gusti Yésus, awit Paduka paring pangapunten samukawis kalepatan lan keslionipun tembung kawula, lan nyucékaké rerasan batin kawula kanthi makaten kawula saget mikiraken pikiran ingkang bening, nresnani sadaya tiyang, malah para satru kawula, lan gesang ing salebetipun katentreman. Paduka jangkung kawula saking patrap gumunggung lan saking lumawan Sang Roh Suci Paduka. Paduka tulung kawula mbangun turut dhumateng Paduka lan nindakaken karsa Paduka ing salaminipun gesang kawula.

PITAKONAN

  1. Sapa kang disebut tedhak turuné ula bedhudak iku? Lan sapa ta wong-wong kang becik iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:20 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)