Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 113 (Answer to the Baptist’s Disciples)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

a) Jawabané Gusti Yésus marang para murid Nabi Yokanan (Matéus 11:2-29)


MATÉUS 11:7-15
7 Saunduré para utusan mau, Gusti Yésus banjur medhar pangandika marang wong akéh iku bab Nabi Yokanan mangkéné: “Nalika kowé padha menyang ara-ara-samun kae arep ndeleng apa? Arep ndeleng glagah sing mobat-mabit kena angin? 8 Utawa arep apa kowé mrana? Arep ndeleng wong kang nganggo sandhangan kang sarwa alus? Wong kang manganggo sarwa alus iku kang ana ing kraton. 9 Dadi arep apa kowé mrana? Arep ndeleng nabi? Iya, bener, lan Aku pitutur marang kowé, malah kang ngungkuli nabi. 10 Awit iya iku kang kapratélakaké ing Kitab mengkéné: Lah, ingsun ngutus malaekatingSun lumaku ndhisiki Sira, arep nyawisaké dalanira ana ing ngarepira. 11 Satemené Aku pitutur marang kowé: Ing antarané wong-wong kang lair saka wong wadon, ora ana kang madeg ngkungkuli Yokanan Pambaptis, ewasamono wong kang cilik dhéwé ana ing Kratoning Swarga, iku ngluwihi Yokanan Pambaptis. 12 Sabab wiwit nalika Yokanan Pambaptis tumapak ing gawé nganti saprené Kratoning Swarga iku karuda-peksa lan wong kang ngudha-peksa iku mbudidaya arep nguwasani. 13 Sabab sakabéhing nabi lan kitab torét iku padha memeca nganti tumekaning Nabi Yokanan. 14 Sarta, manawa kowé padha gelem nganggep mangkono, iya dhéwéké iku Elia kang bakal teka. 15 Sing sapa duwé kuping, ngrungokna.
(Lukas 1:76; 7:24-35, Maleakhi 4:5)

Kita wis ndeleng ing kené yén Gusti Yésus memuji lan ngluhuraké Yokanan Pambaptis, ora mung ngakoni kinurmatané nanging uga ngakoni pagawéané. Sawetara murid Sang Kristus bisa uga duwé pikiran saka pitakonan kang kaaturaken Yokanan marang gusti Yésus, kanggo mikir yén Yokanan iku wong kang ringkih lan dhoyong uga ora yakin karo awaké dhéwé. Kanggo nyegah mundhaking pikiran kang mengkono mula Sang Kristus nyethakaké watek wantu iki.

Sang Kristus mratélakaké keyakinané kang wutuh marang Yokanan pambaptis. Yokanan wis nyawisaké dalan kanggo Panjenengané kanthi setyo selaras karo pameca, masrahaké urip sawutuhé marang Gusti Allah, lan babar pisan ora golék kauntungan kanggo awaké dhéwé. Sang Kristus mratélakaké keyakinan babagan Yokanan pambaptis kanthi paseksen kang ngedap-edapi iki ing ngarepe wong akéh. Panjenengané ngandika yén saka antarané kang dilahiraké wong wadon ora tau ana wong kang luwih gedhé tinimbang Yokanan Pambaptis! Dudu Napoleon, Kaisar, Aristoteles, utawa Plato utawa Budha, utawa nabi sapa waé liyané kang gedhé dhwe, nanging Yokanan Pambaptis. Kita kudu nampa lan pracaya marang patela ilahi iki.

Apa sebabé Yokanan Pambaptis dadi wong kang gedhé dhéwé? Awit Gusti Allah mratélakaké marang dhéwéké yén Sang Kristus iku cempening Allah, lan kang paring Sang Roh Suci marang wong-wong kang mratobat. Yokanan iku nabi pungkasan saka jaman Prejanjian Lawas. Nanging dhéwéké leladi, mbangun turut lan masrahaké awaké sawutuhé marang Sang Kristus, nganggep awaké malah ora pantes kanggo nguculi tali trumpahé Sang Kristus, lan nuntun wong akéh marang Gusti Yésus minangka Sang Kristus, Yokanan ndeleng Sang Roh suci mandhap atas Gusti Yésus kaya manuk dara, lan krungu suwaraning Allah piyambak kang ngandika: “Iki putra Ningsun kang Sun trenani, marang Panjenengané waé aku kepareng”. Dadi Yokanan iku seksi lan kang mati kapisan awit kapiyandelané kanggo kamanunggalan Tritunggal, luwih saka nabi Musa lan kabéh nabi liyané.

Sang Kristus mratélakaké yén ana wong-wong kang luwih becik lan luwih dhuwur tinimbang karo Yokanan Pambaptis. Wong-owng iku warga kratoning Allah kang lahir saka Roh Suci. Gusti Allah Sang Ramané lan wong-wong iku yaiku putra-putra Panjenengané. Wong-wong iku yaik wong-wong kang wis dibeneraké déning Sang Kristus kanthi nyelehaké anggoné leladi lan tanggung jawabe karukunané karo Gusti Allah. Kang cilik dhéwé saka antarané wong-wong luwih gedhé saka wong kang paling gedhé kang disebutaké ing sajroné Prejanjian Lawas.

Nanging, wong-wong kang wis krungu pangandikan Panjenengané bakal dijaluk supaya ngaturaké jawaban niat lan tumindake. Kita mikir yén sepisan sawijining kotbah dilantaraké, ora ana manéh kang kudu digatekake. Ora, malah tanggung jawab kang gedhé dhéwé lagi diwiwiti. Wong-wong bakal takon: “apa kang kok tindakaké ing jam mengkené ing papan iku? Apa kang agawé kowé ana ing kana? Apa iku dilandhesi karo pepinginan kanggo ngluhuraké Gusti Allah lan nampani berkah? Apa kang kok tampa saka kitab iku? Kawruh apa, nugraha apa, lan pangliputran apa? Apa kang kok deleng lan kang bakal kok tindakake?”

Apa panjenengan wis dadi putrané Allah? Baléni tembung iki ing sajroné ati panjenengan manawa panjenengan gelem, “Aku wong kang keset nyambut gawé. Awaku dicemeri déning dosa lan cemer. Nanging puji marang Gusti Allah, rah Sang Kristus wis nyucékaké aku, lan Sang Roh Suci Panjenengané nyucékaké aku lan nguripaké geni ing sajroné atiku gegayutan katresnan Panjenengané. Aku yakin yén Gusti Allah iku Rama kasuwarganku. Aku matur marang Panjenengané saben dina lan ngrungokaké Sabda Pangandikané kang kebak katresnan. Aku wis dadi warga kang sregep saka Kraton Panjenengané lan aku bakal terus kaayomi ing sajroné panguwasa Panjenengané. Pati kanggoku gapura tumuju urip kang langgeng manunggal karo Sang Rama.”

Manawa panjenengan ngakoni iman iki kanthi keyakinan ing sajroné Sang Roh Suci, panjenengan bakal mlebu ing sajroné Kratoné Allah lan nampa dhéwé hak atas nugraha lan pameca, awit sing sapa pracaya marang Sang Kristus bakal diselametaké senajana dhéwéké duwé dosa, dikaya kang dingandikaaké Gusti Yésus, “Imamu wis nylametaké kowé.”

Janji-janji Sang Kristus iku gedhé lan gegayutan karo kabéh wong lan “sing sapa duwé kuping rungokna” ya kudu ngrungokaké janji Sang Kristus iku Iki nuduhaké yén Gusti Allah ora maringi syarat tambahan apa waé marang kita kajaba anggoné nggunakaké kanthi bener lan ngundhakaké kawasisan kang wis ana ing kita. Panjenengané ngersakaké wong-wong kang duwé kuping ngrungokaké lan wongwong kang duwé pikiran supaya mikirake. Manungsa dadi dhedhel, ora awit wong-wong mau pengin mengkono, nanging awit wong-wong mau ngetut kekarepané dhéwé. Wong-wong mau ora krungu, awit wong-wong kang budhek kanthi cara kasukman mbunteti kupingé dhéwé.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang kebak katresnan, Paduka kemawon Sang Rama kawula ingkang leres, lan Sang Kristus menika Gusti kawula ingkang Maha Kuwaos. Kawula manembah Paduka. Paduka sampun nyelametaken kawula kanti rah Gusti Yésus sinaosas kawula menika tiyang-tiyang dosa ingkang keset. Paduka merdekaké kawula saking panguwaosipun dosa lan raos ajrih dhumateng pati. Paduka sampun maringi gesnag langging dhumateng kawula, lan paring kasagetan kawula leladai kanthi katresnan, ngajak tiyang-tiyang dosa kanggé dipun rukungaken kaliyan Paduka, kanthi makaten tiyang-tiyang menika saget pirados dhumateng Paduka lan nyempurnakaken kawilujengan.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé kang cilik dhéwé ing sajroné kratoné Allah dianggep dadi luwih gedhé tinimbang Yokanan Pambaptis, nabi kang pungkasan lan gedhé dhéwé saka Prejanjian Lawas?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on May 04, 2023, at 11:46 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)