Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 110 (Aim of Preaching)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

e) Tujuan Kang Paling Luhur Nalika Leladi (Matéus 10:40 - 11:1)


MATÉUS 10:41-42
41 Sing sapa nampani nabi marga saka anggoné dadi nabi, bakal tampa pituwasing nabi, lan sing sapa nampani wong mursid, marga saka anggoné mursid, bakal tampa pituwasing wong mursid. 42 Apadené sing sapa aweh banyu kang seger marang salah sawijining wong cilik iki sanadyana mung sacangkir, marga iku sakabatKu, Aku pitutur marang kowé satemene: wong iku mesti bakal tampa pituwase.”
(1 Raja 5:17; 8:24; Matéus 25:40; Markus 9:41)

Pituwas saka nabi yaiku kawujudan saka pamecané. Pengarep-arepe yaiku supaya ora katon kaya wong sing goroh ing sajroné tembunge, nanging kabukti minangka wong kang nyebut asma Gusti Allah. Nabi Yésaya martakaké gegayutan rawuhé Sang Kristus nalika dadi bayi (Yésaya 9:5), Yermia mratélakaké babagan katulisé pranatan ing sajroné ati wong-wong pracaya; Yehezkiel meca yén ati kang anyar bakal diparingaké déning Gusti Allah, sawetara Daniel nyawang kamenangan Sang Kristus atas panguwasa jagat lan tumuju marang pengadilan kang pungkasan. Para nabi iku duwé pengarep-arep pamecané bakal énggal kaujudan. Pituwasé yaiku rawuhé Sang Kristus manéh kanggo nyempurnakaké rancangan keselametan Allah lan krajan jagat iki.

Kita ngaturaké panuwun marang Gusti Allah Sang Rama yén Sang Kristus bener-bener rawuh. Kraton kasukman Panjenengané ana ing sajroné para murid Panjenengané kang asring dianggep cilik déning jagat. Tanpa gaman kadonyan, para murid maju saka kutha siji lan kutha liyané saka desa siji lan desa liyané supaya menangaké wong akéh kanggo krajan katresnan ilahiné. Kayangapa ngéram-éramké yén kanggo wong akéh kang ngréméhaké para murid, nyiksa para murid, mecuti lan mateni para murid, para murid katon kaya wong-wong kang cilik lan ringkih ing ngarsané Gusti Allah. Nanging kanggo wong kang nampani para murid, nampani Gusti Allah piyambak, lang sing sapa ménéhi sak gelas bayu tawa marang para murid bakal nampani pituwas kang gedhé banget.

Janji para murid babagan roti panguripan yaiku Sang Kristus piyambak, manawa para murid pracaya marang Panjenengané. Berkah anggoné nganthi kanggo para putra Gusti Yésus ora mung pangarep-arep kothong thok. Berkah iku yaiku panguwasané Sang Roh Suci lan Gusti Allah manunggal ing sajroné ati wong-wong kang pracaya, kang diarep-arep déning jagat wiwit jaman kelanggengan.

Kabecikan kanggo para murid Sang Kristus, kang bakal ditampa Panjenengané bisa ditindakaké kanthi nyawang marang Sang Kristus lan kunjuk Panjenengané. Wong kang dadi nabi kudu ditampa ing sajroné asma Gustiné lan wong bener ditampa ing sajroné asma Panjenengané kang mbenerake. Wong-wong kang cilik kudu diberkahi “ing sajroné jeneng para murid Panjenengane” dudu awit para murid Panjenengané iku wong sekolahan utawa lantip utawa awit para murid iku tangga kita, nanging awit para murid nggawa gambar Sang Kristus ing sakjroné awake.

Para murid nalika iku uga ya duwé kalungguhan dadi nabi lan murid lan awit saka iku para murid diutus nindakaké pakaryan Sang Kristus. Keyakinan kanthi nyawang marang Sang Kristus iku kang agawé kabecikan iku ditampa minangka kabecikan kang ditindakaké marang peladen Panjenengané.

PANDONGA: Kawula ngluhuraken Paduka, Rama kawula, awit ngutus Sang Kristus dhateng jagat menika, dados roti kanggé jagat lan padhang kanggé para bangsa. Panjenenganipun menika pituwas kawula. Menawi kawula nampani Panjenenganipun kanthi iman lan ngakeni kasucén Panjenengané ing ngajengipun tiyang-tiyang sanés, Panjenenganipun badhé nglegakaken raos ngorong lan nuwukaken ingkang luwe. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka badhé njangkung tiyang-tiyang ingkang dipun aniaya demi asma Paduka lan maringi raos seger ing tengah panandangipun.

PITAKONAN

  1. Apa pituwas para nabi, wong-wong bener lan para pandhéréké Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 08:19 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)