Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 050 (Purpose of the Sermon on the Mount)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS

b) Tujuan Kutbah ing Gunung : Trap-trapan saka Angger-Anggeré Gusti Allah (Matéus 5:13-16)


MATÉUS 5:13
13 kowé iku padha dadi uyahing bumi. Lah yén uyah iku ilang asiné apa kang kanggo mulihaké asine? Wis ora ana gunané manéh kajaba mung dibuwang lan diidak-idak ing wong.
(Markus 9:50; Lukas 14:34-35)

Panganan tanpa uyah ora ana rasané. Mengkono uga kahanan jagat iki manawa ora ana pandhéréké Sang Kristus kang achtif. Jagat bakal kelangan katresnan kang sejati. Dikaya uyah ugi nyegah panganan supaya ora mambu, pawarto Sang Kristus lan para kang nggawa pawarto iku uga njangkung jagat iki saka pepeteng sajagat wrata. Kaya dené uyah gunané ngganti pérangan badan kita kang rusak lan dibalekaké kaya mauné Injil mbangun urip kang anyar ing sajroné awaké wong-wong kang wis mati ing sajroné dosa. Tanpa uyah, wong ora bakal bisa nerusaké uripe. Wong-wong pracaya kudu mbumboni uripe karo uyah. Wulangan ing sajroné Injil yaiku “uyah” kang nembus, cepet , nyata lan duwé panguwasa. Injil iku nembus teka ing ati. Injil ngresiki, nambahi karep mangan, lan nyegah supaya panganan ora mambu.

Uyah uga dibutuhaké ing sajroné pisunggung obaran (Kaimanan 2:13) lan ing sajroné pedaleman suci dedelengané Yéhézkiél (43:24). Saiki para murid Sang Kristus, sakwisé sinau dhéwé babagan wulangan ing sajroning Injil lan mulangaké marang wong liya, uga dadi uyah. Pikiran lan rerasan, tembung lan tumindak, kabéh mau dibumboni karo nugraha (Kolosé 4:6) Yaiki wong-wong kanggo awaké dhéwé. Banjur kepiyé wong-wong iki mikiraké kanggo wong-wong liya? Wong-wong ora mung dadi becik kanggo nindakaké kabecikan lan duwé daya pengaruh kanggo wong-wong liya, ora kanggo leladi kepentingané dhéwé, nanging supaya bisa ngrubah wong – wong liya dadi sakrasa lan duwé pepinginan ngrasakaké Injil. Manungsa, kang ora ngerti lan ana ing sajroné piala, ora duwé pepenginan mengkono iku, wong-wong iku tumuju marang kahanan kang bosok utawa mambu, nanging Sang Kristus ngutus para murid Panjenengané kang lumantar uripe uga paseksené nampani uga kawruh lan sih rahmat, lan kanthi mengkono bisa ditampa déning Gusti Allah, para malaikat lan uga kabéh wong kang kepéngin duwé roh Ilahi iku.

Manawa ora mengkono, wong-wong mau dadi kaya uyah kang kelangan rasané. yén panjenengan, kang arep nguyahi wong liya, uga ora duwé rasa, ora duwé panguripan kasukman, sih rahmat lan semangat, kahanan panjenengan banget déning mrihatinaké, awit panjenengan ana ing sajroné kahannan kang banget déning cilaka. “Kepiyé uyah iku bakal didadekaké asin manéh?” Uyah iku gawé rasa panganan kang ora ana rasané nanging ora ana cara kanggo ngasinaké uyah kang wis ilang asiné. Sang Kristus bakal maringi rasa marang manungsa, nanging manawa wong iku gelem njupuk lan andadekaké duwéké, nanging tetap waé ora ana rasané lan bodo, ora duwé sih rahmat lan ora ana rasané ora ana wulangan liya apa waé lan ora ana cara liya apa waé kang bakal agawé wong-wong mau bali dadi asin.

Manawa uyah kelangan asiné mula uyah iku ora ana gunané. Ana ngendi kita bisa nyelehaké uyah iku, supaya bisa luwih migunani lan ora malah ngrugekake? Dikaya manungsa kang tanpa rasa, mengkono wong Kristen tanpa sih rahmat. Wong iku bakal mlaku tumuju marang karusakan lan ditampik. Wong iku bakal dadi “Wong kang kabuwang”-kabuwang saka gereja lan patunggalan wong-wong pracaya, ana ngendi wong iku dianggep dadi momotan, lan wong iku bakal ditampik lan diidak-idak déning wong akéh.

Sang Kristus nimbali panjenengan supaya melu cawe-cawe ing sajroné pembangunan lan njaga sawijining jagat anyar ing tengah-tengah kahanan kang cemer ing tata pasrawungan kita. Dadi aja kajiret déning pikiran yén panjenengan bisa ngrubah manungsa ing jagat iki kanthi kabisan panjenengan dhéwé, awit sapa waé kang sumendhé marang manungsa bakal kelatangan pawarané dadi nglaha tanpa guna ing sajroné tembung lan apa kang ditindakaké, lan manungsa bakal ngréméhaké wong iku. Dadi aja nampik pawarta Injil awit mung Injil iku waé kang yasa ing sajroneng awak panjenengan kabisan kanggo dadi uyah ing jagat iki, yén ora mengkono mangungsa bakal nampik panjenengan awit anggon panjenengan ora tulus babagan katresnan

PITAKONAN

  1. Apa ta tegesé yén Sang Kristus nimbali panjenengan supaya dadi “uyahing jagat”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 07:03 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)