Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 3 - Bebeneré Gusti Allah Ana Ing Uripé Para Pandhéréké Sang Kristus (Rum 12:1 - 15:13)
9. Aja dadi sumber dukané wong-wong liya amarga babagan kang ora wigati (Rum14:13-23)RUM 14:13-23 Lumantar peladosanipun ing sawatawis greja, Paulus pirsa wontenipun prekawis-prekawis ingkang bénten-bénten, lan tetep gegayutan kaliyanan bab tetedhan ingkang dipun parengaken lan tetedan ingkang dipun penging. Pyambakipun ngendika dedasar dawuhipun Yesus (Mark. 7:15-23; Luk 6:4) bilih boten wonten barang ingkang najis mekaten kemawon, nanging menapa ingkang medal saking badanipun manusa punika ingkang najis. Sae sanget menawi tiyang-tiyang pitados namung nedha tetedan ingkang sae kangge pyambakipun. Ugi sae menawi nginggati sawatawis tetedan ingkang mbebayani kasarasan. Tiyang-tiyang Kristen kedah dados patuladan ingkang sae tumrap tiyang-tiyang sanes. Tiyang-tiyang Kristen kedah saged nginggati samukawis ingkang saged njalari tiyang sanes damel dosa. Tiyang-tiyang pitados ingkang neda lan ngombe tanpa wates lan ngegungaken kamardikanipun, nuwuhaken raos mangu-mangu ing dirinipun tiyang-tiyang ingkang matesi diri, ingkang saged ugi rumaos wirang. Lajeng tiyang ingkang bebas dados lepat lan tanggel jawab tumrap kabingunganipun tiyang-tiyang ingkang nembe pitados, lan goyanging imanipun wonten ing Sang Kristus. Katresnan netepaken kita ingkang santosa ing iman supados boten ngegungaken diri tumrap tiyang-tiyang ingkang ringkih, nanging kedah mendel, temah pyambakipun boten dados watu ingkang nyandungi tumrap tiyang-tiyang ingkang nembe pitados. Paulus nyekseni bilih Kratonipun Allah boten kateguhaken lumantar tetedan lan omben, nanging lumantar wujuding woh-wohipun Roh Suci, antawisipun: kayekten, tentrem rahayu, kabungahan, minangka wangsulan tumrap prekawis-prekawis ingkang benten ing pasamuwan. Paulus ngersakaken wontenipun tetunggilan wonten patunggilaning pasamuwan, lan pyambakipun nuntun tiyang-tiyangpitados dhumateng kasuyatan bilih prekawis tetedan lan omben boten patut njalari cecongkrahan wonten ing pasamuwan. Tetunggilaning roh langkung wigatos tinimbang prekawis-prekawis ingkang sepele kados tetedan, omben, ageman, potongan rambut, utawi kados pundi kita ngginakaken arta kita; awit Rohipun Sang Kristus, wonten ing katresnan lan kasabaran, nglangkungi kabetahaning gesang ing alam donya. Paulus nyekseni wigatosipun ngiketaken diri kaliyan katresna, minangka dasaring pitepangan dhumateng Sang Kristus, nglangkungi sadaya prekawis ingkang boten penting, lan langkung nengenaken manusa ingkang dados tujuan saking sedanipun Sang Kristus. Karukunan wonten ing pasamuwan langkung wigatos tinimbang kebebasan mutlak lan paneteping pepaken. Menawi tetiyang ing greja boten neda daging utawi ngunjuk anggur selaras kaliyan ati nuranipun, utawi karana wewaton kayakinanipun, dados wigatos tumrap kita kangge tumindak selaras kaliyan katresnan tanpa sambat, nderek ngraosaken kabetahanipun tiyang sanes ingkang imanipun kesandung karana tumindak kita. Nanging tiyang-tiyang pitados ingkang mangu-mangu anggenipun nedha lan ngunjuk, lepat sesarengan kaliyan sadaya tiyang ing grejanipun, awit jaminan wontening iman punika langkung wigatos tinimbang karukunan ingkang namung ethok-ethok. Iman ingkang dipun pahami wonten ing katresnan langkung wigatos tinimbang kaliyan panyambut damel sesarengan wonten ing greja; lan sinten ingkang meksakaken pikajengipun tanpa perduli dhumateng kawontenanipun tiyang sanes punika patrap ingkang ngrisak patunggilan. PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus, kawula manembah dhumateng Paduka amargi Paduka nampi para nelayan ingkang kasar, béa cukai ingkang licik, para ahli Torét, lan ugi kaum mistis. Paduka ngempalaken tiyang-tiyang wau sesarengan, nunggilaken lan boten maringaken titah punapa kémawon kejawi saking titah supados sami nresnani pepadhanipun kanthi pangapuran, kesabaran lan kerukunan. Tulungana kawula supados saged ngapurani tiyang-tiyang sanés boten namung kaping pitu, naning kaping pitung-ndasa kaping pitu sedintenipun, lan boten kesupén bilih tiyang-tiyang wau ugi kedah ngapunteni kawula amargi kawula inggih nindakaken dosa sakmanten kathahipun. PITAKON:
|