Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 121 (Jesus appears to the disciples)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)

2. Gusti Yesus ngatonake sarirane marang para murid ing kamar nduwur (Yokanan 20:19-23)


YOKANAN 20:21
21 Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu ana ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakongkon.”

Nalika Gusti Yesus mbaleni ngandika “Tentrem Rahayu ana ing kowe”, Panjenengane menggalihake gegayutan panebusan kanggo dosa lan bab anggone ngrukunane jagat karo Gusti Allah iku, nanging uga ngersakake supaya para murid dadi wong kang nggawa katentreman kang nawakake keselametan kang sempurna marang manungsa kang wengis. Ing Kayu Salib, Gusti Allah paring pangapura manungsa saka kabeh dosane. Kasunyatan kang anyar iki netepake anane pangapura kanggo para wong kang ala, lan janji ngilangi paukuman kanggo wong-wong kang pracaya, lan pengarep-arep bab kamardikan saka kacilakan. Gusti Yesus ngutus para pandherek Panjenengane menyang jagat supaya martakake tentrem rahayu kang saka Gusti Allah marang wong-wong dosa.

Kabeh wong kang diselametake dening sih rahmat Allah atine dirubah, lan bakal ngapura para satrune, dikaya Gusti Allah ngapura wong kabeh. Wong iku sebanjure bakal luwih milih nampani patrap ora adil, tinimbang kudu nindakake dhewe patrap kang ora adil iku. Kanthi mengkono wong iku bakal nyebarake ambon-ambon kasuwargan ing sakiwa tengene dhewe, dikaya Gusti Yesus tau ngandika, “Rahayu wong kang dhemen ngrukunake, awit iku bakal padha kasebut para putraning Allah”. Tujuwan kita ing sajrone ngabarake Injil ora kok kanggo ngrubah kahanan utawa nggawa karukungan palsu ing antarane bangsa-banga; nanging, kita ndedonga supaya pikiran manungsa dianyarake, lan ati kang kaya watu dirubah dadi alusing budi. Kanthi kaanyarake kang mengkono mula owah-owahan politik uga bakal dumadi.

Gusti Yesus ngangkat para murid dadi wong kang leladi, nganti tekan ukuran anggone leladi Panjenengane piyambak, “Padha kaya Rama ngutus Aku, mengkono uga saiki Aku ngutus kowe.” Dadi kepiye Gusti Allah ngutus Putra Panjenengane? Kawitan, minangka jejere Putra, kang kapindho, kanggo martakake pawarta Allah minangka jejere Rama, lan kasucen Panjenengane ing sajrone pangandikan lan panggawe lan ing sajrone donga. Kang katelu, gusti Yesus iku kang kagungan Sabda Allah, kebak karo katresnan kang langgeng. Ing sajrone watonan-watonan iki kita nemokake hakikat lan tujuwan saka martakake Injil. Lumantar seda Panjenengane, Gusti Yesus andadekake kita dadi putra-putra Allah, kanthi mengkono kita bisa nglakoni urip kang suci, ora cacad ing sajrone katresnan.

Wong-wong Kristen iku utusane Sang Kristus, kang dibenerake, disucekake kanggo mawkili hakikat lan katresnan saka Sang Rama kasuwargane. Ya iki prekara kang utama dhewe saka pawartane, yaiku yen Sang Rama, lumantar sedane Sang Kristus, wis andadekake wong-wong mau dadi para putrane Panjenengane. \salib iku syarat kanggo kalungguhan anyar iku, lan iman iku dalan kanggo bisa diangkat dadi putra.

Dikaya gusti Yesus dilahirake kanggo seda dadi korban, mengkono uga para pandherek Panjenengane nglakoni urip kang ditandani karo pangorbanan. Wong-wong iku ora gumunggung, nanging ngakoni awake dadi abdi Kang Maha Luhur lan abdi kabeh manungsa. Gustine wis nguwalake saka derajat kang asor, supaya nresnani dikaya wong-wong mau wis ditresnani.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula maturnuwun dhumateng Paduka, awit Paduka nimbali kawula, kawula ingkang mboten pantes menika, kangge ngluhuraken Sang Rama lan asma Paduka lumantar pikiran, tembung lan patrap kawula. Maturnuwun awit katresnan pangapunten ingkang saking Paduka. Paduka nyucekaken kawula kangge martaosaken tentrean rahayu ingkang saking Paduka dhuamateng manah ingkang sanes, kanthi makaten tiyang-tiyang menika ugi sagaet nampeni pepadhang lan gesang sejati. Maturnuwun, Oh Sang Kristus, awit Paduka sampun andadosaken kawula putra-putra saking katresnan Paduka, kanthi makaten kawula saget nresnani lan ngapunten, kadosdene ingkang Paduka tindakaken ing salebeting katresnan sih rahmat Paduka.

PITAKONAN:

  1. apa kang ngedap-edapi ing sajrone gusti ngutus para murid?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:58 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)