Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 120 (Jesus appears to the disciples)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)

2. Gusti Yesus ngatonake sarirane marang para murid ing kamar nduwur (Yokanan 20:19-23)


YOKANAN 20:20
20 Sawuse ngandika mangkono, tumuli nedahake astane lan lambunge marang para sakabat. Para sakabat iku padha bungah nalika ndeleng Gusti Yesus.

Anggone wungu Sang Kristus iku bukti karukunan karo Gusti Allah wis kelakon. Gusti Allah ora ninggalake Putra Panjenengane tetep ing kubure, lan Gusti Allah uga ora ngguwak Sang Kristus awit dosa-dosa kita kang disangga Panjenengane. Gusti Allah nampani korban kang ora ana cacade iku, Gusti Yesus wungu dadi kang menang kang ngasorake alam kubur, lan urip ing sajrone keselarasan kang sempurna karo Sang Rama. Panjenengane luwih –luwih maneh, nampani Kayu Salib iku, ora liya saka anggone nindakake karsane Ramane. Kayu Salib iku tujuwan rawuh Panjenengane, lan kanthi dalan iku Panjenengane maringake tebusan kanggo jagat. Dadi kepiye ana sing kanda yen Gusti Yesus ora seda ing Kayu Salib.

Sang Kristus nuduhake yen Panjenengane dudu memedi utawa roh-roh kang siningit. Panjenengane nuduhake marang para murid tatu paku ing epek-epek Panjenengane. Panjenengane uga nuduhake perangan padharan marang para murid supaya dideleng tanda tatu tombak kang kacubles. Para murid ndeleng tilas paku lan diyakinake manawa Panjenengane kang bebarengan karo para murid dudu sawijining ilah manca, nanging Panjenengane kang wis disalib. Cempene Allah iku kang nelukake. Panjenengane kang dibeleh iku wis ngasorake pati.

Saka sathithik, para murid Panjenengane wiwit ngerti yen gusti Yesus dudu memedi utawa ayang-ayang wae, nanging pancen pribadi kang sabenere lagi ana ing sacedhake. Karawuhane Gusti Yesus kang anyar dadi sumber kabungahane para murid. Ya pancen kanggo kabecikane kita manawa kita bisa pracaya lan nampa Gusti Yesus iku Gusti kang gesang, kang wungu saka pati. Kita dudu bocah lola kang ditinggal dhewekan. Sadulur, kita ing sajrone patunggalan karo Sang Rama lan Sang Roh Suci bakal dadi panguwasa jagat raya ing salawas-lawase.

Kabungahan saka para murid Panjenengane tuwuh dadi hasil saka anggone menang Sang Kristus atas pati. Wiwit iku, Panjenengane dadi pengarep-arep kang sugeng kanggo kita, kan lagi tumuju ing cilaka. Kubur kang tinarbuka dudu pungkasan carita, nanging anggone sugeng Panjenengane kang dadi darbek kita. Dikaya kang ditulisake dening Panjenengane kang pantes nampani kaluhuran, “Aku iki patangen lan urip. Sing sapa pracaya marang Aku, sinadyana dheweke mati, dheweke bakal urip. Lan kabeh wong kang urip lan pracaya marang Aku, ora bakal mati selawase”.

Nalika para murid Panjenengane ngrumangsani manawa gusti Yesus ngapura dosa-dosa kita, para murid tambah kabungahane. Panjenengane njamin kita yen Panjenengane bakal ngilangi dosa-dosa kita. Awit saka iku kita duwe tentrem Rahayu karo Gusti Allah lumantar tatu-tatu Panjenengane.

Apa panjenengan nderek ngrasakake sajrone kabunghan paskah? Apa panjenengan sujud ing ngarsane Panjenengane kang wungu, awit Panjenengane pirsa, maringi pangarep-arep marang panjenengan lan njamin maringi pangapura marang panjenengan? Gusti Yesus gsang, lan kabungahan dadi perangan urip kita. Awit saka iku, Rasul Paulus tau ngandika marang gereja mengkene, “Padha tansah bungah-bungha ing sasjroning Gusti! Dakpindhoni maneh pituturku: Padha bungah-bungaha! Kabecikanmu iku disumurupana ing wong kabeh. Gusti wus celak!”

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula ngluhuraken lan ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit Paduka kemawon pengajeng-ajeng kawula, lan sampun nyukani kawula makna ingkang enggal ing gesang kawula. Tatu-tatu Paduka mbenerake kawula lan karawuhan Paduka maringi kawula gesang. Kersanipun Kraton Paduka rawuh, lan kamimpangan Paduka dipratelakaken kanthi makaten kathah tiyang ingkang badhe wungu saking pati dosa lan gesang kangge ngluhuraken patangen Paduka.

PITAKONAN:

  1. Kenapa para murid Gusti Yesus abungah-bungah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:57 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)