Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 122 (Jesus appears to the disciples)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)

2. Gusti Yesus ngatonake sarirane marang para murid ing kamar nduwur (Yokanan 20:19-23)


YOKANAN 20:22
22 Sawuse ngandika mangkono, tumuli padha didamoni, lan dipangandikani: “Padha nampanana Roh Suci. 23 Manawa kowe padha ngapura dosane wong, iku dosane diapura, lan manawa kowe padha netapake dosane, iku dosane ditetepake.”

Bisa uga para murid Panjenengane kaget banget, nalika gusti Yesus ngandika, “Dikaya Rama ngutus Aku, mengkono uga Aku ngutus kowe”. Para murid isih ana ing sajrone omah kang dikunci awit wedi marang wong-wong Yahudi. Para murid ora nemokake kekuwatan ing sajrone awake dhewe, lan pungkasane iki mung nindakake maneka kegagalan wae. Awit iku gusti Yesus ndamoni para murid Panjenengane, kaya kang ditindakaken dening Gusti Allah maringi ambegan urip marang Adam kanthi mengkono dheweke dadi titah kang urip lan nemokake kekuatan kanggo urip. Kanthi anggone ndamoni iku, Gusti Yesus nuduhaken anggone Panjenengane dadi kang nitahake; Panjenengane miwiti sawijining titah anyar ing sajrone para murid iku, lan ngyakinake para murid yen Sang Roh lan panguwasa Panjenengane kanthi panguwasane bakal ana ing sajrone awake para murid, andadadekake bisa nuduhake gambaran Allah ing sajrone uripe.

Nalika para murid Panjenengane wis nampani Sang Roh Suci, Sang Kristus ngutus para murid kanggo martakake prekara-prekara kang bakal agawe manungsa nampani pangapura dosane. Para murid kudu martakake pangapura marang kabaeh wong kang nampani kabeh syarat-syarat iku, lan mratelakake bab ora dumadine pangapura kanggo wong-wong kang nampik kabeh syarat-syarat iku

Para murid kudu martakake pangapuraning dosa minangka jejere wakil-wakil saka gusti Kristus. Ing landhesan ssaka pangakon para murid mula manungsa bakal ditampa ing sajrone Gereja Kristus.

Gusti Yesus maringi marang para murid Panjenengane panguwasa kanggo martakake pangapura dosa, lan ora kanggo ngapura; Gusti Allah piyambak wae kang nindakake pangapura iku (Yesaya 43:25)

Gusti Yesus ngutus panjenengan supaya dadi utusan ing sajrone jagat kang ala iki. Panjenengane ngersakake supaya nyebarake panguwasa anggone Panjenengane maringi keselametan lumantar panjenengane. Aja lunga kebangeten anggone semangat martakake Injil nggunakake kabisan pribadi panjenengan kang winates, nanging tetepa ana ing sajronie gegayutan kang becik karo gusti panjenengan, dikaya kabeh utusan ing sajrone urip kulina gegayutan kanthi apik karo Ratu utawa presidene supaya nampani parintah lan tuntunan saben dina lan sebanjure ngetrapake saben dina. Panjenengan ora sawijine gusti Allah cilik kang tumindak dhewe-dhewe, nanging panjenengan iku abdine Gusti. Panjenengane ngersakake supaya nindakake panebusan lumantar panjenengane. Dina iki nalika panjenengan mirengake suwara Panjenengane, aja wangkot ati panjenengan, nanging panjenengan buka pikiran lan telenging ati panjenengan, kanthi mengkono Sang Roh suci bisa andadekake panjenengan dadi seksi Sang Kristus kanthi wani, nanging uga andhap asor lan wicaksana.

PANDONGA: Gusti Yesus, kula mboten pantes nampeni Paduka mlebet ing salebetipun griya kula; Paduka, kadospundi kemawon, sampun ngandika lan maringi Sang Roh Suci paduka dhanteng kawula, ingkang madhangi lan maringi semangat dhateng kawula. Paduka sampun ngutus kula supados dados seksi atas asma paduka kangge sadaya manungsa. Matur nuwun awit panguwaos paduka dadi sempurna ing salebetipun karingkihan kawula. Jangkung kawula supados tetap andhap asor tanpa lelamisan, sucekaken ing salebetipun badan kaula sadaya pikiran ingkang mentingaken badan piyambak, kanthi makaten kula saget tansah selaras kaliyan karsa Paduka. Selajengipun tentrem rahayu ingkang saking Paduka badhe dumugi ing saben tiyang.

PITAKONAN:

  1. Sapa to Sang Roh Suci iku? Apa kang ditindakake Sang Roh Suci lumantar paseksen panjenengan bab Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:58 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)