Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 061 (Christ exists before Abraham)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

g) Sang Kristus wis ana sadurunge Rama Abraham ana (Yokanan 8:48-59)


YOKANAN 8:48-50
48 wong Yahudi padha mangsuli: “Rak ya bener, to, kandhaku yen kowe iku wong Samaria kang kapanjingan dhemit?” 49 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku ora kapanjingan dhemit, nanging Aku ngluhurake RamaKu sarta kowe ora padha ngajeni Aku. 50 Nanging Aku ora ngudi marang kaluhuranKu: Ana siji kang ngupaya lan Panjenengane iku uga kang ngadili.

Gusti Yesus nyuwek topeng kang dianggo dening wong-wong Yahudi iku, nuduhake anggone sekuthon karo Roh Iblis, kanthi nyepelekake kayekten.

Sawise serangan iki, Roh duraka sebanjure dipeksa metu supaya katon. Ora kok malah mratobat lan nggetuni dosa-dosane, wong-wong mau malah nuduhake anggone sekuton karo Iblis, lan ngakoni yen wong-wong mau wis nyenyamah, nampik kelahiran gusti Yesus awit saka Sang Roh suci. Wong-wong mau ngarani gusti Yesus wong Samaria kang wis tekan Yerusalem, lan wong-wong kang duwe watek mbedakke suku (rasis) nganggep yen wong Yahudi paling dhuwur derajate iku nesu awit prekara iku.

Salah siji golongan ngreti asal usule yen gusti Yesus iku wong Yahudi, golongan iku kandha yen pancen gusti Yesus iku wong Yahudi. Nanging kang golongan liyane kandha yen gusti Yesus nindakaken mukjijat iku awit saka pitulungane Iblis. Wong-wong kang dirasuki Iblis ora eling bab kanane kang sabenere, nanging wong-wong mau malah kandha yen Kang Sudi saka Allah iku dirasuki Iblis. Dadi Bapa sakabehing apus-apus wis mbalikake pikirane kanthi mengkono nganggep kang putih dadi ireng, lan kang ireng dadi putih.

Kanthi tenang gusti Yesus paring wangsulan marang wong-wong kang wuta kasukman iku, kanthi ngandika: “Ora ana Iblis ing sajrone sariraKu; Aku kapenuhan Sang Roh Suci. Ora ana piala senandyana mung sithik kang nyurung Aku nindakake kekarepane jagat. Aku kaluberan kayekten lan katresnan; Aku ora urip kanggo awakku dhewe; Aku wis nyingkur awakKu lan ngluhurake Rama-Ku; ya iki anggon-Ku manembah kang mlebu ing nalar. Aku martakake asma Allah marang kowe, lan ngluruhake Rama kanthi tindak tanduk-Ku. Ya, Aku mratelakake kayekten Allah marang kowe, nanging kowe sengit marang Aku, awit Aku kandha yen Allah iku Rama-Ku. Roh ala kang ana ing sajroning awakmu ora gelem lunga saka kowe lan ora gelem menehi wewengan Sang Roh Allah nggenteni. Kowe ora kepengin dadi putra-putra saka Kang Maha Suci, awit saka iku kowe nyenyamah Aku lan ngrancang pati-Ku. Aku ora nggolek kamulyan kanggo awak-Ku dhewe, awit Aku manunggal saklawase ing sajroning Rama. Panjenengane Sang Rama mbelani Aku, nggatekake Aku, ngangkat lan ngluhurake Aku. Panjenengaen uga kang bakal ngadhili kowe, awit kowe nampik Aku. Kabeh wong kang nampik Panjenengane kang lahir krana Sang Roh Suci, bakal tiba ing sajroning paukuman Allah. Iku awit Roh ala kang mapan ing wong-wogn kang nampik, kang malangi wong-wong nampani sang Juru selamet”.

YOKANAN 8:51-53
51 Satemene pituturKu marang kowe: Sapa kang netepi ing pituturKu iku bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.” 52 Pangucape wong-wong Yahudi: “Saiki aku padha weruh yen Kowe iku kranjingan Demit. Rama Abraham seda para naabi mangkonouga, mangka Kowe iku kok duwe pangucap: “Sapa wong kang netepi ing pituturKu, bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase. 53 Kowe apa ngungkuli leluhurku Rama Abraham kang wus seda! Para nabi iya padha seda. Kowe iku ngaku-aku sapa ta?”

Gusti Yesus nyethakake sari patine Injil, kanthi ngandika- kabeh wong kang krungu pangandikan Panjenengane, nampani pangandikan, lan nyimpen pangandikan ing atine, bakal nemokake yen pangandikan-pangandikan iku bakal duwe panguwasa ing uripe. Wong-wong mau bakal nampani urip langgeng lan ora bakal tahu cilaka. Patine wong-wong mau mung dadi lawange sowan marang Allah Ramane, dudu awit saka tumindake sing becik nanging awit pangandikane sang Kristus kang ana ing sajrone wong-wong mau. Apa panjenengan bisa nyakep watonan saka Kratoning Allah iki? Kabeah wong kang ora njaga pangandikane sang Kristus ing sajrone atine bakal tiba ing sajrone dosa lan dikuwasani dening Iblis. Wong-wong kang njaga Injil lan pangandikan Gusti Yesus bakal urip ing salawase.

Wong-wong Yahudi banjur banget dening nesu, lan celathu: “Kowe iku Iblis, Kowe ngapusi. Kabeh bapa leluhur wis mati. Kepiye kowe bisa kandha yen tembung-Mu bakal menehi urip langgeng marang wong – wong kang pracaya marang Kowe? Apa kowe luwih apik ketimbanga karo Kang Nitahake, awit Kowe kang bakal menehi urip kang ora bakaltahu kapungkasi kanthi pati? Apakowe luwih gedhe tinimbang karo Rama Abraham, Musa, lan Dawud? Kowe wis ngapusi awak-Mu dhewe.

YOKANAN 8:54-55
54 Gusti Yesus mangsuli: “Manawa Aku ngluhurake awakKu dhewe, kaluhuranKu iku ora ana gunane sathithik-thithiko. Kang ngluhurake Aku iku RamaKu, iya iku kang koksebut Allahmu. 55 Mangka kowe padha ora wanuh marang Panjenengane, nanging Aku kang wanuh. Saupama Aku munia yen ora wanuh, Aku dadi wong goroh, padha kaya kowe. Nanging Aku wanuh marang Panjenengane, sarta netepi ing pangandikane.

Kanthi tenang gusti Yesus paring wangsulan, lan mratelakake hakikat sarira Panjenengane kanthi katarangan luwih cetha. Panjenengane kuwi Sang Kristus ora lagi golek kaluhuran kanggo sarirane piyambak. Panjenengane hakikate pancen luwih-luwih luhur. Gusti Allah njamin kaluhuran Sang Putra, awit SangRama ana ing sajroning Putra, lan lumantar Panjenengane hakikat Allah minangka jejere Sang Rama tambah cetha. Ya, wong-wong Yahudi kanda yen Kang Maha Kuwasa iku Gusti Allahe, nanging wong-wong Yahudi ora tememen tepung Panjenengane. Bapake wong-wong mau yaiku Iblis kang singitan ing “Asmane Allah”, yaiku nggunakake asma Allah kanthi cara kang luput. Wong-wong mau lelamisan urip mursid, nanging sabenere kothong ing sajroning Roh katresnan. Kabeh wong kang tepung gusti Allah, nresnani dikaya Gusti Allah nresnani Gusti Yesus. Kanggo alesan iki mula kabeh agama kang mulangake yen mung kanthi cekelan nama “Allah” wae wis cukup, ora mbuktekake sahe dalane kauripan iku; mula kabeh pangakon imane bisa wae luput. Gusti Allah iku Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci. Kabeh tandha lan asma saka hakikat kang asifat Allah kang dadi darbeki dening agama kang liya iku mung lahir saka gagasan kang cethek. Kayekten Allah manunggal ing sajroning kamanunggalane Tritunggal. Mengkono Gusti Yesus ngelikake wong-wong Yahudi kanthi ngandika: “Kowe ora tepung Panjenengane. Urip lan pikiranmu mung dilandhesi apus-apus. Kowe wuta marang kayekten.” Nalika iku uga, gusti Yesus negasake yen Panjenengane tepung Kang Maha Langgeng iku. Manawa ora mengkono, mula paseksen Panjenengane bab Sang Rama mung bakal ngapusi wae. Nanging gusti Yesus martakake gambaran bab Allah kang bener marang wong-wong Yahudi.

YOKANAN 8:56-59
56 Rama Abraham leluhurmu rena panggalihe dene bakal nguningani ing dinaKu, lan iya wus ngungani sarta ndadekake bingahe.” 57 Pangucape wong Yahudi sabanjure: “UmurMu durung nganti seket tahun, kapriye anggonMu wus weruh Rama Abraham?” 58 Paring wangsulane gusti Yesus: “Satemen-temane pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana.” 59 Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncatai, sarta nilar Padalmenan suci.

Sawise gusti Yesus nyethakake marang wong-wong Yahudi yen wong-wong iku ora tepung gusti Allah kang sejati, lan kang nyurung tumindak mursid iku Iblis, Panjenengane mungkasi pangandikane kanthi mratelakaken bab kelanggengan Panjenengane, supaya wong-wong gawe putusan nampani Panjenengane, utawa wong-wong mau nampik panjenengane. Panjenengane uga mratelakake sipat keallahe kanthi conto Rama Abraham, kang wis dadi patuladan iman. Kanthi mengkono, gusti Yesus nyethakake marang kita yen Rama Abraham urip karo Gusti Allah, lan yen Rama Abraham sukarena ndeleng anggone sang Kristus dadi manungsa; awit kanthi prekara iku, prasetya kang diparingake rama Abraham kaleksanan, yen tedhak turune bakal dadi berkah kanggo kabeh bangsa.

Ing kene, wong-wong Yahudi rumangsa kaget, lan kandha, “Kowe iku wong kang isih enom nanging kandha yen Kowe ndeleng Rama Abraham kang urip rong ewu tahu kepungkur? Pikiran-Mu mesti ora waras”

Gusti Yesus paring wangsulan kanthi ukara kang banget dening Agung, “Sadurunge Abraham ana, Aku wis ana”. Panjenengane nyengkuyung pratela kang dingandikaake kanthi nambahi, “Satemen-temene, Aku ngandika marang kowe, “ Supaya wong Yahudi eling yen Panjenengane iku Allah kang langgeng, dikaya anane Sang Rama. Sadurunge iki, Nabi Yokanan Pembaptis wis martakake bab kelanggengane Sang Kristus. Wong akeh kelangan sari pati kayekten iki, utawa wong-wong mau ora pracaya yen manungsa bisa dadi Allah kang langgeng.

Wong-wong Yahudi nganggap apa kang diseksekake sang Kristus iku minangka patrap nyenyamah, yaiku patrap lumawan Allah, lan uga sawijining prekara kang mokal; kanthi mengkono wong-wong mau ora perlu ngenti pandakwa kang resmi, nanging banjur nyandhak watu kanggo mbenturi Panjenengane. Nalika wong-wong mau meh mbenturi watu, Gusti Yesus ilang saka tengah-tengahe wong-wong mau. Kita ora ngerti kepiye bisane dumadi lelakon iki. Pancen wektune Panjenengane durung tekan. Panjenengane tindak nglewati Gapura Pedaleman Allah.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula manembah Paduka; Paduka kemawon Gusti allah ingkang langgeng, seyo lan yektos, kebak katresnan. Paduka mboten pados kamulyan kangge sarira Paduka piyambak, nanging Paduka ngluhuraken sang Rama kemawon. Paduka paringi kamardikan saking samukawis watek gumunggung, kanthi makaten kawula mboten badhe dawah ing salebetipun dosa Iblis. Tulung kawula supados tansah nyucekake asma paduka ingkang wonten ing Kasuwarga, lannampi kanthi iman babagan gesang langgeng saking paduka.

PITAKONAN:

  1. Kenapa wong-wong Yahudi arep mbenturi gusti Yesus nganggo watu?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:53 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)