Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 048 (Jesus and his brothers)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

a) Gusti Yesus lan sedulur-sedulur Panjenengane (Yokanan 7:1-13)


YOKANAN 7:1-5
1 Sawuse mangkono Gusti Yesus lelana ngideri ing tanah Galilea. Mulane ora karsa terus ana ing tanah Yudea, awit wong Yahudi padha ngarah sedane. 2 Nalika iku ngarepake riyayane wong Yahudi kang aran riyaya Tancebing Tarub 3 Kang iku sadherek Gusti Yesus pada matur marang Panjenengane: “Suwawi Panjenengan bidhal dhateng ing tanah Yudea, supados para murid Panjenengane inggih sami sageda ningali pandamel ingkang Panjenengan tindakake. 4 Sabab sadaya tiyang ingkang ngangkah dados kawigatosanipun tiyang kathah punika rak boten wonten ingkang tumindak kanthi sesidheman. Manawi Panjenengan nglampahi pandamel makaten punika, suwawi Panjenengan ngedheng dhateng jagad”. 5 Sabab dalah para sadhereke iya padha ora pracaya marang Panjenengane.

Wong akeh iku njenger weruh paseksene Sang Kristus gegayutan kaluhurane. Sawetara para mitrane misah saka Panjenengane ing Yerusalem, sawetara ing antarane para pandhereke ninggalake Panjenengane ana ing Galilea. Wong-wong kang pikirane cethek ing ibukota ora gelem pracaya yen wong enom iki bisa nangekake wong mati lan bakal ngadhili jagat iki, sawetara wong-wong mursid kang saka Galilea rumangsa jember awit mangan daging Panjenengane lan ngombe getih Panjenengane dianggep bab kang penting. Wong-wong iku ora ngerti yen kabeh iku mung pralambang saka Bujana Suci.

Ing Yerusalem, sawetara anggota Makamah Agama gawe putusan supaya nyedani gusti Yesus. Wong-wong Makamah Agama iku ngetokake perintah supaya nawan Panjenengane, lan ngancam wong-wong Yahudi kang pracaya kanthi nundung saka papan Ibadah lan nyebratake saka berkahe Allah, manawa wong-wong iku tetap dadi pandhereke Gusti Yesus. Telik sandi saka Makamah Agama sumebar ing sakiwa tengene laladan Galilea supaya golek werta lan naliti marang gusti Yesus. Ora gumun yen akheh wong kang sebanjure mundur saka Panjenengane, awit pilihan kang kudu diptusake apa wong-wong gelem nampa dianiaya saka para pemimpin bangsa Panjenengane, utawa nampa keselametan kang ora winates kang asale saka Gusti Yesus. Wong-wong luwih milih wektu kang saiki tinimbang karo mangsa tembe, milih aman pribadie tinimbang karo sih rahmate Allah.

Para sedulur gusti Yesus rumangsa wedi gegayutan bisa uga wong-wong kang ndherek Panjenengane dibuwang saka tata pasrawungan masyarakat bangsane. Awit saka iku wong-wong mundur saka gusti Yesus ing ngarepe wong akeh, kangge nyingkiri supaya aja nganti dilarang lumebu ing papan pangibadah agama yahudi. (Markus 6:3). Wong-wong mau malah nyuwun marang Panjenengane supaya ninggalake Galilea, supaya bisa nyingkiri tanggung jawabe atas sarirane Gusti Yesus, bisa uga ndhesek astane nindakaken sawijining prekara kanggo mratelakaken kaluhuran Panjenengane ing Yerusalem. Sawise urip bebarengan karo Panjenengane sawetara tahun, wong-wong ora bisa pracaya marang keallahan Panjenengane, lan nganggep yen katresnan lan patrap becike Panjenengane mung prekara kang lumrah wae. Kang mrihatinake, akeh wong pracaya kang uga nggatekake lan ngurmati gusti Yesus awit saka katresnan Panjenengane, nanging ora bisa nangkep kayekten Panjenengane.

Para sedulur gusti Yesus tahu weruh mukjijat kang ditindakake Panjenengane. Sinadyan mengkono, para sedulur gusti Yesus ora gelem pracaya yen Panjenengane iku sang Mesih kang bakal rawuh, kang kabeh wong bakal sujud. Para sedulure gusti Yesus cuwa atine awit akeh wong-wong kang mundur saka Panjenengane. Para sedulur gusti Yesus nggodha gusti Yesus kaya kang tahu ditindakake Iblis ing ara-ara samun, nalika semana Iblis nawani gusti Yesus nuduhake kaluhuran Panjenengane ing pedaleman suci ing ngarepe wong akeh kang lagi ngibadah, supaya bisa mikut wong-wong mau kanthi tumindak kang katon mangkono. Gusti Yesus ora mbudidaya supaya nampani kaagungan, Panjenengane milih patrap andap asor, lan karingkihan hakekate manungsa, tanpa ngarep-arep anane wong kang mratobat akeh awit ndeleng tanda-tanda kaelokan.

YOKANAN 7:6-9
6 Gusti Yesus tumuli ngandika marang sadherek mau: “Durung tumeka ing wektuKu, nanging tumrape kowe kabeh tansah ana wektune 7 Jagat iku ora bisa sengit marang kowe, nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseni yen panggawene jagat iku ala. 8 Kowe padha mangkata nekani riyaya iku, Aku durung mangkat mrana, awit durung tumeka ing wektuKu 9 Gusti Yesus sawuse ngandika mangkono banjur kantun ana ing tanah Galilea.

Manungsa iku gumunggung, awit roh ala wis nyemeri manungsa. Anggone gumunggung iku tandha-tandha saka jiwa kang ora sehat lan tandha-tandha penyakit kang gegayutan kara rerasaning ati. Sejatine kabeh manungsa menawa dibandingake karo Gusti Allah iku cilik, ringkih lan ditetepake mati. manungsa mbudidaya nutupi karingkihane kanthi maneka cara dandan supaya katon ngedap-edapi. Wong kang gumunggung mbayangake awake kaya gusti allah cilik, kang bisa nindakake apa wae sakarepe utawa babar pisan ora nindakake apa-apa. Manungsa iku ngrancang dina-dinane lan laku-lakune uripe kanthi ora maelu gusti Allah. Bisa disebut manungsa iku dadi wong kang mbalela lan lumawan marang kang nitahake. Manungsa nresnani awake dhewe, lan dudu Gusti Allah; mulyakake jenenge dhewe, ora ngluhurake asma Sang Rama ing ana ing Swarga. Ora mung pikiran lan kekarepane manungsa kang ala, nanging panggawene manungsa kabeh iku uga ala. Awit kabeh wong kang urip tanpa Gusti Allah, lagi nglakoni urip kang lumawan Gusti Allah. Akeh-akeh temuan lan majune ilmu pengetahuan, dikaya uga ing sajroning watonan sistim filosofi duwe gegayutan karo ing sakiwatengene dosa. Ing sakabehe iku dadi winih saka pati langgeng.

Sang Kristus nuduhake yen jagat sengit Panjenengane. Panjenengane rawuh ora kanggo nindakake apa kang disenengi Panjenengane. Panjenengane manunggal karo Sang Rama lan makarya ing sajrone patunggalan karo Panjenengane. Malah wong-wong mursid nemokake ing sajrone Panjenengane watu sandhungan, awit katresnan kang diwulangake Panjenengane dudu katresnan secara paugeran nanging katresnan kang saka gusti Allah. Wong-wong Yahudi sengit marang Panjenengane, awit anggone rawuh Panjenengane ngilangi pangakone wong Yahudi bab anggone mbenerake awake dhewe.

Para sedulure Sang Kristus nampik Sang Roh Suci, lan malah para sedulure gusti Yesus kapenuhan dening roh kadonyan, lan awwit saka iku selaras karo watonane wong-wong Farisi. Kurange iman para sedulure Sang Krsitus dadi bukti yen Sang Roh katresnan kang saka Allah pancen ora ana ing sajroning uripe para sedulure Gusti Yesus; lan para sedulure Gusti Yesus malah dituntun dening roh kang liya, roh kang nggunggulake awake dhewe lan kang mbalelo lumawan gusti Allah. Para sedulure Gusti Yesus ngapusi awake dhewe, pracaya marang pambobot saka panggawene dhewe.

YOKANAN 7:10-13
10 Nanging bareng para sadhereke wus mangkat nekani riyaya mau, Panjenengane iya tindak, nanging ora ngeblak, dadi kanthi sesidheman. 11 Nalika riyaya, wong-wong Yahudi paddha nggoleke Panjenengane calathune: Wonge ana ing ngendi?” 12 Sarta ing antarane wong akeh mau keprungu rerasanan bab Panjenengane; ana kang ngucap mangkene: “Iku wong becik.” Liyane maneh: “Ora, iku nasarake wong akeh.” 13 Ewadene ora ana wong siji-sijia kang wani rembugan ngeblak bab Panjenengane, awit wedi marang wong Yahudi.

Saben tahun wong Yahudi ngriyayakake dina tanceping Tarub iku kanthi kebak kabungahan. Saka pang-pang wit-witan wong Yahudi mau gawe pondok-pondok kanggo lungguh, apik digawe ing payon uga ing pinggir-pinggir dalan. Wong Yahudi pada dolan dolan dinolan antarane pepadhane lan mangan-mangan panganan kang enak. Yaiki pirsa atur panuwun marang gusti Allah kang wis nyawisake panenen kang luber-luber. Tenda-tenda lan pondok-pondok iku ngelingake wong Yahudi gegayutan pengalamanan anggone mlaku ing ara-ara samun: Nalika iku wong-wong Yahudi ora duwe papan panggonan ana ing donya iki.

Gusti Yesus ora melu ana ing sajroning bungah-bungah ing riyaya iku, awit Panjenengane lagi dianiaya bebarengan karo para murid Panjenengane. Panjenengane ngejarake para sedulure budhal luwih dhisik. Sebanjure sawise iku Panjenengane lagi tindak menyang Yerusalem, lan nglantarake salam pepisahan marang Galilea, dalem Panjenengane sasuwene ana ing jagat. Waktu kang banget nemtokake wis tekan, kang dadi pucuking saka sejarah, sedane Gusti Yesus kanggo keselametan saka bebendhune Gusti Allah.

Wong-wong Yahudi duwe panemu kang beda gegayutan gusti Yesus. Ana sawetara wong kang duwe panemu Panjenengane iku kang rawuh saka Allah, wong becik lan wong kang dadi paraga nganyarake. Wong-wong kang liyani duwe panemu Panjenengane iku dadi wong kang nyasarake bangsa kuwi lan pantes nampani paukuman pati; kang anane Panjenengane bakal dadi jalaran bebendune Allah atas wong-wong kang ngrusak riyaya-riyayane. Golongan Sanhedrin wis ngetokake parintah lan ngumumake marang wong akeh, kanthi pengarep-arep yen para pandherek Panjenengane bakal mangu-mangu ing sajroning ndherek Panjenengane. Sawise kuwi, ora ana siji wae kang wani rembugan ngeblak karo gusti Yesus.

PANDONGA: Gusti yesus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas angen paduka andap asor lan mbangun turut dhumateng gusti Allah. Paduka paringi kamardikan kawjula saking patrap kadonyan, kanthi makaten Sang Roh Paduka saget amenuhi kawula. Tebihna kawula saking margi ingkang awon, lan sarasaken kawula ing salebeting batin kawula, supados ngladosi Paduka kados dene ingkang Paduka kersakaken.

PITAKONAN:

  1. Kenapa jagat sengit karo gusti Yesus.

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:44 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)