Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 045 (Jesus offers people the choice)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
B - GUSTI YESUS IKU ROTI PANGURIPAN (Yokanan 6:1-71)

4. Gusti Yesus nawakake pilihan marang wong akeh, “gelem nampa apa nampik!” (Yokanan 6:22-59)


YOKANAN 6:51
51 Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggo uripe jagat”.

Apa tahu panjenengan ndeleng roti kang obah utawa bisa omongan? Gusti Yesus ngarani Panjenengane iku Roti Urip, Roti kang urip- Panjenengane ngandika dudu gegayutan roti kang katon kang mudhun saka langit, nanging panganan kang asipat kasukman lan kasuwargan. Panjenengane ora ngandikan kanthi nyata supaya makan daging Panjenengane; awit kita dudu wong kang gaweane makan daginge manungsa.

Gusti Yesus banjur ngandikan babagan anggone arep seda. Dudu kasukman Panjenengane kang nebus manungsa, nanging pakaryan anggone dadi Manungsa. Panjenengane dadi manungsa supaya masrahake sarira Panjenengane kanggo dosa-dosa kita. Wong-wong kang mirengake Panjenengan dadi runtik atine; Panjenengane kaya manungsa lumrah, kang asale saka keluarga kang mlarat. Manawa wae ana malaikat kang ngaton saka langit, wis mesti wong-wong mau bakal nampani Panjenengan karo keplok-keplok. Gusti Yesus nyethakake yen kaluhuran Panjenengan lan Sang Roh Panjenengane dudu kang bakal nebus wong-wong mau, nanging badan Panjenengane kang bakal dipasrahake kanggo manungsa kabeh, iku kang ditindakake Panjenengane.

YOKANAN 6:52-56
52 Wong-wong Yahudi tumuli padha bebantahan, pangucape: “Wong iku kapriye bisane menehake daginge supaya padha dakpangan?” 53 Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Satemen-temene pituturKu marang kowe. Manawa kowe ora mangan daginge Putrane Manungsa lan ora ngembe getihe mesthi ora padha kadunungan urip. 54 Sapa wong kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku nduweni urip langgeng, sarta Aku kang bakal nangekake besuk ing dina wekasaning jaman. 55 Sabab dagingKu iku pangan kang sajati, lan getihKu iku omben-omben kang sajati. 56 Wong kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku dadi tetap ana ing Aku, lan Aku ana wong iku.

Ing antarane wong-wong Yahudi ana wong kang pracaya lan uga ana wong kang nampik gusti Yesus. Loro golongan iku padha bebantahan seru. Para satru gusti Yesus rumangsa risi banget nalika ngangen gegayutan mangan daging Panjenengane lan ngombe getih Panjenengane. Gusti Yesus melu ing sajroning bebantahan ing antarane loro golongan iku, kanggo mirsani wong-wong kang pracaya marang Panjenengane. Gusti Yesus ndadar katresnan saka golongan kang kawitan lan nuduhake anggone wuta ditimbang karo golongan kang sijine. Panjenengane sebanjure ngandika, “Satemen-temene, Aku ngandika marang kowe, manawa kowe ora mangan daging-Ku lan ngombe getihKu, kowe ora bakal duwe urip langgeng. Manawa kowe ora melu dadi siji karo Aku, kowe bakal tetep ana ing sajroning pati lan dosa ing salawas-lawae.”Tembung-tembung iku keprungu ing kupinge wong-wong mau katampa kaya minangka tembung nyenyamah Allah. Kaya-kaya nalika iku ana manungsa Yesus kang nantang wong-wong mau, “Patenana Aku lan panganen Aku,awit ing sajroning awaKu ana mukjijat. BadanKu iku roti, urip kasuwargan kang ditawakake marang kowe”. Wong-wong mau getihe banjur umup lan wong-wong mau banget dening nesu. Nanging, wong-wong kang pracaya marang Panjenengane nanggapi becik awit kadudut dening sang Roh Suci, paracya marang prekara kang elok, sumendhe marang gusti Yesus supaya nemokake dalan kang bisa andadekake pangandikane gusti Yesus iku dadi kasunyatan. Manawa wae wong-wong mau gelem mikir sethithik wae, bab dina Riyaya Paskah, wong-wong mau bakal ndeleng yen nabi Yokanan Pembaptis wis nyebutake yen gusti Yesus, iku cempening Allah; kabeh wong Yahudi melu ngriyayakake riyaya Paskah, mangan daging korban kang dibeleh ing riyaya iku. Iki ditindakake supaya ora kena bebendune gusti Allah, yaiku kanthi nyawiji karo kewan kang dadi korban iku. Gusti Yesus nuduhake manawa Panjenengane iku Cempening Allah kang sejati kang manggul dosane jagat.

Dina iki kita weruh yen lambang ing Bujana suci nyethakake yen daging Sang Kristus manjing ing kita, lan getih Panjenengane nyucekake kita saka kabeh dosa kita. Kita ngaturake panuwun marang Panjenengane atas sih rahmat iki. Wong-wong Galilea tumeka ing kene isih ora paham wadi iki, lan pangandikan kang dingandikaake gusti Yesus mung agawe wong-wong mau bingung wae. Gusti Yesus lagi ndadar imane, nanging sipat wangkot wong-wong mau bakal dadi kanepson wong-wong mau kang ora bisa dikendhaleni.

Kita manembah sang Kristus ing sajroning kabungahan lan atur panuwun, awit Panjenengane wis mbabarake marang kita bab bujana Suci karo lambang-lambang, lan kepiye Panjenengane wis rawuh marang kita lumantar Sang Roh Panjenengane. Tanpa pangorbanan Gusti Yesus, kita ora bakal bisa sowan marang Gusti Allah lan ora bisa manunggal karo Panjenengane. Pangapura kang sampurna saka dosa-dosa kita agawe kita bisa sowan marang Panjenengane. Iman marang Panjenengane bakal andadekake mukjijat iki lan agawe wong-wong liya melu nyawiji ing sajroning wungune Panjenengane kang kalimputan ing kamulyan.Gusti Yesus ora mung kersa seda ing kayu salib wae, nanging ngersakake amenuhi kita, lan awit saka iku kita dadi wong-wong suci kang urip ing salawas-lawase.

YOKANAN 6:57-59
57 Padha kaya Sang Rama kang gesangngutus Aku lan Aku urip dening Sang Rama, mangkono uga sing sapa mangan Aku iku iya bakal urip dening Aku. 58 Iki roti kang wus tumurun saka ing swarga. Dudu roti kaya kang dipangan dening para leluhurmu, lan banjur wus padha mati. sing sapa mangan roti iki bakal urip ing salawas-lawase”. 59 Anggone mangandikake iku mau nalika Gusti Yesus mulang ana ing papan pangibadah ing Kapernaum.

Sang Kristus mbeberake marang kita bab urip ing sajroning Gusti Allah Kang Maha Kuasa, yaiku Sang Rama kang asipat agesang. Panjenengane ana wiwi ing jaman kelanggengan nganti kelanggengan minangka jejering Sang Rama saka kabeh katresnan. Sang Kristus gesang ing sajroning Sang Rama, lan ora ana kanggo sarirane piyambak nanging kanggo Sang Rama Panjenengane. Anggone gesang Panjenengane namokake makna ora nglegekake pepinginan pribadi Panjenengane piyambak, nanging kanthi mbangun turut kang sawutuhe marang Rama Panjenengane, kang wis mutrakake Panjenengane. Sang Putra leladi Sang Rama, sawetara Sang Rama nresnani sang Putra lan makarya ing sawutuhe sajroning lumantar Sang Putra.

Gusti Yesus mratelakaken wadi saka anggone manunggal karo Sang Rama ing tengah-tengahe wong-wong kang rame lumawan panjenengane. Gusti Yesus maringi wahyu kang agung marang wong-wong mau, “Padha kaya Aku urip kanggo Sang Rama lan ing sajroning Panjenengane, mengkono uga Aku kersa urip kanggo kowe lan ing jaroning kowe. Supaya kowe bisa urip kanggo Aku lan ing sajroning Aku”. Sedulur kang kinasih, apa panjenengan kersa duwe sesambungan kang raket karo Sang Kristus iki? Apa panjenengan kersa nampani Panjenengane golong gilik lan sawutuhe anane panjenengan apa ora? Apa panjenengan kersa matekake awak panjenengan, supaya gusti bisa agesang ing sajroning Panjenengan?

Sang Kristus ora rawuh kanthi nganyarake kang asipat gampang cak-cakane, lan Panjenengane uga ora ngirim kasugihan kanggo kita supaya menehi pitulungan awake dhewe. Gusti Yesus ora yasa rancangan kanggo ngelar laladan padesan. Ora! Panjenengan ngrubah ati, supaya manungsa bisa urip mursid nganti selawas-lawase. Panjenengane nawani wong-wong pracaya supaya dadi perangan ing sajroning sifat kealahane. Dadi Panjenengane nitahake sawijinging manungsa anyar kang ora mati, kang urip, nresnani lan leladi. Tujuan utama Panjenengane yaiku gusti Allah.

Coba panjenengan gatekake maneh pasal 6 kabeh, lan etung kaping pira ing sajroning Sang Kristus nyebutaken telung tembung, “Rama”, “Urip” lan “Patangen” lan uga kabeh tembung liyane kang digawe. Panjenengan enggal banjur nyakep sari pati saka Injil Yokanan. Wong-wong kang pracaya marang Sang Kristus urip ing sajroning Sang Roh Rama, kang tumindak tumuju marang patangan ing sajroning kamulyan.

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit rawuh dhumateng kawula, lan maringi marang kawula gesang Sang Rama kanthi kapenuhan kabingahan. Apunten dosa-dosa kawula lan sucekaken kawula, kanthi makaten kawula saget ngladosi Paduka kanthi kebak kesabaran lan katresnan, lan ndherek Paduka kanthi alusing bebuden, lan sanes namun gesang kangge badan piyambak.

PITAKONAN:

  1. Kenapa apa gusti Yesus Ngandaika marang wong-wong kang mirengake Panjenengane yen wongwong mau kudu mangan badan Panjenengane lan ngombe getih Panjenenane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:43 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)