Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 044 (Jesus offers people the choice)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
B - GUSTI YESUS IKU ROTI PANGURIPAN (Yokanan 6:1-71)

4. Gusti Yesus nawakake pilihan marang wong akeh, “gelem nampa apa nampik!” (Yokanan 6:22-59)


YOKANAN 6:41-42
Wong-wong Yahudi banjur pating kedumel ing bab Panjenengane, awit ana pangandikane mangkene: “Ai iki roti kang tumurun saka ing swarga.” 42 Padha grenengan mangkene: “Apa iku dudu Yesus anake Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa-biyunge? Kang iku kapriye kok duwe pangucap: “Aku tumurun saka ing swarga?”

Yokanan Sang Penginjil ngarani wong-wong Galilea iku wong Yahudi, sinadyana wong-wong Galilea iku ora kalebu golongan wong Yahudi iki, nanging awit wong-wong mau nampik Sang Roh Kristus, wong-wong mau ora luwih apik ketimbang karo wong-wong Yahudi lan wong-wong mau mapan ana laladan kidul.

Para ahli torat duwe alesan kang beda kenapa para ahli torat mau nampik gusti Yesus, awit pikirane kang kaku lan pracaya marang anggone urip kang bisa kaanyarake nganggo kekuatane pribadi kang banget lelawanan karo katresnane Gusti Yesus. Gegayutan wong-wong Galilea kesandung prekara kang ana sambung rapete karo keluargane Gusti Yesus, awit wong-wong mau tepung karo keluargane Gusti Yeus, awit “bapak Gusti Yesus” (Yusuf tukang kayu) tahu urip bebarengan wong-wong mau, wong kang lugu, ora duwe ganjaran kasukman prekara nabi utawa ganjaran kasukman mligi. Lan ibu Panjenengane Maryam ora ana bedane kareo wong wadon liyane, kajaba nalika Maryan wis dadi randa, kang dianggep dadi tanda bab anane bebendu Allah. Awit iku wong Galilea ora pracaya yen gusti Yesus iku Roti kang tumurun saka ing Swarga.

YOKANAN 6:43-46
43 Gusti Yesus banjur mangsuli pangandikane: “Aja padha paating kedumel. 44 Ora ana wong kang bisa marni Aku, kajaba manawa digendheng dening Sang Rama kang ngutus Aku, amarga Aku kang bakal nangekake besuk ing wekasaning jaman. 45 Ing kitabe para nabi ana tulisan mangkene: “wong kabeh bakal kawulang dening Allah” Mulane sok wonga kang wus ngrungokake sarta nampani piwulang saka Sang Rama, iku marani aku. 46 Kang mangkono iku ora ateges ana wong kang wus weruh marang Sang Rama. Mung kang pinangkane saka ing Allah iku kang wus ndeleng Sang Rama.

Gusti Yesus ora mbeberake kaelokan anggone Panjenengane miyos marang wong-wong kang nampik Panjenengane, wong-wong mau sinadyana dibeberake mesthi ora bakal pracaya. Lan uga kita ora bakal bisa ngerti alandesan akal budi kita gegayutan keallahane saka manungsa Yesus, lan mung bisa dingerteni kanthi pepadhang saka Sang Roh suci. Sapa wae kang sowan marang Panjenengane kanthi iman bakal ndeleng Panjenengane lan ngerti kayekten kang agung saka Panjenengane.

Gusti Yesus ora marengake wong akeh iku nggrundhel lumawan wahyune gusti Allah. Roh wangkot ora bakal bisa krungu apa wae bab kratoning Allah. Nanging wong kang gelem ngrungokake, bakal bisa ngrasakake kebutuhane ngrasakaken katresnane Allah.

Gusti Allah ing sajroning katresnan iki nuntun wong marang Gusti Yesus sang Juru selamet, Gusti Allah kagungan karsa madhangi lan mulang wong-wong mau secara pribadi, kaya dene kang kita waca ing sajroning Yermia 31:3. Ing sajroning Prejanjian Anyar dudu karsane utawa pikiran manungsa kang bisa nuwuhake Iman; nanging Sang Roh suci we kang bisa madhangi kita, lan yasa panguripan kita duweni sifat keallahan, supaya kita bisa weruh yen gusti Allah kang Maha Kuasa iku pancen Allah lan Rama kita. Gusti Allah nggulawenthah marang para Putrane, lan njangkung sambung rapete secara langsung marang wong kang pracaya. Panjenengane nganakake iman ing sajroning ati kita lumantar pamilut saka Sang Roh Suci. Apa panjenengan wis ngrasakake pamilut iki ing ati sanubari panjenengan? Apa panjenengan tinarbuka marang pakaryan saka katresnane Allah?

Sang Rama nuntun kita marang Gusti Yesus lan andadekake kita sowan marang Panjenengane. Panjenengane ngrubah ati kita supaya duwe rasa kangen marang Panjenengane, nganti kita sowan lan ketemu gusti Yesus kang uga kita nresnani Panjenengane. Panjenengane nampani kita dikaya anane lan ora ngguwak kita, Panjenengane nandur urip langgeng ing sajrone panguripan kita, kanthi mangkono kita bisa melu cawe-cawe ing sajrone panguwasa patangen, kanggo mlebu ing sajrone kaluhuran Sang Rama Panjenengane.

Ana kana, sebanjure katon bedane kang ana antarane Gusti Yesus karo wong-wong kang dilahirake maneh. Ora ana manungsa kang wis ndeleng Gusti Allah, kajaba Sang Putra piyambak. Panjenengane ana nyawiji karo Sang Rama wiwit wiwitan mula lan mirsani Panjenengane. Sang Rama lan Sang Putra ora bisa dipisahake. Gusti Yesus dadi perangan ing sajrone tentrem rahayu kasuwargan lan ing sajrone kabeh anane sifat keallahan.

YOKANAN 6:47-50
47 Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya, iku nduweni urip langgeng, 48 Aku iki roti panguripan. 49 Leluhurmu padha mangan mana ana ing ara-ara – samun, nanging wis padha mati. 50 Iki roti kang tumurun saka ing swarga: Sing sapa mangan iku, ora bakal mati.

Sawise Gusti Yesus mratelakaken anggone manunggal karo Sang Rama, lan Sang Roh Suci kang makarya ana ing sajroning wong-wong kang mirengake Panjenengane, Gusti Yesus sepisan maneh maringi keterangan bab kayekten hakekate sarirane supaya wong-wong pracaya marang Panjenengane. Gusti Yesus mbabarake watonan kekristenan kanthi ringkes: Sing sapa kang pracaya marang gusti Yesus bakal urip ing salawas-lawase. Keyektan iki dadi jamian kang ora bisa dibatalake dening pati.

Gusti Yesus kayadene roti kang saka Gusti Allah kanggo jagat iki. Kaya dene roti kang ora entek nalika dipasrahaken marang tangan siji lan tangan liyane nalika dumadine mujijat maringi mangan wong limang ewu, semono uga gusti Yesus cukup bisa nyukupi kabutuhan jagat saklawas-lawase, awit ing sajroning Panjenengane kaliputan kapenuhane Allah. Saka Gusti Yesus panjenengan bakal nampi pengarep-arep, kabungahan lan berkah. Ringkese, Panjenengane nawakake urip saka Gusti Allah marang jagat, nanging jagat nampik Panjenengane.

Manna kang mudhun ing ara-ara samun iku sih rahmat saka G|usti Allah; Manna iku ora tahan suwe. Kabeh sing mangan manna iku wis padha mati. Semono uga kita ndeleng ing sajroning pegawean awit kawelasan, undak-undakane teknik dan katemokake perkara-prekara kang sipat ilmu, kabeh iki mitulungi banget, nanging mung kabeh mau kanggo sawetara lan ora bisa kabeh. Ora ana kabeh kang ditemoake mau obat kanggo pati, utawa ora ana kang bisa menang atas dosa. Nanging sing sapa nampani Sang Kristus ora bakal mati. Yaiki tujuwan Sang Kristus, rawuh lan manunggal ing sajroning panjenengan. Panjenengane ngersakake manunggal ing sajroning panjenengan secara pribadi, kanthi mangkono ora ana roh liyane kang bakal nguwasani uripe panjenengan. Panjenengane bisa ngilangi kabeh pepinginan ala, lan nyurutake rasa wedi panjenengan, kaya dene nguwatake panjenengan ing sajroning karingkihan. Panjenengane iku roti saka Gusti Allah kang ditetepake kanggo panjenengan. Mangga panjenengan dahar lan panjenengan urip, kanthi mangkono ora maneh ngalami cilaka langgeng kaya wong-wong kang dosa liyane.

PITAKONAN:

  1. Kepiye Gusti Yesus nanggapi marang panggrundhele wong-wong kang mirengake Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:42 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)