Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 046 (Sifting out of the disciples)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
B - GUSTI YESUS IKU ROTI PANGURIPAN (Yokanan 6:1-71)

5. Anggone gusti milih marang para murid Panjenengane (Yokanan 6:59-71)


YOKANAN 6:59-60
59 Anggone mangandikaake iku mau nalika Gusti Yesus mulang ana ing papan pangibadah ing Kapernaum. 60 Para siswa bareng krungu kang mangkono mau akeh kang padha ngucap mangkene: “Tetembungan iki keras temanan, kang betah ngrungokake bae sapa?”

Keterangan gegayutan roti kang saka Gusti Allah lan mangan badan Yesus diparingake ing sajrone wewengan kang beda-beda. Panjenengane mbaleni sawetara irah-irahan lan njerokake isine kanthi mundhak saka sethithik. Yokanan, sebanjure, nglumpukake kabeh rerembugan iku dadi siji. Kita ndeleng gusti Yesus ana pedaleman suci ing Kapernamun mulang wong-wong kang sowan panjenengane, anggone mulang kaya – kaya mratelakaken yen Panjenengane iku luwih apik katimbang karo Nabi Musa, lan mulangake yen kabeh wong kang pracaya kudu nyawiji karo badan lan getih Panjenengane.

Pratela kang mengkono angel ditampa pangertene malah kalebu wong-wong kang wis setiyo ndherek Panjenengane. Wong-wong mau wiwit ngaturake pitakonan lan nglahirake anggone mangu-mangu. Wong-wong iku wis gawe katetepan arep mbangun turut marang Gusti allah lan leladi Panjenengane, nanging wong-wngmau dadi bingung awit katarangan gusti Yesus gegayutan karo badan lan getihe kang kudu dipangan lan diombe. Nalika anggone bingung wong-wong mau saya ndadi Gusti kang kebak rahmat mbuka pikiran saka pandherek Panjenengane kang setia, supaya ngerti pasemon gegayutan Roti Panguripan iku.

YOKANAN 6:61-63
61 Gusti Yesus mirsa sajroning panggalih manawa siswane padha ngedumel ing bab iku mau, banjur mangandikani: “apa kowe padha kacenthok ing pituturKu iku mau? 62 Kang iku kapriye saupama kowe padha weruh Putrane Manungsa samengko menyang padunungane kang dhisik? Roh iku kang nguripake daging iku ora ana paedahe. Tembung kang Daktuturake marang kowe iku roh lan urip.

Gusti Yesus pirsa apa kang ana ing pikirane para murid, Gusti ora duka awit dening pitakonane para murid iku. Apa kang dadi pasambate para murid ora ana gegayutane karo wong-wong kang lumawan Panjenengane, wong kang ora pracaya iku, nanging pancen para murid ora mudheng bab pasemon bab kengkerane Sang Kristus. Nanging sadurunge Gusti Yesus paring kawruh marang para murid, Gusti Yesus mbeberake makna saka pasemon iku, katarangan sawutuhe bab rancangan keselametan kanggo jagat.

Panjenengane ora mung bakal seda kanggo wong-wong supaya wong-wong bisa mangan badan Panjenengane secara kasukman, nanging Panjenengane uga bakal munggah marang Sang Rama, saka ngendi Panjenengane mudhun. Iya panjenengane kang wis rawuh saka suwarga, nanging ora bakal terus ana ing donya iki. Para murid ndeleng Panjenengane tindak ing sakndhuwure tlaga, lan ngerti yen Panjenengane iku manungsa kang ngedap-edapi. Panjenengane bakal munggah menyang Rama-Ne supaya Sang Rama ngesokake Sang Roh suci Panjenengane marang para pandhereke. Ya marga saka tujuwan iki seda Panjenengane lan karsa saka anggon Panjenengane rawuh. Sih rahmat Panjenengane marang para murid ora awujud sacuwil daging Panjenengane, nanging Panjenengane rawuh ing ati para pandhereke. Dudu badan kang katon, nanging Sang Roh Suci kang mlebu ing sajroning kita.

Gusti Yesus nuduhake yen daging ora ngasilake apa-apa. Ing wiwitane kita dititahake kanthi apik banget lan endah, nanging nanging pikiran lan anane kita dadi cemer. Ing sajroning badan kita ora ditemokake panguwasa kanggo urip lang sabenere, lan mung urip kanggo nindakake dosa. Badan Gusti Yesus piyambak uga duwe karingkihan, awit saka iku Panjenengane ngandika, “Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe aja tumiba ing panggodha. Roh iku pancen cumandang, nanging daging iku ringkih”

Pinuji Gusti Allah, gusti Yesus ing sajroning sarirane kagungan Sang Roh suci ing saben wektu. Manunggaling sang Roh suci ing sajroning sarirane iku wadi anane Panjenengane. Panjenenane ngersakake kita ana patunggalan karo Sang Roh suci lan sarirane ing sajroning sedane, wungune, lan mingkrate, lan manunggali sang Roh suci ing badan kita kang ringkih iki. Sadurunge Panjenengane nyethakake marang Nikodemus yen banyu lan sang Roh maringi kabisan marang kita supaya mlebu ing sajroning Kratoning Allah, kang didasari marang baptisan Yokanan nganggo banyu, lan baptisan Sang Roh suci ing dina pentakosta. Ing sajroning katarangan gegayutan roti panguripan, sang Kristus mbeberake marang para murid yen Panjenengane bakal rawuh marang para murid lan lan atas para murid nalika para murid melu ing sajroning Bujana Suci. Kanthi pangerten yen kabaeh kang ana ing sajroning upacara iku ora bakal ngasilake apa-apa, kajaba manawa Sang Roh suci wis rawuh marang kita. Ya Sang Roh suci kang nangekake, daging babar pisan ora ana ajine. Sang Roh Kristus wae kang mesti rawuh ana ing antarane wong pracaya.

Kepiye Sang Roh suci iku mudhun atas kita? Yaiki pitakonan kunci kanggo kabeh wong kang arep nyawiji ing sajroning badan lan getih Panjenengane kanggo urip ing sajroning patunggalan kang sempurna karo Sang Kristus. Gusti Yesus paring wangsulan kanthi gampang, “Rungokno pituturKu, bukaen atimu marang banda donya Injil kang aji”. Sang Kristus iku Sabda Allah; sing sapa ngrungokake Sabdane lan pracaya marang Panjenengane bakal kapenuhan Sang Roh Suci. Kalimputona ati panjenengan kanthi katresnan saka panguwasane Allah, kanthi ngapalake ayat-ayat ing kitab suci. Anggonmu ngadeg sing jejeg ing sajroning janji Gusti Allah, sumendhe marang apa kang ditegasake gusti, mula panjenengan bakal dadi luwih kuwat dibanding karo wong-wong kang nemokake, temonan-temonanne. Awit kanthi pangandikan keselametan Sang Kristus kang nitahake jagat raya bakal rawuh marang panjenengan, maringi panjenengan urip lan panguwasane.

YOKANAN 6:64-65
64 Nanging ana panunggalanmu kang ora pracaya”. Pancen Gusti Yesu ora kekilapan wiwit wiwitan mula, sapa wonge kang padha ora pracaya, lan kang bakal masrahake Panjenengane. 65 Panjenengane banjur ngandika: “Mulane kowe wus padha Dakwarah mangkene: Ora ana wong kang bisa marani Aku kajaba manawa wus kaparingan wewengan saka Sang Rama”

Akeh wong kang ndherek gusti Yesus gagal ngerti pokok kang banget penting iki, lan sebanjure lunga ninggalake gusti Yesus. Keterangan bab mangan daging lan ngombe getih iki sari pati saka anggone leladi Gusti Yesus ing Galilea, lan uga dadi jalaran kenapa akeh wong kang nderek Panjenengane, lan sebanjure ninggalake Panjenengane. Awit saka gunggunge wong kang ninggalake Panjenengane iku akeh, wong-wong mau ora bisa ngerti kanthi nalare minangka jejering manungsa, lan lan ora sumendhe tanpa syarat marang gusti Yesus. Wong-wong maukelangan kayekten saka kalenggahan gusti Yesus minangka jejering Allah, lan ora wani gawe prejanjian karo Panjenengane kanthi landhesan pangorbanan Panjenengane.

Gusti Yesus ngandika marang para murid, yen sawetara wong malah bakal ana sing lumawan Sang Roh suci, lan nutup lawanging ati atas Panjenengane. Gusti bisa mirsani atine saben wong. Panjenengane pirsa Yudas kang ngianati Panjenengane, kang wis wis mlebu ing patunggalan gusti Yesus wiwit wiwitan. Yudas wis nampik mbuka awak sawutuhe marang Sang Roh Suci kang kebak Katresnan. Gusti Yesus pirsa yen nalika Panjenengane nyethakake gegayutan wong kang bakal nyedani Panjenengane, lan salah siji ing antarane para murid bakal masrahake Panjenengane supaya nglakoni disalib banget dening nggegirisi.

Reringkesane, gusti Yesus mbaleni wadi iku, yen ora ana wong kang bisa pracaya marang gusti Yesus manawa ora awit pakaryane Sang Roh Allah ing sajroning manungsa iku. Iman kita dudu mung ngrasa pracaya wae, nanging sawijining patunggalan secara pribadi karo gusti Yesus, dening pakaryane saka Sang Roh Suci. Panjenengan buka jiwa panjenengan marang pamiluting Sang Roh kang saka Sang Rama, aja lumawan siji wae saka kayektene Gusti Yesus. Sebanjure panjenengan bakal ngrasakake Rawuhe Panjenengane ing sajroning panjenengan, manungsal nganti selawase. Panjenengane iku roti panguripan kang dicawisake kanggo panjenengan.

PITAKONAN:

  1. Kepiye sang Roh suci kang maringi urip iku manunggal karo badan Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:43 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)