Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 173 (Abstention from Marriage)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 3 - PELADOSANĚ GUSTI YĚSUS ING NGARĚ YARDĚN ANA ING TINDAKĚ TUMUJU YĚRUSALĚM (Matéus 19:1 - 20:34)

3. Urip Ora Bebrayatan Kanggo Leladi Marang Sang Kristus (Matéus 19:10-12)


MATÉUS 19:10-12
10 Para sakabat tumuli padha munjuk: “Manawi makaten kawontenanipun tiyang-tiyang sesemahan, langskung saé mboten emah-emah.” 11 Nanging pangandikane: “Ora kabéh wong ngreti marang kandhaKu, mung kang wus kaparingan kanugrahan. 12 Ana wong kang ora bisa omah-omah, awit wiwit lair saka ing guwa-garbané ibuné kaanané wis kaya mangkono lan ana wong kang didadekaké mangkono déning wong liya lan ana manéh kang gawé awaké dhéwé mangkono saka karepe dhéwé marga saka Kratoning Swarga. Sing sapa bisa ngreti supaya mangretia.”
(1 Korintus 7:7).

Para murid banget déning kaweden gegayutan pangandikané Gusti Yésus babagan kasucén lan tanggung jawab sesomahan nganti para murid duwé pikiran luwih becik ora omah-omah. Gusti Yésus ora ngidinaké wong lanang duwé patrap sakarepe dhéwé marang kang wadon, nanging dadi wong lanang kudu nuntun kasetyan, kesabaran, kawicaksasnan, lan katresnan. Sesomahan nuntun anané tanggung jawab, sabar, lan pangorbanan tanpa ana hak kanggo pepisahan utawa pegatan.

Gusti Yésus nuduhaké marang para pandhérék Panjenengané yén bisa uga wong ora mbujang, ora marga ngedohi omah-omah, nanging supaya bisa leladi Gusti Allah. Kudu dicathet yén mbujang ora luwih suci tinimbang karo wong kang omah-omah, awit loro-loroné urip saka pangapura lan kayektén Sang Kristus. Nanging manawa, awit katresnané marang Sang Juru selamet, ana wong kang krungu timbalan kanggo urip mbujan, wis bené wong iku ndadar awaké apa dhéwéké gelem masrahaké awaké marang timbalan Sang Roh Suci kanthi mengkono wong iku ora bakal digodha masrahaké awaké marang dosa. Yokanan Pambatis lan Rasul paulus milih mbujang, awit wong loro iku ora urip kanggo awaké dhéwé, nanging masrahaké uripe minangka korban syukur marang Sang Kristus. Aja ana wong siji waé kang milih dalan iki kajaba awit timbalané Gusti Allah. Pranatan alam iku supaya bebrayatan ing sajroné pangapura lan leladi bebarengan kanthi landhesan katresnan, panguwasa lan pangapura saka Sang Kristus.

Sang Kristus ngidinaké apa kang diaturaké déning para murid Panjenengnae, “Luwih becik aja sesomahan; dudu marga kabotan atas larangan pegatan, nanging minangka pranatan yén wong kabutuhan kanggo sesomahan, luwih becik mbujang. Para murid kang mbujang duwé wewengan, manawa para murid gelem, kanggo luwih “nggatekaké marang prekara Gusti, supaya badan lan jiwané suci (I Korinta 7:32-34), awit ora dimomoti banget déning kawiganten marang panguripan iki. Para murid duwé wektu akéh ing sajroné pikiran lan wektu kanggo nggatekaké prekara Gusti Allah. Mundhak-mundhaké sih rahmat luwih becik tinimbang karo mundhak-mundhaké keluwarga, lan patunggalan karo Sang Rama lan karo Sang Putra Panjenengané Gusti Yésus Kristus angluwihi kabéh jinis patunggalan kang liya.

Sang Kristus nampik sesomahan lan nganggep minangka sawijining kang ala, awit “Ora kabéh wong bisa mangreti pangandikan iku”. Pancin mung sethithik kang bisa, lan awit saka iku wewengan kanggo nganakaké sesomahan sawijining prekara kang kudu diajeni, “Awit luwih becik bebojoan tinimbang ngangah-angah marga déning hawa nepsu” (1 Korintus 7:9)

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula memuji Paduka awit Paduka tetap piyambakan ing selami Paduka sugeng, tansah gesang ing salebetipun kendhali sarira, lan maringaken kasugengan Paduka dadi tebusan kanggé kathah tiyang. Paduka apunten kawula atas saben kahanan cemer lan godhaning hawa nepsu. Paduka gulawenthan kawula babagan kasucén lan anggen kawula cemawis kanggé sesomahan kang kinurmatan kanthi makaten kawula saget gesang ing salebetipun kasucén rah Paduka, lados linadosan kanthi kabingahan, lan mboten nate sengit utawi pegatan. Jangkung ing salebetipun asma Paduka sadaya sesomahan ingkang dipun tindakaken ing salebetipun asma Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa ta tegesé urip mbujang kanggo leladi kratoning Suwarga?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 08:42 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)