Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 3 - PELADOSANĚ GUSTI YĚSUS ING NGARĚ YARDĚN ANA ING TINDAKĚ TUMUJU YĚRUSALĚM (Matéus 19:1 - 20:34)
4. Sang Kristus Nresnani Lan Amberkahi Bocah-Bocah Cilik (Matéus 19:13-15)MATÉUS 19:13-15 Para ibu nggawa bocah-bocahé sowan marang Sang Kristus kepéngin nyuwun berkah Panjenengané. Bocah-bocahé prelu sowan marang Sang Kristus lan nampa berkah Panjenengané awit saben bocah kang dilairaké nggawa wineh dosa kang diwarisi saka leluhure. Ora ana bocah kang bener dhéwé, senajana bocah-bocah durung tau tiba ing sajroné pancoban. Sing mesti kita bisa ndeleng ing mripate bocah-bocah anané mung tulus kang asli lan kabungahan kang mancar saka ing atiné nanging nalika bocah-bocah dolanan karo kanca-kancané patrap mundhaké mentingaké awak dewe bakal tukul ing sajroné kanepson, gumunggung lan rasa sengite. Yaiki sebabé Sang Kristus ngandika: “Cikben bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggoné padha sowan ing ngarsaKu,” awit bocah-bocah mbutuhaké keselametan. Kaya ngapa jembaré segara sih rahmat kang ambanyu mili saka pangandikan iki marang bocah-bocah iku. wong-wong pracaya kang wis dewasa mbuka Sekolah Minggu, para ibu ndedonga bebarengan karo bocah-bocahé kang isih cilik lan para guru kang setyo nuntun bocah-bocah marang Sang Juru selamet. Kabéh bocah mbutuhaké pangapura lan kaanyarakan déning Sang Kristus. Tanpa sih nugraha Panjenengané ora ana bocah kang suci. Nanging bocah-bocah duwé kaluwehan mligi, bocah-bocah mau bisa pracaya dhéwé marang Gusti Yésus. Bocah-bocah bisa duwé keyakinan marang tembung-tembung wong-wong kang mitulungi dhéwéké nyawang lan ngrasakaké sihé Sang Kristus. Sang Kristus bakal diluhuraké manawa kabéh manungsa nenandur katresnan Gusti Allah ing sajroné panguripané bocah-bocahé wiwit cilik. Apa kang diwulangaké déning para ibu marang bocah-bocahé saka Kitab Suci lan kang diceritakaké babagan Sang Kristus yaiku raja brana kang gedhé dhéwé, kang luwih aji tinimbang kabéh ijazah utawa gelar apa waé. Sapa waé kang ngluhuraké Sang Kristus kanthi sowan marang Panjenenané kudu terus ngluhuraké Panjenengané kanthi nggawa kabéh kang dadi duwéké, utawa kang bisa diajak sowan marang Panjenengané. Kanthi iku wong-wong mau misusungaké marang Panjenengané kaluhuran saka bandha donya sih rahmat Panjenengan kang ora bisa kajajagan lan kapenuhan Panjenengané kang tansah ambanyu mili, lan ora tau mandheg. Isi kebak omah panjenengan kanthi pangandikané Gusti Allah, lan wulangna Kitab Suci marang bocah-bocah panjenengan, awit Sang Kristus wis mbayar bocah-bocah mau atas suwarga nganggo rah Panjenengané piyambak. Sakwisé Panjenengané ngrukunaké kita karo Gusti Allah, kabéh manungsa duwé hak kang padha ing sajroné Suwarga lan hak kanggo nyebut Kang nitahaké jagat saisiné iku nganggo sesebutan “Rama Kawula”, awit kita kabéh iku putra-putrané Allah. Rahayu panjenengan manawa panjenengan cekelan marang hak luwih-luwih iki awit panjenengan bakal ngrasakaké sang Kristus numpangaké asta Panjenengan atas sirah panjenengan amberkahi. Para murid ngelikaké para ibu kang nggawa bocah-bocah lan njawehi para ibu mau nggawa bocah-bocahé sowan marang Gusti Yésus awit para murid duwé pikiran yén berkah kang mengkono ora dibutuhake. Apik banget kanggo kita, yén Sang Kristus kagungan katresnan lan kagungan alusing bebuden ing sajroné Panjenengané kang luwih becik tinimbang karo kabéh kang dadi duwéké para murid Panjenengané. Ayo kita sinau saka Panjenengané supaya ora nyingkiraké jiwa-jiwa kang duwé karep becik mbudidaya wanuh Sang Kristus, senajan bocah-bocah mau ringkih. Manawa Gusti Yésus ora moklek glagah kang pepes, kita uga ora kena nyoklek bocah iku. Bocah-bocah kang mbudidaya supaya sowan marang Sang Kristus, mesti bakal rumangsa anéh manawa bocah-bocah kudu dilarang lan di elikake. Mliginé manawa iku asale saka wong-wong becik kang duwé pikiran yén bocah-bocah luwih ngerti pikiran Sang Kristus tinimbang karo wong-wong anyar iku. PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka nimbali kawula minangka putra-putra Paduka, lan Putra Paduka maringi kawula lumantar séda Panjenenganeipun hak kanggi ngangkat kawula dados putra. Paduka gulawenthan kawula supados nularaken hak langkung-langkung menika dhumateng sadaya putra-putra ingkang gegayutan kaliyan kawula lumantar tembung lan patrap kawula kanthi makaten kawula mboten dados sandungan kanggé sedhérék-sedhérék menika, nanging nuntun sedhérék-sadeherek menika dhumateng Paeuka. Kawula nyuwun Paduka maringi gagasan dhumateng para ibu lan guru supados mucalaken lare-laré kanthi kawicaksanan lan patrap tulus gegayutan kaliyan asma Paduka ingkang suci minangka jejeripun Sang Rama. PITAKONAN
KUISPara maos kang kinasih,
Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku: Waters of Life Internet: www.waters-of-life.net |