Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 002 (Identification and apostolic benediction)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Pambuka: Salam, Panuwun Marang Gusti Allah, Dalah Katrangan Babagan “Bebenering Gusti Allah” Minangka Semboyan Wonten Ing Seratipun (Rum 1:1-17)

a) Perkenalan dalah berkat rasuli (Rum 1:1-7)


RUM 1:1
1 1 Saka Paulus, abdine Yesus Kristus, kang katimbalan dadi rasul, kapiji nggelarake Injile Allah

Nalika dipun lairaken, Paulus dipun paringi nami Saulus, saking asma raja ingkang kumenthus saking suku Benyamin. Nanging sareng nyekseni kamulyanipun Sang Kristus, tiyang ingkang swaunipun nganiaya greja menika ngrumaosi bilih piyambakipun menika sanes tiyang mulya. Piyambakipun nampi nami ingkang enggal “Paulus” ingkang ateges “piyambakipun ingkang alit” lan piyambakipun miwiti layangipun ingkang kondhang sanget menika mawi pitembungan: “Aku kang cilik iki, abdi kang asor kagungane Yesus Kristus.”

Srana ngakeni dados abdinipun Sang Kristus, Paulus sampun sarujuk bilih piyambakipun badhe kecalan kamardikan lan manut miturut sawetahipun dhateng Gusti. Piyambakipun kanthi lila nyuwungaken dhiri lan ngasoraken dhiri, lan pejah tumrap sikap kumenthusipun lan ngasoraken dhiri, lan kanthi makaten gesang kanthi tujuan Roh Kristus, lan netepi karsanipun Gusti kanthi sukarena. Menika ateges bilih Sang Kristus ingkang gesang pribadi menika ingkang nyerat layang Rum, sasampunipun mangsitaken bab menika dhateng abdinipun ingkang cumadhang mirengaken. Nanging wangsit menika dipun paringaken dhateng Paulus kangge nglawan pepinginanipun Paulus piyambak, nanging dipun tampeni kanthi lila lan sukarena, karana Sang Kristus boten nganggep tiyang-tiyang ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun menika dados budhak,nanging maringaken kamardikan: supados pitados, supados olah katresnan, supados uwal saking Sang Kristus. Ewa samanten, tiyang-tiyang ingkang pitados menika boten badhe purun pinisah Sang Kristus, karana inggih namung Panjenenganipun ingkang dados sumbering katresnan, sami milih tetep nyilem ing Panjenenganipun.

Paulus dipun luhuraken lan pikantuk pangalembana sarta pakurmatan ingkang inggil lumantar asoring budinipun minangka abdinipun Sang Kristus. Gusstinipun nimbali piyambakipun dados rasul kanthi sedya nggelaraken kratonipun Gusti ing tengahing para bangsa, maringaken dhateng Paulus wewenang lan hak, kados dene para raja utawi presiden maringaken wewenang tumrap para dhuta salamining para dhuta menika sesambetan lan sarujuk dhateng panjenenganipun. Lah makaten ugi, Sang Kristus ugi nimbali panjenengan samangke supados ndherek cawe-cawe lelados ing pakaryanipun. Wengakna manah panjenengan dhateng timbalanipun Gusti Yesus lan kapasrahna gesang panjenengan sawetahipun dhumateng Panjenenganipun tanpa semaya, ing salebeting pambangun turut lan asoring budi, temah pangwasanipun Gusti mili saking gesang panjenengan dhateng tiyang-tiyang sanes. Minangka dhutaning Sang Kristus dhateng para bangsa, Paulus saged ngewahi jagad mawi layang-layangipun. Boten wonten sanesipun, kajawi namung Sang Kristus, ingkang langkung agung saking Paulus, “piyambakipun ingkang alit.”

Menapa pawartos sae saking Paulus, abdinipun Sang Kristus menika? Boten sanes inggih Injil ingkang kebak kamulyan. Paulus boten ngandharaken asiling pamanggihipun piyambak, nanging nerangan Injil dhateng donya ingkang peteng menika. Tembung “Injil” sampun dipun mangertosi sanget ing tlatah Rum nalika samanten. Tembung menika dipun agem ing padalemanipun Kaisar Rum kangge pawartos asli, contonipun: nalika piyambakipun nampi satunggaling putra, utawi mimpang saking satunggaling paprangan. Dados, tembung menika nedhahaken pawartos sae tumrap tiyang-tiyang ing kraton. Nanging Paulus mbekta pawaros sae saking Allah menika dhateng manusa, nyekseni rawuhipun Sang Kristus, kamenanganipun tumrap rehing mengsah, lan asiling pakaryan karahayonipun, supados ingkang sami mirengaken saged dipun sucekaken lan lumebet dhateng kayektenipun Allah.

Roh Allah ingkang suci sampun misahaken lan ngluwari Paulus, sang ahli Toret, saking rehing piawon. Menika dipun tindakaken supados Paulus saged ngluwari tiyang-tiyang saking momotanipun Toret lan ingkang sami nggantungaken dhiri dhateng pandamel sae, lan nuntun tiyang-tiyang menika dhateng wancing kanugrahan, bilih tiyang-tiyang menika boten saged ngluwari dhirinipun piyambak, nanging lumebet dhateng swarga lumantar Sang Kristus minangka margi tunggal ingkang tumuju dhateng Sang Rama.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus Kristus, kawula sami ngucapaken panuwun dhumateng Paduka amarga nimbali abdi Paduka, Paulus, lan ngutus rasul menika dhumateng dunya saengge kawula sedaya saged sami mireng sabda Paduka lumantar panjenenganipun. Kawula nyuwun pangapunten amargi sampun sombong lan rumaos kiyat wonten ing gesang kawula, tulungana kawula supados saged andhap asor lan dados abdi Paduka, kangge netepi karsa kabecikan Paduka, sesarengan klayan sedaya tiyang pitados wonten ing jagad punika.

PITAKON:

  1. Apa sebutan kang dienggo Paulus kanggo nyebutake dghirine ana ing ukara wiwitaneng layange?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 08:28 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)