Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 222 (Watch!)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

11. Sing Padha Rumantia! (Matéus 24:42-51)


MATÉUS 24:45-51
45 “Sapa ta abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah derning bandarané nglurahi para kelerehané kapasrahan nyadhongi pangan marang wong-wong mau ing wektu kang katamtokake? 46 Rahayu abdi kang ketemu lagi nindakaké kwajibané mau, nalika bandarané rawuh. 47 Satemené Aku pitutur marang kowé, abdi mau bakal dipasrahi rumeksa barang kagungané kabéh. 48 Nanging manawa abdi iku ala lan duwé gagasan ing sajroning atiné mangkéné: Bandaraku ora rawuh-rawuh, banjur wiwit nggitiki abdi-abdi liyané lan mangan ngombe bebarengan karo wong-wong kang seneng mendem, 50 bandarané mau nuli rawuh ing dina kang ora dinyana-nyana lan ing wayah kang ora disumurupi, 51 abdi mau bakal dipateni sarta dipadhakaké karo para wong lamis. Ing kono kang bakal tinemu tangis lan keroting untu”.
(Matéus 25:21-23, Lukas 12:41-46, 2 Petrus 3:4)

Para putra Allah mbangun turut marang Sang Kristus, lan nyebut awaké minangka abdi Panjenengané awit Panjenengané pancen Gustiné. Sesambungan iki ora dilandhesi atas rasa wedi nanging atas rasa asih lan atur panuwun kanggo penebusan Panjenengané. Wong-wong pracaya ora masrahaké awaké marang Sang Kristus awit kepeksa, nanging awit katresnan. Wong-wong kang masrahaké awaké marang Gusti tanpa syarat bakal nyukupi syarat kanggo leladi krajan Panjenengané lan gereja Panjenengané. Salah siji cara kang banget penting kanggo leladi yaiku kanthi ménéhi panganan kasukman marang anggota kang anyar lan para murid kang isih enom babagan kasukmané ing sasjroné Gusti. Sang Kristus bisa uga mimpin panjenengan supaya ménéhi paseksen kang cetha ing sekolah panjenengan, nguwataken kanca sekolah panjenengan kanthi tembung panjenengan. Apa ing sajroné masyarat panjenengan ana kang ngorong babagan Injil keselametan? Apa kanca-kanca panjenengan ing perusahaan ngrungokaké makna kayu salib? Apa para mitra panjenengan wanuh Sang Juru selamete awit panjenengan nyethakaké katresnan Panjenengané marang para mitra panjenengan? Apa panjenengan setya ing sajroné leladi kang dipercayaké panjenengan? Manawa panjenengan setya ing sajroné prekara cilik, mula Gusti bakal mitayakaké marang panjenengan luwih akéh wong lan luwih akéh anggon panjenengan leladi. Awit saka iki, nyuwuna marang gusti supaya andadekaké panjenengan setya lan wicaksana ing sajroné pelayanan panjenengane; tanpa mangu-mangu utawa rasa wedi; nanging pelayanan kang kebak pandonga, iman lan pengarep-arep.

Para peladen Injil iku kaya wong kang duwé tugas ngawasi sawijining omah, ora panguwasané (Sang Kristus banget kabotan ing bab prekara iki). Paraga wong-wong mau ora dadi bendara, nanging dadi wong kang nuntun- ora kanggo agawé dalam kang anyar, nanging nuduhaké lan nuntun wong marang dalan kang ditetapaké Sang Kristus. Yaiki tegesé “rumeksaa atas nyawamu” (Ibrani 13:17). Para Peladen iku katetepaké déning Sang Kristus. Kabéh panguwasa kang ana ing para peladen ditampa saka Panjenengané lan mung Panjenengan kang bisa njupuk saka para peladen mau.

Pegawéan para peladen Injil iku ménéhi marang kabéh keluwarga Sang Kristus panganan kasukman ing titi wanciné minangka jejeré para abdi. Pagawéan para peladen iku kanggo ménéhi marang keluwarga Bendarané lan ora kanggo awaké dhéwé. Kanggo para peladen iku dipratélakake: “Rahayu wong weweh, katimbang karo nampani” (Para Rasul 20:35). Cilaka wong kang ditimbali Sang Kristus supaya leladi kang urip kanggo awaké dhéwé lan ora gelem ngrungokaké timbalané Sang Kristus. Cilaka wong kang ora nuduhaké katresnan marang Sang Kristus lan ora mreduli marang para wargané. Patrap kang mengkono nuduhaké, ing antarané, yén wong iku wis nglalekaké bakal rawuhé Gustiné kang wis cedhak. Pengarep-arep bakal rawuhé Sang Krisus bakal ngedohaké kita saka rasa aras-arasen lan ngedohaké patrap ora mreduli, lan nuntun kita marang patrap waspada lan andhap asor. Prekara iku nyurung kita kanggo ngrumat panguripan kang korban lan leladi, supaya kita bisa disucékaké lan ngadeg ing ngarsa Panjenengané ing wektu rawuh Panjenengané. Sing sapa duwé rasa kangen bab anggoné rawuh Putra Allah bakal nyawisaké sakabéhé ing sajroné panguripané omahé lan gerejané lan nyawang ing ngarep marang apa kang diprasetyakaké kanthi kebak kabungahan.

Sing sapa lali marang tujuwan kang sejati ing sajroné jagat awit keset, pepinginan pribadi utawa rasa kuwatir, ngundhakaké ati kang wangkot. Aja dadi abdi-abdi kang keset! Wong-wong bakal disirnakaké lan gusti bakal ngadhili wong-wong mau. Wong-wong kang nyepelekaké anggoné leladi marang Gusti ora bakal nempani kabejan apa waé saka pengalaman kasukmané utawa saka akéhé dongané utawa saka akéhé pisusung kang diaturake. Sang Kristus kagungan karsa wong-wong mau tegen ing sajroné leladi kang tulus lan kebak kasetyan. Panjenengané waé Abdi kang sempurna, andhap asor lan kebak sih kadarman uga setya.

Apa panjenengan setya ing sajroné leladi wong-wong kang dipitayaké Gusti kanggo panjenengan leladi? Utawa apa panjenengan mburu kinurmatan lan kamulyan kanggo awak panjenengan dhéwé? Apa panjenengan ngenténi rawuh Gusti? Utawa panjenengan mentingaké awaké dhéwé lan mung nggatekaké marang rasa kuwatirané dhéwé? Ora ana laladan kang netral ing antarané suwarga karo neraka. Panjenengan bakal ana ing sajroné kabungahan langgeng manunggal karo Gusti, utawa panjenengan milih urip ing sajroné rasa wedi lan gemeter neraka, ing ngendi ana kono mung ana tangisan lan keroting untu.

PANDONGA: Gusti Yésus, kula ngakeni bilh kula mboten wicaksana, lan mboten tansah setiya ing salebetipun peladosan ingkang atas peladosan menika Paduka nimbali kawula lan mitayakaké dhumateng kawula. Paduka apunten awit anggen kawula nglirwakaké lan kalepatan kawula ingkang makaping-kaping, lan sucékaken kawula supados nampeni wiwitan ingkang énggal ing salebetipun peladosan Paduka kanthi panguwasa Sang Roh suci. Kersanipun katresnan Paduka ngiyataken kawula ing salebetipun karingkihan kawula kanthi makaten kula saget dados saéstu-estu setya, kados Paduka setya dhumateng kawula ing salebetipun katresnan Paduka ingkang ageng.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé apa ta Sang Kristus paring dhawuh supaya kita waspada lang jaga-jaga ing sajroné leladi Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)