Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 112 (The Heavenly King Reigns Through His Apostles)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 9 - Wunguné Sang Kristus Saka Sédané (Markus 16:1-20)

9. Sang Raja kasuwargan Paring Dhawuh Lumantar para muridé Panjenengané (Markus 16:19-20)


MARKUS 16:19-20
19 Sawisé ngandika mangkono marang para sakabat, Gusti Yésus banjur kasengkakae menyang ing swarga lan lenggah ing satengene Gusti Allah. 20 Dene para sakabat mau iya banjur padha ngabaraké Injil menyang ing ngendi-endi, sarta Gusti paring pambiyantu, sumbering pangandika kinanthenan paseksén pratandha mawarna-warna. AMIN.

Sang Kristus ngalahaké daya tarik bumi, lan mumbul ing angkasa ing ngarepé para murid, dadi pralambang saka Panjenengané mlebu ing sajroné donya kang liya. Panjenengané nresnani Rama kasuwargan ing ati sawutuhé, iya jiwané, iya kekuwatane. Sawisé angganepaké pakaryan kaselametanéng donya, lan ngrampungaké wulangan Panjenengané, Panjenengané kondur marang Sang Rama, pirsa yén Panjenengané mlebu ing papan suci lan ngaturaken korban rah Panjenengané kang aji banget ing ngarsa dhampar sih rahmat kang bakal maringi berkah kang gedhé, bakal diesokaké Panjenengané marang geréjané Panjenengané, yaiku kanthi maringi Sang Roh Suci marang kabéh manungsa. Ing kabéh pengalaman Panjenengané kang getir, Gusti Yésus pirsa yén para muridé Panjenengané ora bakal dipadhangi pikirané tanpa Sang Roh Suci, lan para murid ora bakal nampa panguwasa saska awaké dhéwé kanggo mratekaké katresnan, iman lan pengarep-arep tanpa dijebati Roh Suci.

Awit saka iku, Panjenengané énggal kondur marang Sang Rama lan nunggilaké katresnan antarané Panjenengané karo Sang Rama iki, supaya hakikat saka katresnan Allah piyambak lumebu ati para pandhérék Panjenengané kanthi mangkono bisa tresna tinresnanan dikaya Panjenengané ngasihi para murid.

Sang prabu Dawud wis meca, “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggahan ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekaké ancik-anciking tlapakanira” (Jabur 110:1). Pameca iki diwujudaké ing sajroné mingkrate Gusti Yésus. Rama ngluhuraké Putra Panjenengané kanthi nglenggahaké Panjenengané ing sisih tengen Panjenengané, awit Sang Kristus wis mujudaké apa kang ora bisa ditindakaké déning manungsa utawa malaékat ing ngendi waé.

Kanthi ngorbanaké Rah Panjenengané, Sang Putra ngrukunaké jagat kang ala iki karo Gusti Allah kang suci. Nalika Cempéning Allah tekan ing suwarga, lan tekan ing ngarsané dhampar kagungané Allah Sang Rama, kabéh isi suwarga kalimputan karo suwara pujian saka lambé kabéh titah kasuwargan kang ngluhuraké bebarengan karo kabéh wong suci Panjenengané, “Paduka pantes nampi gulungan kitab menika lan mbikak meterai-meterainipun; awit Paduka sampun dipun sembelih lan kanthi rah Paduka Paduka sampun numbar tiyang-tiyang kunjuk Gusti Allah saking saben suku lan basa lan taler lan bangsa. Lan Paduka sampun adamel tiyang-tiyang menika dados satunggalipun krajan, lan dadi para imam kunjuk Gusti Allah kita, lan tiyang-tiyang menika badhé nyepeng pepréntahan minangka raja ing bumi”.

Dina iki, Sang Kristus Yésus yaiku Raja atas saindhenging jagat. Panjenengané nyepeng pemerintahan lumantar geréjané Panjenengané, ora lumantar gaman kang marakaké mati, nanging kanthi ngedegaké sawijining krajan kasukman. Panjenengané nebus kita kunjuk Gusti Allah. Kita dadi kagungan Panjenengané, lan Panjenengané dadi kang kagungan kita. Krajan Panjenengané dudu krajan kadonyan. Panjenengané ora paring prasetya marang kita bandha donya kang bisa sirna. Krajan Panjenengané yaiku krajan kang langgeng. Apa panjenengan ditimbali déning Sang Kristus kanggo leladi Panjenengané ing antarané para mitra, sedulur, lan tangga teparo panjenengan? Aja kesusu! Aja nyambut gawé banget-banget semangat, aja mung ngendelaké kekuatan panjenengan dhéwé, nanging nyuwuna marang Gusti kanggo nyambut gawé bebarengan panjenengan kanthi mangkono Panjenengané bisa dadi kang makarya lan panjenengan mung dadi sarana kang migunani ing asta Panjenengané. Panjenengan pasrahaké badan panjenengan lan ganjaran kasukman panjenengan sawetahipun kabawah pranatanipun gusti Yésus, lan panjenengan badhé ngalami akéh kaélokan, kang ora bakal tau nggedhékaké badan panjenengan dhéwé, utawa agawé panjenengan dados tiyang ingkang ngédab-édabi, nanging mung bakal ngagungaké Gusti dadi pujian kunjuk Sang penebus waé.

Kabéh peladén Gusti kang setyo ora bakal golék pangaji palsu kanggo ngluhuraké awak dhéwé, nanging masrahaké kabéh kamulyan mung marang Gusti Yésus waé, awit ngreti yén panguwasa kang nyambut gawé ing sajroné karingkihané wiwit saka wiwitan keselametan nganti pungkasan pelayanané ora asale saka awaké dhéwé, nanging saka Gusti Yésus kang dadi sumber kabéh sih rahmat. Ora ana sihir, utawa tenung kang dadi ing antarané wong-wong kang pracaya marang Gusti Yésus, nanging pangandikané Gusti waé kang bakal mratélakaké Panguwasa Panjenengané. Simpenen pangandika Gusti Yésus iku ing sajroné ati Panjenengané, lan apalna kanthi pandonga ing sajroné ati panjenengan kanthi mangkono panjenengan bakal diparingi kasugihan secara kasukman, lan nyugehaké wong akéh.

PANDONGA: Dhuh Gusti, Paduka Raja lan Gustiku. Paduka gesang lan paring dhawuh saka kalanggengan nganti kalanggengan. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka mbeneraké kawula lan andadosaken kawula minangka mitra nyambut damel ing salebetipun peperintahipun Paduka. Paduka nebus kawula kanthi rah Paduka kang aji saking pasar batur tukonipun dosa, lan andadosaken kawula minangka kagungan Paduka, lan minangka utusan katresnan Paduka kanthi makaten kawula saged leladi Paduka, nresnani Paduka, ngampuni saben tiyang, nyekaken kawilujengan saking Paduka, lan nimbali sadaya manungsa kanggé mlebet ing salebetipun Kraton Paduka. Paduka paringi kawula tuntunan sang Roh suci Paduka, mituhu ing salebetipun iman, lan tegén ing salebetipun donga ing mangsa-mangsa ingkang angél. Kintenipun karsa Paduka kelampahan ing donya menika. Kawula ngaturaken panuwun awit kawula gesang ing mangsa sih rahmat, lan kawula ningali yén panénan Paduka, saestu-estu kalubéran, awit menika kintunaké para abdi ingkang setya, andhap asor, tegen lan mituhu ing samukawis kutha lan dusun ing negara kawula ing pundi tiyang-tiyang ingkang wanuh Paduka kanthi makaten para abdi uga saged dadi mitra nyambut damel ing salebetipun kalimputan sih rahmat Paduka. Paduka agem kawula sinaosa kawula mboten pantes, kanggé nyambut damel ing salebetipun lelados Paduka kanthi makaten kula ugi saged gesang ngluhuraken asma Paduka lan martosaken pangandikan Paduka, kanthi tembung, tumindak lan donga kawula. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa kang ditindakaké Sang Kristus ing jaman menika?

KUIS 5

Pamaos kang kinasih,
Menawa panjenengan nyinaoni buklét kang pungkasan saka Injil Kristus miturut Penginjil Markus iki, panjenengan bakal bisa mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Menawa panjenengan bisa mangsuli kanthi bener 18 jawaban sakan 22 pitakonan iki, panjenengan bakal nampa sertifikat tandha pangertén panjenengan ngenani Injil Kristus miturut Markus minangka pangajén saka upaya lan ketekunan panjenengan.

  1. Apa kang ora bisa dilalekaké panjenengan gegayutan lelakon anggoné Gusti Yésus dicekel para satrune?
  2. Apa makna saka jawaban Gusti Yésus ing sakngarepé Makamah Agama Yahudi?
  3. Kepiyé Pétrus sethithik mbaka sethithik tumuju marang karusakan?
  4. Apa pentingé anggoné Gusti Yésus ngaku yén Panjenengané iku Ratu?
  5. Kepiyé para prajurit Rum nganiaya Gusti Yésus? Kepiyé tanggapan Gusti Yésus marang siksan kang ditampa iku?
  6. Apa kang kita sinauni saka kang ditindakaké Gusti Yésus kang manggul salib Panjenengané?
  7. Kepiyé Gusti Yésus disalib?
  8. Apa makna saka sesebutan “Raja wong Yahudi”?
  9. Apa sebabe para pemimpin agama lan wong akéh iku nyuwun supaya gusti Yésus mandhap saka kayu salib?
  10. Apa makna saka tembung kang diucapaké sang Sinalib iku, “Allah Kawula, Allah Kawula, punapaa Kawula Paduka tegakaken?”
  11. Apa makna saka lelakon-lelakon ing sédané Gusti Yésus?
  12. Apa pentinge anané para wong wadon iku ing cedhakan kayu salib?
  13. Apa prekara kang ngédab-édabi kang kelakon ing sajroné lelakon ngubure Gusti Yésus?
  14. Apa makna saka kasunyatan menawa watu gedhé kang nutup kubur gusti Yésus digulingaké saka kubur iku?
  15. Apa kayektén-kayektén maton kang dicethakaké déning malaikat iku marang wong-wong wadon kang ana ing kubur Gusti Yésus?
  16. Apa sebabé Gusti Yésus Kristus ngatonaké sarirané marang Maryam Magdalena luwih dhisik?
  17. Apa sebabé para murid ora ngreti babagan sédané Gusti Yésus, lan ora pracaya marang anggone wungu saka séda?
  18. Apa sebabe Gusti Yésus nyaruwé para mruid ing sajroné patemon kawitan sawisé wungu saka séda?
  19. Apa kayektén ngédab-édabi kang ana ing sajroné dhawuh sang Kristus kanggo martakaké pawarta iku ing saindhenging jagat?
  20. Kepiyé ta iman gegayutan karo keselametan?
  21. Kepiyé pakarya katresnan Sang Kristus katon ing sajroné urip wong-wong kang pracaya ing jaman saiki?
  22. Apa kang ditindakaké Sang Kristus ing jaman menika?

Monggo panjenengan tulisaken asma lan alamat jangkep panjenengan banjur kirimaké menyang alamat iki:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 07:52 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)