Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 111 (The Signs of the Power of God in Those Who Follow Christ)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 9 - Wunguné Sang Kristus Saka Sédané (Markus 16:1-20)

8. Tandha-tandha Panguwasané Allah ing Sajroné Panguripané wong-wong kang ndhérék Sang Kristus (Markus 16:17-18)


MARKUS 16:17-18
17 Wong kang pracaya iku bakal padha kinanthenan pratandha mangkéné: Marga saka sawabe AsmaKu bakal padha bisa nundhungi dhemit, bakal padha calathu nganggo basa-basa anyar. 18 Bakal padha nyekel ula, lan sanadyan ngombe racun kang mateni, ora bakal ndadekaké cilakane.

Dikaya panguwasané tanduran, sawisé mangsa mbediding kepungkur, banjur padha tukul semen, godhong lan kembang kang anyar nganti sebanjure tekan uwoh kang mateng, mengkono uga titah anyar, kadeleng saka pérangan kasukman, bakal ngasilaké semen, godhong, lan kembang. Sang Kristus iku wit anggur, lan wong-wong kang pracaya iku pang-pange. Pang ora tuwuh utawa ngasilaké apa-apa saka awaké dhéwé, nanging kabéh awit panguwasa lan Gusti kang mranata lang dadi sumber samubarang.

Kang kawitan pisan, panjenengan bakal ndeleng kamenangan jagating ilahi atas panguwasané Iblis, awit Gusti Yésus wis ngalahaké Sang Panggodha Nggodha, lan saiki Panjenengané mbukak kabéh wadine. Para roh ala kudu lunga saka papan ing ngendi Injil Kristus kang gesang diwartakaké sawutuhé lan kanthi tulus, lan para roh ala kudu ngeculaké wong-wong kang dikuwasani. Injil miyak apus-apus saka kabéh filsafat. Injil uga mbongkar kamursidan kang palsu saka kekengkeran manembah marang Paugeran Torét, awit Sang Kristus nuduhaké marang kita ora ana wong siji waé kang bisa nglegakaké Kang Maha Suci. Rah Sang Kristus waé kang mbeneraké kita. Si pengawak dursila ora duwé panguwasa atas wong-wong kang wis masrahaké awaké kabawah tetesing getihing cempéning Allah. Sang Kristus bakal ngangkat saben uwong kang ngangkat tangan marang Panjenengané, saka cengkereme neraka. Ing ngendi waé wong-wong pracaya ndedonga bareng, Gusti Yésus rawuh. Panjenenganén nundhung para satru kabecikan, nguwalaké prajurit Panjenengané kang kacancang, lan nguwalaké kabéh kang dadi bandan. Kita ngakoni pakaryan Sang Kristus dina iki kang kabukti, ing sajroné nguwalaké manungsa saka panguwasané dosa, lan saka anggone kacancang panguwasa-panguwasa pepeteng, awit Gusti Yésus isih tetep padha biyén, saiki, lan salawasé.

Manungsa tanpa Gusti Allah omongané kebak piala lan ora duwé kawigaten. Manungsa iku ngipat-ipat, dadi seksi apus-apus, gumunggung, lan ngumpul karo kang duwé suwara aekh mung kanggo nyingidaké rancangan lan kakarepan pribadine.

Nanging, Sang Kristus paring kamardikan marang manungsa lan ngunderaké kawigatene kanggo ngluhuraké Allah, lan dadi paseksén kang becik kanggo panguwasa kasukman Panjenengané. Nalika ana wong teguh suméndhé marang Sang Kristus mula wong iku bakal nampa ilat kang anyar. Wong iku ora manéh seneng nyenyamah utawa ngapusi, nanging rumangsa gila marang lelucon kang saru. Wong iku ora ngetokaké tembung laknat, nanging tembunge kebak katresnan lan kayektén.

Sawetara sedulur, minangka tambahan kang bisa ngetokaké tembung kang bener lan mbangun, nampa uga ganjaran kasukman duwé tembung ing sajroné basa roh, kang duwé tembung nalika iku dudu awaké dhéwé, nanging sang Roh suci kang ngluhuraké Allah. Nanging, wong-wong kang katuntun sang roh iku ora bakal ngetokaké tembung apa waé utawa nuduhahke awaké manawa Gusti ora nggawa uga kang njarwakaké, supaya wong-wong mau diuwalaké saka pancoban supaya ora gumedhe, awit kabéh iku ganjaran Allah kang asale saka kabecikané Allah, lan dienggo kanggo ngluhuraké Allah piyambak. Awit saka iku, ilatku dudu dabekeku dhéwé, nanging wis dadi kagungané Allah. Panjenengané kang mapanaké tembung-tembung saka karsané Panjenengané ing ilatku, kanthi mangkono tembung-tembung kang metu saka lambé ku kudune yaiku tembung-tembung pujian marang Panjenengané.

Gusti ngayomi para seksi Panjenengané kang diparingi tugas mbabaraké paseksén Panjenengané. Gusti Yésus tindak ing tengah-tengah para satru Panjenengané kang wis ngangkat watu arep kanggo mbenturi Panjenengané. Nalika iku, wektu Panjenengané durung tekan. Neraka ora duwé panguwasa atas sarira Panjenengané. Gusti ngayomi wong-wong suci kagungané Panjenengané saka wektu mbaka wektu, ing sajroné sejarah geréja, kanthi panguwasa kang nyata banget, sawetara ing wektu-wektu liyané Panjenengané ngluhuraké sawetara wong liya kanthi andadekaké wong-wong mau mati krana iman. Sawetara wong tanpa ngreti ngidak mangga mawa wisa utawa kalajengking kang mawa bisa kang dipasang para satru ing dalan kang bakal dilewati. Gusti Allah ura njangkung para seksi mau saka kacilakan kendaraan, lan malah saka bedhil kang bisa dadi jalaran pati.

Ana wong-wong kang ngluhuraké Allah nalika para seksi bakal dipaténi, dikaya kang dipratélakaké abdi gusti nalika para tentara bakal mbedhil dhéwéké. “Selamet pepisahan karo pati! Aku tumuju ing papan urip kang langgeng”.

Kita nyemak sih kawelasan Sang Kristus marang wong-wong kang nandhang kasangsaran. Panjenengané paring pitulungan marang wong-wong mau, ora mung omong thok. Pangandikan Panjenengané waé cukup kanggo nundhung kabéh lelara. Pungkasané wong lara kang padha sowan marang Panjenenané saka ngendi-endi papan, lan Panjenengané marasaké wong – wong kang wuta, ndemeki wong kang lara lépra, lan nangekaké wong-wong kang mati. Katresnan Panjenengané ngumandhang kuat salawasé ing sejarah kekristenan. Wong-wong kristen leladi ing atusan omah pemondhokan, rumah sakit, panti asuhan, lan klinik-klinik kanggo nuduhaké katresnané marang Panjenengané kang wis wungu saka séda, lan Gusti, kanthi kabéh wadi Panjenengané, marasaké akéh pasien minangka hasil saka dongané kang setya lan imané kang tulus, awit donga kang tegen lan setya saka wong bener nindakaké akéh prekara gedhé.

Panguwasané Sang Kristus nggawa pawarta becik ing jaman kang anyar. Lumantar iman, pramatobat, ngakoni dosa lan kapercayan marang Sang Kristus mula kaélokan lan tanda-tanda kaélokan dumadi ing jaman iki, kang ora ngluhuraké wong pracaya iku dhéwé, nanging ngluhuraké Sang Kristus waé. Tanda-tanda iku ora kelakon kanggo ngluhuraké geréja, nanging kanggo kamulyan Cempé Allah kang pantes nampa panguwasa lan kasugihan lan kawicaksanan lan kekuatan lan kamulyan lan berkah (Wahyu 5:12).

PANDONGA: Dhuh Gusti, Paduka gesang lan Paduka nresnani sadaya manungsa kados dene ingkang Paduka tedahaké nalika Paduka gesang minangka jejeré manungsa ing donya menika. Paduka kebak sih rahmat dhumateng tiyang-tiyang ingkang kapanjingan setan, ingkang sakit, lan ingkang nandhang sangsara. Paduka nyarasaké tiyang-tiyang menika lumantar imanipun dhumateng Paduka, lan Paduka njangkung tiyang-tiyang ingkang pitados dhumateng Paduka. Kaélokan Paduka tansah énggal ing saben enjang. Paduka yasa kula mindhak-mindhak lan tuwuh ing salebetipun katresnan lan iman kanthi makaten panguwasos Paduka badhé ngluhuraké ing salebetipun karingkihan lan kula saged karibah dadi abdi kanggo saben tiyang kanthi makaten tiyang-tiyang sadaya saged dipun selametaken lan tansah ngluhuraken Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Kepiyé pakarya katresnan Sang Kristus katon ing sajroné urip wong-wong kang pracaya ing jaman saiki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 07:44 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)